Halaman Blog

Selasa, 08 Februari 2011

Babad Tanah Jawa

Babad Tanah Djawi
Gubahanipun
L. VAN RIJCKEVORSEL
Directeur Normaalschool Muntilan
Kabantu
R.D.S. HADIWIDJANA
Guru Kweekschool Muntilan
Pangecapan J.B. Wolters U.M.
Groningen - Den Haag - Weltervreden - 1925

Pérangan Kang Kapisan
Babad Jawa Wiwit Jaman Indhu tumekané
Rusaking Karajan Majapahit
Abad 2 utawa 3 - Abad 16


01 Pérangan Kang Kapisan
Bab 1
Karajan Indhu ing Tanah Jawa Kulon
(wiwit abad 2 utawa 3)

Kang wus kasumurupan, karajané bangsa Indhu ana ing Tanah Jawa, kang dhisik dhéwé, diarani karajan "Tarumanagara" (Tarum = tom. kaliné jeneng Citarum).
Karajan iku mau dhèk abad kaping 4 lan 5 wis ana, déné titi mangsaning adegé ora kawruhan.
Ratu ratuné darah Purnawarman. Mirit saka gambar gambar kembang tunjung kang ana ing watu watu patilasan, darah Purnawarman iku padha nganggo agama Wisnu.

Ing tahun 414 ana Cina aran Fa Hien, mulih saka enggoné sujarah menyang patilasané Resi Budha, ing tanah Indhu Ngarep mampir ing Tanah Jawa nganti 5 sasi.
Ing cathetané ana kang nerangaké mangkéné :
1. Ing kono akèh wong ora duwé agama (wong Sundha), sarta ora
ana kang tunggal agama karo dhèwèkné: Budha.
2. Bangsa Cina ora ana, awit ora kasebut ing cathetané.
3. Barengané nunggang prahu saka Indhu wong 200, ana sing
dedagangan, ana kang mung lelungan, karepé arep padha
menyang Canton.

Yèn mangkono dadi dalané dedagangan saka tanah Indhu Ngarep menyang tanah Cina pancèn ngliwati Tanah Jawa.
Ing Tahun 435 malah wis ana utusané Ratu Jawa Kulon menyang tanah Cina, ngaturaké pisungsung menyang Maharaja ing tanah Cina, minangka tandhaning tetepungan sarta murih gampang lakuning dedagangan.
Karajan Tarumanagara mau ora kasumurupan pirang tahun suwéné lan kepriyé rusaké.
Wong Indhu ana ing kono ora ngowahaké adat lan panguripané wong bumi, awit pancèn ora gelem mulangi apa apa, lan wong bumi uga durung duwé akal niru kapinterané wong Indhu.
Ewa déné meksa ana kaundhakaning kawruhé, yaiku mbatik lan nyoga jarit.

02 Pérangan Kang Kapisan
Bab 2
Karajan Indhu ing Jawa Tengah
(abad kaping 6)
Mirit saka:
1. Cathetané bangsa Cina
2. Unining tulisan tulisan kang ana ing watu watu lan candhi
3. Cathetané sawijining wong Arab, wis bisa kasumurupan
sathithik sathithik mungguh kaananing wong Indhu ana ing
Tanah Jawa Tengah dhèk jaman samono.

Nalika wiwitané abad kang kanem ana wong Indhu anyar teka ing Tanah Jawa Kulon.
Ana ing kono padha kena ing lelara, mulané banjur padha nglèrèg mangétan, menyang Tanah Jawa Tengah.
Wong Jawa wektu samono, isih kari banget kapinterané, yèn ditandhing karo wong Indhu kang lagi neneka mau; mulané banjur dadi sor-sorané.
Wong Indhu banjur ngadegaké karajan ing Jepara.
Omah omah padunungané wong Jawa, ya wis mèmper karo omah omahé wong jaman saiki, apayon atep utawa eduk lan wis nganggo képang.
Enggoné dedagangan lelawanan karo wong Cina; barang dedagangané kayata: emas, salaka, gading lan liya liyané.
Cina cina ngarani nagara iku Kalinga, besuké, ya diarani: Jawa.
Karajan mau saya suwé saya gedhé, malah nganti mbawahaké karajan cilik cilik 28 (wolu likur).
Wong Cina uga nyebutaké asmané sawijining ratu putri: Sima; dikandakaké becik banget enggoné nyekel pangrèhing praja (tahun 674).
Tulisaning watu kang ana ciriné tahun 732, dadi kang tuwa dhéwé, katemu ana sacedhaké Magelang, nyebutaké, manawa ana ratu kang jumeneng, jejuluk Prabu Sannaha, karajané gedhé, kang klebu jajahané yaiku tanah tanah Kedhu, Ngayogyakarta, Surakarta lan bokmenawa Tanah Jawa Wétan uga klebu dadi wewengkoné karajan iku.

Mirit caritané, karajan kang kasebut iku tata tentrem banget kaya kang kasebut ing tulisan kang katemu ana ing patilasan: Nadyan wong wong padha turu ana ing dalan dalan, ora sumelang, yèn ana bégal utawa bebaya liyané.
Mirit kandhané sawijining wong Arab, dhèk tengah tengahané abad kang kaping sanga, ratu ing Tanah Jawa wis mbawahaké tanah Kedah ing Malaka (pamelikan timah).

Karajan ing dhuwur iki sakawit ora kawruhan jenengé, nanging banjur ana karangan kang katulis ing watu kang titi mangsané tahun 919, nyebutaké karajan Jawa ing Mataram.
Jembar jajahané, mungguha saiki tekan Kedhu, Ngayogyakarta, Surakarta; mangloré tekan sagara; mangétané tekan tanah tanah ing Tanah Jawa Wétan sawatara.
Kuthané karan : Mendhangkamulan.

Wong Arab ngandhakaké, ana ratu Jawa mbedhah karajan Khamer (Indhu Buri).
Sing kasebut iki ayaké iya karajan Mataram mau. Kajaba Khamer, karajan Jawa iya wis mbawahaké pulo pulo akèh. Pulo pulo iku mawa gunung geni.
Karajan Jawa mau sugih emas lan bumbu crakèn. Wong Arab iya akèh kang lelawanan dedagangan.

Sabakdané tahun 928 ora ana katrangan apa apa ing bab kaanané karajan Mataram.
Kang kacarita banjur ing Tanah Jawa Wétan. Ayaké baé karajan Mataram mau rusak déning panjebluge gunung Merapi (Merbabu), déné wongé kang akèh padha ngungsi mangétan.
Ing abad 17 karajan Mataram banjur madeg manèh, gedhé lan panguwasané irib iriban karo karajan Mataram kuna.

Agamané wong Indhu sing padha ngejawa rupa rupa. Ana ing tanah wutah getihe dhéwé ing kunané wong Indhu ngèdhep marang Brahma, Wisnu lan Syiwah, iya iku kang kaaranan Trimurti. Kejaba saka iku uga nembah marang déwa akèh liya liyané, kayata: Ganésya, putrané Bethari Durga.
Manut piwulangé agama Indhu pamérangé manungsa dadi patang golongan, yaiku:
- para Brahmana (bangsa pandhita)
- para Satriya (bangsa luhur)
- para Wesya (bangsa kriya)
- para Syudra (bangsa wong cilik)
Piwulangé agama lan padatané wong Indhu kaemot ing layang kang misuwur, jenengé Wedha.
Kira kira 500 tahun sadurungé wiwitané tahun Kristen, ing tanah Indhu ana sawijining darah luhur peparab Syakya Muni, Gautama utawa Budha.
Mungguh piwulangé gèsèh banget karo agamané wong Indhu mau.
Resi Budha ninggal marang kadonyan, asesirik lan mulang muruk marang wong.
Kajaba ora nembah dewa dewa, piwulangé: sarèhné wong iku mungguhing kamanungsané padha baé, dadiné ora kena dipérang patang golongan.
Para Brahmana Indhu mesthi baé ora seneng pikire, mulané kerep ana pasulayan gedhé.
Ana ing tanah Indhu wong Budha mau banjur peperangan karo wong agama Indhu.
Wusana bangsa Budha kalah lan banjur ngili menyang Ceylon sisih kidul, Indu Buri, Thibet, Cina, Jepang.
Mungguh wong agama Indhu iku pangèdêpé ora padha. Ana sing banget olèhe memundhi marang Syiwah yaiku para Syiwaiet (ing Tanah Jawa Tengah); ana sing banget pangèdêpé marang Wisynu, yaiku para Wisynuiet (ing Tanah Jawa Kulon).
Kajaba saka iku uga akèh wong agama Budha, nanging ana ing Tanah Jawa agama agama iku bisa rukun, malah sok dicampur baé.
Petilasané agama Indhu mau saikiné akèh banget, kayata:
- Candhi candhi ing plato Dieng (Syiwah), iku bokmenawa yasané
ratu darah Sanjaya.
- Candhi ing Kalasan ana titi mangsané tahun 778, ayaké iki
candhi tuwa dhéwé (Budha), yasané ratu darah Syailendra.
- Candhi Budha kang misuwur dhéwé, yaiku Barabudhur lan
Mendut.
- Candhi Prambanan (Syiwah). Ing sacedhaké Prambanan ana
candhi campuran Budha lan Syiwah.


03 Pérangan Kang Kapisan
Bab 3
Karajan Ing Tanah Jawa Wétan
(wiwitané abad 10 - tahun 1220)

Ing dhuwur wus kasebutaké yèn Tanah Jawa Wétan, kabawah karajan Indhu ing Mataram; nanging wong Indhu kang manggon ana ing Tanah Jawa Wétan ora pati akèh, yèn katimbang karo kang manggon ing Tanah Jawa Tengah (Kedhu).
Marga saka iku wong Indhu kudu kumpul karo wong bumi, prasasat tunggal dadi sabangsa.
Ing wiwitané abad 10 ana pepatihing karajan Tanah Jawa Tengah aran Empu Sindhok lolos mangétan. Let sawatara tahun empu Sindhok mau jumeneng ratu ing Tanah Jawa Wétan, karajané ing Kauripan (Paresidhènan Surabaya sisih kidul).

Ambawahaké: Surabaya, Pasuruwan, Kedhiri, Bali bok manawa iya kabawah.
Enggoné jumeneng ratu tekan tahun 944 lan iya jejuluk Nata ing Mataram.
Nata ing Mataram mau banget pangèdêpé marang agama Budha.
Empu Sindhok misuwur wasis enggoné ngerèh praja. Ana cathetan kang muni mangkéné: "Awit saka suwéning enggoné jumeneng ratu, marcapada katon tentrem; wulu wetuning bumi nganti turah turah ora karuhan kèhé."

Ing tahun 1010 Erlangga tetep jumeneng ratu, banjur nerusaké enggoné mangun paprangan lan ngelar jajahan.
Ing tahun 1037 enggoné paprangan wis rampung, negara reja, para kawula padha tentrem. Déné karatoné iya ana ing Kauripan.
Sang Prabu Erlangga ora kesupèn marang kabecikaning para pandhita lan para tapa, kang gedhé pitulungané nalika panjenengané lagi kasrakat.

Minangka pamalesing kabecikané para pandhita, Sang Nata yasa pasraman apik banget, dumunung ing sikile gunung Penanggungan.
Pasraman mau kinubeng ing patamanan kang luwih déning asri, lan rerenggané sarwa peni sarta endah. Saka ediné, nganti misuwur ing manca praja, saben dina aselur wong kang padha sujarah mrono.

Pangadilané Sang Nata jejeg. Wong désa kang nrajang angger angger nagara padha kapatrapan paukuman utawa didhendha.
Kècu, maling, sapanunggalané kapatrapan ukum pati.
Sang Prabu enggoné nindakaké paprentahan dibantu ing priyagung 4, padha oleh asil saka pametuning lemah lenggahè.
Saka enggoné manggalih marang tetanèn yaiku pagawéyaning kawula kang akèh, Sang Nata yasa bendungan gedhé ana ing kali Brantas.
Sang Nata uga menggalih banget marang panggaotan lan dedagangan.
Kutha Tuban nalika samono panggonan sudagar, oleh biyantu akèh banget saka Sang Prabu murih majuning dedagangan lan lelayaran.

Sang Nata yèn sinéwaka lenggah dhampar (palenggahan cendhèk pesagi), ngagem agem ageman sarwa sutra, remané diukel lan ngagem cênéla.
Yèn miyos nitih dwipangga utawa rata, diarak prajurit 700.
Punggawa lan kawula kang kapethuk tindaké Sang Nata banjur padha sumungkem ing lemah (ndhodhok ngapurancang?).
Para kawula padha ngoré rambut, enggoné bebedan tekan ing wates dhadha.
Omahè kalebu asri, nganggo payon gendhèng kuning utawa abang.
Wong lara padha ora tetamba mung nyuwun pitulunganing para dewa baé, utawa marang Budha.
Wong wong padha seneng praon lan lelungan turut gunung, akèh kang nunggang tandhu utawa joli.
Dhèk samono wong wong iya wis padha bisa njogèt, gamelané suling, kendhang lan gambang.

Karsané Sang Prabu besuk ing sapengkeré kang gumanti jumeneng Nata putrané loro pisan, mulané kratoné banjur diparo: Jenggala (sabageyaning: Surabaya sarta Pasuruwan) lan Kedhiri.
Déné kang minangka watesé: pager témbok kang sinebut "Pinggir Raksa", wiwit saka puncaking Gunung Kawi, mangisor, nurut kali Leksa banjur urut ing brangloré kali Brantas saka wétan mangulon tekan ing désa kang saiki aran "Juga", nuli munggah mangidul, terusé kira kira nganti tumeka ing pasisir.
Gugur gugurané tembok iku saiki isih ana tilasé, kayata ing sacedhaking kali Leksa, sakulon lan sakiduling kali Brantas, ing watesing afd. Malang lan Blitar.

Mungguhing babad Jawa jumenengé Prabu Erlangga kaanggep minangka pepadhang sajroning pepeteng, awit rada akèh caritané kang kasumurupan.
Kawruh kasusastran wis dhuwur. Layang layangé ing jaman iku tekané ing jaman saiki isih misuwur becik lan dadi teturutaning crita crita wayang.
Layang layang mau basané diarani: Jawa Kuna, kayata:
1. Layang Mahabarata
2. Layang Ramayana lan Arjuna Wiwaha.

Karajan Jenggala ora lestari gedhé, awit pecah pecah dadi karajan cilik cilik, marga saka diwaris marang putraning Nata; yaiku praja Jenggala (Jenggala anyar); Tumapel utawa Singasari lan Urawan.
Karajan cilik cilik kang cedhak wates Kedhiri or suwé banjur ngumpul mèlu Kedhiri, liyané isih terus madeg dhéwé nganti tekan abad 13.
Kerajan Kedhiri (Daha, Panjalu) mungguha saiki mbawahaké paresidhènan Kedhiri, sapérangané Pasuruwan lan Madiyun.
Kuthané ana ing kutha Kedhiri saiki. Karajan mau bisa dadi kuncara.
Ing wektu iku kasusastran Jawa dhuwur banget, nalika jamané Jayabaya (abad 12) ngluwihi kang uwis uwis lan tumekané jaman saiki isih sinebut luhur, durung ana kang madhani.

Ing tahun 1104 ing kedhaton ana pujangga jenengé: Triguna utawa Managocna.
Pujangga iku sing nganggit layang Sumanasantaka lan Kresnayana.
Radèn putra utawa Panji kang kacarita ing dongèng kae, bokmenawa iya ratu ing Daha, kang jejuluk Prabu Kamesywara I. Jumeneng ana wiwitané abad kang kaping 12. Garwané kekasih ratu Kirana (Candra Kirana) putrané ratu Jenggala.
Ing mangsa iki ana pujangga jenengé Empu Dharmaja nganggit layang Smaradhana. Radèn Panji nganti saiki tansah kacarita ana lakoné wayang gedhog lan wayang topeng.

Pujanggané Jayabaya aran Empu Sedah lan Empu Panuluh.
Empu Sedah ing tahun Saka 1079 (= 1157) methik sapéranganing layang Mahabarata, dianggit lan didhapur cara Jawa, dijenengaké layang Bharata Yudha.
Wong Jawa ing wektu iku wis pinter, wong Indhu kesilep, karajan Indhu wis dadi karajan Jawa.


04 Pérangan Kang Kapisan
Bab 4
Ken Angrok Nelukaké Karajan Karajan Cilik
(1220 - 1247)

Ing tahun 1222 ana ratu ing Tumapel utawa Singasari, jenengé Ken Angrok.

Critané Ken Angrok iki saka layang Pararaton. Ketemuné layang iki ana ing Bali dhèk tahun 1891.
Ken Angrok lair ana ing sacedhaké Tumapel (Singasari), asal wong tani lumrah baé.
Ken Angrok kacarita bagus rupané lan bisa nenarik katresnaning wong, nanging banget kareme marang pangaji aji lan wani marang penggawé luput.
Ing sawijining dina ana Brahmana ketemu karo dhéwékné, kandha yèn dhéwékné titising Wisnu.
Anggoné kandha mangkono iku, awit Brahmana mau ngerti yèn Ken Angrok iku wong kang gedhé karepe lan kenceng budiné.
Brahmana banjur golèk dalan bisané Ken Angrok kacedhak karo adipati ing kono, Sang Tunggul Ametung.
Ora antara suwé kelakon Ken Angrok kaabdèkaké. Bareng wis mangkono, Ken Angrok banjur tansah golèk dalan kapriyé enggoné bisa ngendhih Sang Adipati, nggentèni jumeneng.
Ketemuning nalar Ken Angrok banjur ndandakaké keris becik marang Empu Gandring.
Sawisé keris dadi, katon becik temenan, nganti mitrané Ken Angrok aran Keboijo kepéncut kepéngin nganggo, banjur nembung nyilih: oleh.
Saka senengé, keris mau saben dina dianggo sarta dipamèr pamèraké, dikandhakaké duwèké dhéwé.
Bareng wis sawatara dina Ken Angrok banjur nyolong kerisé dhéwé kang lagi disilih ing mitrané mau dianggo nyidra Sang Adipati.
Kelakon séda, keris ditinggal ing sandhingé layon. Urusaning prakara: mitrané Ken Angrok sing kena ing dakwa, diputus ukum pati.
Ken Angrok banjur bisa oleh Sang putri randaning Tunggul Ametung lan gumanti madeg adipati: Sang Putri asmané Ken Dhedhes.

Sasuwéné dicekel Ken Angrok negarané tata, reja, wong cilik banget sungkemé.
Sawisé mbedhah karajan cilik cilik ing Jenggala, Ken Angrok banjur emoh kebawah Kedhiri, malah ing tahun 1222 mbedhah praja Kedhiri nganti kelakon menang, Ratu ing Kedhiri Prabu Kertajaya séda nggantung sabalané kang padha tuhu.
Kedhiri banjur ditanduri adipati kabawah Singasari.
Bareng para ratu darah Empu Sindhok wis kalah kabèh karo Ken Angrok, Ken Angrok banjur jumeneng Ratu gedhé, jejuluk Prabu Rejasa, yaiku kang nurunaké para ratu ing Majapait.

Kacarita Sang Retna Dhedhes nalika sédané adipati Tunggul Ametung wis ambobot. Bareng wis tekan mangsané, Sang Retna mbabar putra kakung, diparingi peparab Radèn Anusapati.
Wiwit timur nganti diwasa Sang Pangéran ora ngerti yèn satemené dudu putrané Prabu Rejasa, nanging rumangsa yèn ora ditresnani ing Sang Prabu, béda banget karo rayi rayiné.
Ing sawijining dina Anusapati kelair marang ibuné mangkéné: "Ibu, punapa, déné Kangjeng rama punika teka boten remen dhateng kula?"
Sang Retna banget trenyuhing galih mireng atur sasambaté kang putra, wasana banjur keprojol pangandikané; kang putra dicritani lelakoné wiwitan tekan wekasan.
Anusapati banget ing pangunguné, sanalika banjur duwé sedya males ukum, nanging isih sinamun ing semu.
Keris yasané Empu Gandring disuwun, pawatané mung kepingin banget anganggo.
Kang ibu lamba ing galih, keris diparingaké.

Anusapati banjur nimbali abdiné kekasih, diparingi keris mau lan diweruhaké ing wewadiné. Benginé Sang Prabu séda kaprajaya ing duratmaka.
Layoné Sang Prabu dicandhi ana ing Kagenengan (cedhak Malang).
Anusapati nggentèni jumeneng Nata.
Anusapati jumeneng ora suwé, awit Radèn Tohjaya ngerti yèn Anusapati kang nyédani ramané, mulané sumedya males ukum lan iya kelakon.
Tohjaya jumeneng Nata, nanging iya ora suwé. Tohjaya utusan mantriné aran Lembu Ampal, didhawuhi nyirnakaké kalilipé loro, yaiku: Ranggawuni, putrané Anusapati, lan nakdulure kang aran Narasingamurti; yèn ora bisa kelakon, Lembu Ampal dhéwé bakal kena ukum pati.

Dumadakan ana sawijining Brahmana kang welas marang radèn loro, banjur wewarah saperluné.
Satriya loro banjur ndhelik ana ing panggonané Panji Patipati.
Lembu Ampal nggolèki radèn loro ora ketemu, banjur ora wani mulih, ngungsi marang Panji Patipati.
Bareng ana ing kono mbalik ngiloni radèn loro, malah ngrembugi para punggawa kang ora cocog karo Tohjaya diajak ngraman, wasana kelakon, Sang Prabu nganti nemahi séda.

Ranggawuni jumeneng Nata ajejuluk Syri Wisynuwardhana nganti nakdhèrèké Narasinga.
Nganti tekan ing séda priyagung loro mau rukun banget, nganti dibasakaké: "Kaya Wisynu lan kang raka Bathara Endra".
Karatoné mundhak gedhé pulih kaya dhèk jamané Prabu Erlangga, malah jajahané wuwuh Madura.
Sang Nata séda ing tahun 1268, layoné diobong kaya adat, awuné sing separo dicandhi ana ing Welèri, ditumpangi reca Syiwah, sing separo dipethak ana candhi Jago (Tumpang) nganggo reca Budha.
Dadi tetéla ing wektu iku agama Syiwah karo Budha campur.


05 Pérangan Kang Kapisan
Bab 5
Jumenengé Kartanagara ing Tumapel
(1268 - 1292)


Ratu Singasari kang Kaping V, jumeneng mekasi. Sasédané Syri Wisynuwardhana pangéran pati jumeneng Nata, ajejuluk Prabu Kartanagara.
Sang Prabu manggalih marang kawruh kagunan, lan kasusastran, lan iya manggalih marang undhaking jajahan, nanging kurang ngatos atos, lan kersa ngunjuk nganti dadi wuru.
Ana nayakaning praja aran Banyak Widhe utama Arya Wiraraja, tepung becik lan Jayakatwang, adipati ing Daha.
Satriya iku ora sungkem marang ratuné, malah wis sekuthon karo Jayakatwang, arep mbaléla.
Dumadakan ana punggawa kang matur prakara iku, nanging Sang Prabu ora menggalih, Wiraraja malah diangkat dadi adipati ana ing Madura.

Pepatihe Sang Nata aran Raganatha rumeksa banget marang ratuné, nganti sok wani ngaturi pènget marang Sang Prabu ing bab kang ora bener, nanging Sang Prabu ora rena ing galih, ora nimbangi rumeksaning patih setya iku, malah banjur milih patih liya kang bisa ngladèni karsané.
Patih wredha diundur, winisuda dadi: nayaka pradata, dadi wis ora campur karo prakara pangrèh praja.
Patih anyar senengé mung ngalem marang ratuné lan ngladosi unjuk unjukan.

Ana utusan saka ratu agung ing nagara Cina (Chubilai) dhawuh supaya Prabu Kartanagara nyalirani dhéwé utawa wakilsuwana marang nagara Cina perlu caos bekti (tahun 1289).
Sang Prabu duka banget. Bathuking Cina utusan digambari pasemon kang ora apik, nelakaké dukané Sang Prabu.
Bareng tekan ing nagara Cina patrape ratu Jawa kang mangkono iku mau njalari dukané ratu binathara ing Cina,
Ing tahun1292 ana prajurit gedhé saka ing Cina arep ngukum ing kuwanéné wong Jawa.
Wiraraja sasuwéné ana ing Madura isih ngrungok ngrungokaké apa kang kalakon ana ing Singasari, lan iya weruh uga yèn ing wektu iku prajurit Singasari dilurugaké menyang Sumatra.
Wiraraja ngajani Jayakatwang akon nangguh mbedhah Singasari, mumpung nagara lagi kesisan bala.
Jayakatwang ngleksanani, lan Singasari kelakon bedhah. Ratu lan patihé katungkep ing mungsuh isih terus unjuk unjukan baé (wuru), mulané ora rekasa pinurih sédané.

Radèn Wijaya, wayahè Narasinga, nuli umangsah ngetog kaprawiran mbelani nagara lan ratuné, nanging wis kaslepek karoban wong Daha, mulané banjur kepeksa ngoncati, mung kari nggawa bala 12, genti genti nggéndhong Sang Putri garwané Radèn Wijaya, putrané Prabu Kartanagara.
Lampahè Radèn Wijaya sasentanané nusup angayam alas.
Kalebu wilangan 12 iku ana satriyané loro, putrané Wiraraja, duwè atur marang Gustiné supaya ngungsi menyang Madura.
Sang Pangéran mauné ora karsa, nanging suwé suwé nuruti. Ana ing Madura ditampani kalawan becik.
Rembugé Wiraraja, Radèn Wijaya diaturi suwita menyang Daha. Wiraraja sing arep nglantaraké.
Yèn wis kelakon suwita Radèn Wijaya diaturi nyetitèkaké para punggawa ing Daha, sapa sing kendel utawa jirih, tuhu utawa lamis.
Yèn wis antara suwé diaturi nyuwun tanah tanah Trik, dibabada banjur dienggonana.
Radèn Wijaya nurut ing pitudhuh, lan iya kelakon suwita ing Daha.
Kacarita pasuwitané kanggep banget, amarga saka pinteré nuju karsa, lan saka pinteré olah gegaman; wong sa Daha ora ana sing bisa ngalahaké.
Kabèh piwulangé Wiraraja ditindakaké, dilalah Sang Prabu teka dhangan baé, malah bareng tanah Trik wis dibabad, Radèn Wijaya nyuwun manggon ing kono iya dililani.
Kacarita nalika babade tanah Trik mau, ana wong kang methik woh maja dipangan, nanging rasané pait. Awit saka iku désa ingkono mau banjur dijenengaké Majapait.
Bareng Radèn Wijaya wis manggon ing Majapait, rumangsa wis wayahè tata tata males ukum, ngrusak kraton Daha, ananging Wiraraja akon sabar dhisik, awit isih ngenteni prajurit saka nagara Cina kang arep ngukum wong Singasari.
Karepe Wiraraja arep ngréwangi Cina baé dhisik, besuké arep mbalik mungsuh Cina. Wiraraja banjur boyong sakulawargané lan saprajurite menyang Majapait ngumpul dadi siji karo Radèn Wijaya.

06 Pérangan Kang Kapisan
Bab 6
Karajan Melayu

Ing Bab 5 ana critané Prabu Kartanagara enggoné anjangka undhaking jajahané.
Ana ing tanah Sumatra kelakon bisa oleh jajahan.
Ing ngisor iki crita sathithik tumraping karajan karajan ing tanah Melayu.
Kacarita ratu ing Funan, kira kira ing sajroning abad 3 ngelar jajahan, ngelun tanah Sumatra, Jawa lan liya liyané, ayaké ratu iku kang yasa reca reca ing tanah Pasémah.
Ing abad kapitu ana golonganing para pangéran saka ing Indhu Buri, padha manggon ing sakiwa tengening Palembang, banjur ngedegaké nagara gedhé, jenengé karajan çrivijaya (= Syriwijaya, sinebut ing bangsa Cina nagara: Sambotsai).
Ratu ratuné padha darah Warman, isih dumunung sanak karo darah Purnawarman ing Tanah Jawa dhèk abad 4 - 5, apadéné darah Mulawarman ing Kutai lan Bornéo dhèk watara tahun 400.
Nagara çrivijaya jajahané kira kira Sumatra sisih kidul lan tengah, Malaka, Kamboja lan malah tekan Tanah Jawa.
Ing tahun 686 ratu agung ing negara çrivijaya nglurugi Tanah Jawa, awit Tanah Jawa ora tuhu pangèdhêpé marang çrivijaya.
Sajroning abad 10 prajurit Jawa genti nglurugi çrivijaya, menang, nanging ora suwé çrivijaya bisa kombul manèh.
Praja iku ajeg enggoné nglakokaké utusan marang Naréndra ing Cina.
Ing sajroning abad 12 lan 13 nagara gedhé çrivijaya pecah dadi karajan cilik cilik.
Darah Warman jumeneng ana ing tanah kang sinebut tanah: "Melayu" yaiku saikiné Jambi.
Rèhning pasisiré tanah Melayu kono akèh rerusuh, wongé akèh kang padha ngungsi marang tanah pagunungan kang loh, ana ing kono padha dedhukuh.
Bareng Tanah Jawa gedhé panguwasané, Prabu Kartanagara (1268 - 1292) kalakon bisa ngrusak kutha Paséi, lan ngejegi Jambi, Palembang, Riouw sarta kutha kutha akèh ing Bornéo apadéné pulo pulo ing Moloko.
Ing saantaraning tahun 1275 lan 1293 wong Jawa nglurugi tanah pagunungan Jambi mau yaiku tanah kang besuké aran Menangkabau. Lurugan iku diarani: Pamalayu.
Ing tahun 1268 Prabu Kartanagara angganjar reca marang ratu ing Dharmmaçraya (Darmasraya) uga dumunung ing tanah Jambi, ing saikiné ora adoh karo Sungai Lansat.
Karajan iku ing besuké kalebu jajahan Majapait, rajané darah Warman jejuluk Tribuwana (Mauliwarman) kagungan garwa bangsa Melayu, kang putriné (putrané putri) ayaké dai garwané Radèn Wijaya biyèn.
Sang Raja Tribhuwana mèlu karo bangsa Jawa nglurugi tanah Padhang Hulu.
Miturut carita Melayu, lurugan mau ora oleh gawé, mung marga saka klebu ing gelar, kalah enggoné adu kebo, mulané kuthané banjur jeneng Menangkabau iku.
Ana raja wewengkoné karajan Dharmmaçraya jejuluk Adityawarman nagarané ing Malayupura, kang ing tahun 1347 wus merdika, ambawa pribadhi, iku nglurugi Menangkabau, nanging ora nganti dadi perang, malah banjur diangkat dadi raja ing kono, awit pancèn dianggep bangsa Melayu.
Jumenengé ana ing Menangkabau wiwit tahun 1347 tekan 1375, kecrita ing kawicaksanané lan pinteré nyekel praja.

Tumeka sapréné Sang Adityawarman sarta nayakané loro kang aran Papatih Sabatang lan Kyai Katumanggungan isih dipundhi pundhi marang bangsa Menangkabau.
Sapungkuré Sang Aditya wis ora ana raja ing Menangkabau kang kecrita.
Negarané pecah pecah, ing saiki isih akèh titiké, mungguh ing kaluhuraning para raja Jawa asal Indhu, ana ing tanah Menangkabau kono, luwih luwih tumraping basa lan sastrané.
Darah raja raja kuna ing Menangkabau mau enteke durung lawas, kang pungkas pungkasan putri, sédané lagi saiki baé.

Ing tahun 1377 kutha Sanbotsai ing tanah Palembang rinusak ing balané Prabu Ayamwuruk.
Kang kuwasa ing tanah Palembang kasebut jeneng Arya Damar nurunaké Radèn Patah (+/- tahun 1500).
Awit saka ambruking karaton Majapait, Palembang iya katut apes, besuké kalah karo Banten.
Kaluhuraning Tanah Jawa ana ing Sumatra sisih kidul kono tumekané dina iki uga iya isih akèh tilas tilasé.


Régol patilasan bètèng Majapait, jenengé Bajang Ratu

07 Pérangan Kang Kapisan
Bab 7
Perang Cina lan Adegé Karajan Majapait (1292)

Ing tengah tengahané tahun 1292 Maharaja Choebilai sida ngangkataké wadya bala menyang ing Tanah Jawa perlu arep ngukum Prabu Kartanagara.
Ana ing pacekan (Surabaya) prau Jawa kalah, nuli bala Cina arep nglurugi9 Daha, kang dikira panggonané Kartanagara (kang nalika iku wis séda).
Kacarita Radèn Wijaya dhèk jaman samono wus wiwit mbalela marang Jayakatwang ratu ing Daha.
Sarèhné duwè pangarep arep bisaa ditulungi ing Cina numpes ratu ing Daha, mulané Radèn Wijaya banjur gawé gelar ethok ethok arep teluk marang sénapati Cina.
Kabeneran ora let suwé Majapait, panggonané Radèn Widjaya ditempuh ing wong Daha, Radèn Wijaya éntuk pitulungané wong Cina bisa menang.
Wasana ing tahun 1293 kutha Daha dikepung ing balané Shih Pih lan Radèn Wijaya, Daha bedhah, ratuné kacekel, pèni pèni raja pèni dijarah rayah, Radèn Wijaya nulungi putri putri, putrané Prabu Kartanagara digawa oncad menyang Majapait.
Ora antara suwé, marga saka akalé Wiraraja, Radèn Wijaya bisa ngusir prajurit Cina.
Wondéné prajurit mau, senadyan kesusu susu meksa isih bisa anggawa barang rayahan, pengaji mas satengah yuta tail lan tawanan wong satus saka Daha.
Radèn Wijaya banjur jumeneng Nata ing Majapait, jejuluk Kertarejasa Jayawardhana utawa Brawijaya I (tahun 1294 - 1309)

Sawisé jumeneng Nata, Sang Prabu anggeganjar marang sakabèhing kawula kang mauné labuh, marang panjenengané. Wiraraja dibagèhi tanah Lumajang sauruté.
Putriné Kartanagara papat pisan dadi garwané Sang Prabu, lan isi ana garwa paminggir siji saka tanah Melayu aran Sri Indresywari.
Saka garwa paminggir iki Sang Prabu kagungan putra R. Kaligemet, kang besuké nggentos kaprabon, ajejuluk Jayanégara, saka Prameswari Sang Prabu peputra putri loro.
Ing tahun 1295 R. Kalagemet lagi yuswa sataun wis diangkat dadi pangéran pati lan dadi ratu ing Kedhiri, ibuné kang ngembani nyekel praja Kedhiri.
Ing nalika panjenengané Prabu Kertarejasa Jayawardhana iku, Tanah Jawa karo Cina becik manèh, perdagangané gedhé, wong Cina teka ing Tanah Jawa nggawa mas, salaka, merjan, sutra biru, sutra kembang kembangan, bala pecah lan dandanan wesi.
Saka ing Tanah Jawa, Cina kulak: beras, kopi kapri, rami, bumbon crakèn luwih luwih mrica, barang barang mas utawa salaka, bangsa dandanan kuningan utawa tembaga, tenunan kapas lan sutra, welirang, gading, cula warak, kayu warna warna, manuk jakatuwa lan barang nam naman.

Ing Tanah Jawa ing wektu iku akèh palabuhan ramé, kayata: Tuban, Sedayu; Canggu.
Nalika jamané ratu iki ing bawah karaton Majapait kena dibasakaké ungsum kraman.
Para satriya kang mèlu lara lapa dhèk jamané Radèn Wijaya saiki ora oleh ati, awit Sang Prabu mung anggega aturing nayakané kang aran Mahapati, wasana para satriya mau banjur genti genti padha ngraman, nanging temahan asor jurite.
Ing tahun 1328 Sang Prabu séda, dicidra ing dukun kang didhawuhi ambedhel salirané.
Sasédané Prabu Jayanégara kang gumanti sadhèrèké putri, kang sesilih Bhreng Kauripan banjur jejuluk Jayawisynuwardhani.
Sang nata dewi krama oleh satriya, kekasih Kartawardhana, misuwur pinter, sregep lan jejeg penggalihé.
Sang Pangéran diangkat dadi panggedhéning jaksa lan oleh lungguh bumi Singasari sawewengkoné.
Gajahmada dadi warangkaning ratu. Karepe Gajahmada arep nungkulaké satanah Jawa kabèh lan pulo pulo sakiwatengené.
Ora let suwé yaiku tahun 1334 Sumbawa lan Bali bedhah banjur kabawah marang Majapait, mangka Bali nalika samana wis mbawahaké Lombok, Madura, Blambangan lan Sélebes sabagéyan.
Sénapatining prajurit kang ngelar jajahan ing sajabaning Jawa aran Nala.
Ing tahun 1334 Sang Raja putri mbabar miyos kakung diparabi Ayam Wuruk, kang banjur dijumenengaké Nata, nanging isih diembani kang ibu nganti tekan tahun 1350.



08 Pérangan Kang Kapisan
Bab 8
Ayam Wuruk, Syri Rajasanagara,
Ratu kang kaping IV ing Majapait (tahun 1350 - 1389)

Awit saking gedhéné lelabuhané Patih Gajahmada, nagara Majapait saya suwé saya misuwur kuwasané.
Prabu Ayam Wuruk tetep jumeneng ratu agung binathara ngerèh sapepadhaning ratu.
Sang Nata krama oleh nakdhèrèke piyambak kang wewangi Retna Susumnadewi.
Para santanané padha ginadhuhan tanah dhéwé dhéwé ing samurwaté. Déné kuwajibané para santana utawa adipati mau ing mangsa kang wus ditamtokaké kudu ngadhep ing panjenengané Nata, mulané kabèh padha duwè dalem becik becik ana ing Majapait, muwuhi asrining nagara.
Ing jaman iku ana pujangga kraton aran "Prapanca" (Budha).
Ing tahun 1365 pujangga iki nganggit layang kang aran Nagarakertagama.
Ana manèh pujangga aran Empu Tantular nganggit layang Arjunawiwaha.
Majapait ing wektu iku emèh mbawahaké satanah Indhiya Wétan kabèh, kayata: Tanah Jawa Wétan lan Tengah, Sumatra, wiwit Lampung tekan Acih (Perlak), Bornéo (Banjarmasin), Sélebes (Banggawai, Salaiya, Bantaiyan), Florès (Larantuka), Sumbawa (Dompo), saparoning Malaka lan sabageyaning Nieuw Guinéa.

Tanah Sundha ora ditelukaké. Kang jumeneng ratu ana ing tanah Sundha mau ajejuluk Prabu Wangi, putrané putri dilamar Prabu Ayam Wuruk iya dicaosaké, ananging Prabu Wangi banjur pasulayan karo Patih Gajahmada, nganti dadi perang.
Prabu Wangi séda ing paprangan lan akèh punggawané kang mati ana paprangan; ewadéné tanah Sundha ora dibawah Majapait, isih madeg dhéwé ing saterusé.

Ing Jaman samono paro ajar utawa pandhita (agama Budha utawa Syiwah) mèlu nindakaké paprentahan nagara, mulané padha diparingi lungguh bumi dhéwé dhéwé kang diarani bumi: Pradikan.
Padésan ing sakubenging candhi utawa padhépokaning para pandhita lumrahè uga dadi bumi pradikan, wongé diwajibaké jaga lan ngopèni candhi padhépokan mau.
Kawula liyané padha kena pajeg prapuluhan (saprapuluhing pametuning buminé), lan kena ing pagawéyan gugur gunung lan sapepadhané.
Pajeg rajakaya, pajeg panggaotan lan tambangan ing wektu samono iya wis ana.
Pametoning praja gedhé banget, perlu kanggo ragad perang lan kanggo kapraboning Sang Nata sarta kanggo yeyasan nagara, kayata: kraton, gedhong gedhong, pasanggrahan pasanggrahan lan liya liyané.

Ing nagara Majapait wis akèh omah kang becik becik, payoné sirap, déné omah kang lumrah padha apager gedhég, ananging ing jero racaké ana pethiné watu kang santosa perlu kanggo nyimpen barangé kang pangaji.
Wong wong dhèk jaman samono padha doyan nginang, senengané padha tuku bala pecah saka juragan Cina, pambayare nganggo dhuwit sing diarani Kèpèng.
Wong lanang padha ngoré rambut, wong wadon gelungan kondhé. Wiwit enom wong wong padha nganggo gegaman keris, lan gegaman iku kerep diempakaké.
Wong yèn mati jisime diobong, yèn sing mati iku bangsa luhur utawa wong sugih bojo bojoné (randha randhané) padha mèlu obong.
Ora adoh saka nagara ana papan kanggo adu adu kéwan utawa uwong utawa kanggo karaméyan liya liyané. Papan iku arané "Bubat"
Sang Nata kerep lelana tinggal nagara, ing Blambangan sauruté iya tau dirawuhi.

Prakara perdagangan iya dadi gedhé banget, awit saka majuning lelayaran kagawa saka kèhing nagara nagara kang kabawah ing Majapait sing kelet letan sagara.
Bab kagunan, kayata: ngukir ukir sapepadhané, kombule ing Tanah Jawa Wétan dhèk pungkasané abad kang katelulas, lan ing wiwitané abad kang pat belas, mung baé panggawéné reca reca kang apik apik iku nganggo tuntunaning wong Indhu utawa nurun kagunan Indhu.
Cekaking carita: Nalika panjenengané Prabu Ayam Wuruk iku, Majapait lagi unggul unggule, samubarang lagi sarwa onjo.
Prabu Ayam Wuruk tilar putra kakung miyos saka selir asma "Bhre Wirabhumi" jumeneng Nata ana ing bagéyan kang wétan.
Déné kang nggentèni keprabon Majapait putra mantuné Sang Nata, ajejuluk Wikramawardhana (tahun 1389 - 1400).
Ing tahun 1400 Sang Prabu sèlèh keprabon, kersané arep mandhita, ananging sapengkeré Sang nata, putra lan sentanané padha rebutan nggentèni keprabon.
Prabu Wikramawardhana banjur kapeksa kundur jumeneng ratu manèh nganti tekan tahun 1428.
Sajroning jumeneng sing kèri iki Sang Prabu nerusaké merangi santanané kang wus kabanjur ngraman nalika Sang Prabu jengkar saka kraton.
Rèhning perang iki nganti suwé dadi nganakaké kapitunan akèh lan karusakan gedhé, awit teluk telukan ing tanah sabrang banjur padha wani mbangkang wus ora gelem kabawah Majapait.
Tataning kawula iya banjur rusak. Prakara patèn pinatèn wis dadi lumrah.
Akèh wong main lan adu jago totohané gedhéni.
Ing tahun 1428 - 1447 kang jumeneng nata ratu putri jejuluk Retna Dewi Suhita, putrané Prabu Wikramawardhana saka garwa paminggir.
Terusé banjur banjur Prabu Kertawijaya (1447 - 1452) lan manèh Prabu Bhra Hiyang Purwawisyesa (1456 - 1466), Pandan Salas (1446 - 1468), banjur Prabu Bhrawijaya V (1468 - 1478).
Mungguh babade ratu ratu kang wekasan iki ora terang, mulané ora disebutaké.
Ana ratu ing nagara Keling (salor wétané Kedhiri, sakidul kuloné Surabaya) jejuluk Prabu Ranawijaya Giridrawardhana ngelar jajahan nelukaké Jenggala, Kedhiri lan uga mbedhah Majapait (tahun 1478).
Bedhahè Majapait iku kuthané ora dirusak, awit ing tahun 1521 lan 1541 nagara Majapait isih kecrita kutha kang gedhé.
Suwé suwé kutha Majapait dadi rusak, awit wong wongé kang ora seneng kaerèh ing kraton liya, padha genti genti ninggal negarané, nglèrèg marang tanah Bali.
Saiki Majapait mung kari patilasan baé, awujud pager bata tilas mubeng lan tilas gapura (Candhi Tikus, Bajang Ratu).
Isih sajroning jaman Majapait, agama Islam wis mlebu saka sathithik, saya suwé saya bisa ngalahaké dayaning agama Indhu ana ing Jawa Wétan.

Mungguh kaananing tanah Sundha ing wektu iku ora pati kasumurupan.
Sawisé krajan Tarumanagara dhèk abad 4 lan 5, mung ana kang kacarita krajan Sundha ing tahun 1030 nagarané kira kira ing Cibadhak.
Enggoné ora ana wong manca kang mlebu mrono, marga saka kèhing bajag kang padha nganggu gawé ing sauruting pasisir.
Ing Priyangan sisih wétan ana krajané aran Galuh, kang ngadegaké ayaké ratu aran Pusaka, ratu liyané jejuluk Wastukencana lan Prabu Wang(g)i.
ing tahun 1433 Sang Ratu Dewa iya Raja Purana, ngadegaké kutha anyar aran Pakuan (Batutulis).
Karajan iki aran Pajajaran. Tulisan kang ana ing watu kono nerangaké manawa Sang Prabu yasa segaran.
Pajajaran semuné krajan rada gedhé lan ngerèhaké Cirebon barang.

Pérangan Kang Kaping Pindho
Babad Tanah Jawa Wiwit Adegé
Karajan Karajan Islam lan Tekané Bangsa Europa tumekané Gempale Karajan Mataram lan Ambruké Vereenig de Oost indische Compagenie (VOC)
tahun 1500 - 1799

09 Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 1
Karajan Demak lan Karajan Pajang
+/- tahun 1500 - 1582

Wiwitané ing Tanah Jawa ana agama Islam ing antarané tahun 1400 - 1425.
Ing tahun 1292 ing tanah Perlak ing pulo Sumatra wis ana wong Islam; ing tahun 1300 ana wong Islam manggon Samudra Paséi. Ing pungkasané abad kang ping 14 ing Malaka iya wis ana wong Islam.
Tekané padha saka Gujarat. Saka Malaka kono agama Islam mencar marang Tanah Jawa, tanah Cina, Indhiya Buri lan Indhiya Ngarep.
Kang mencaraké agama Islam ing Tanah Jawa dhisike yaiku sudagar Jawa saka Tuban lan Gresik, kang padha dedagangan ing Malaka, padha sinau agama Islam, dadiné Islam terkadhang sok kepeksa.
Sudagar sudagar jawa mau padha bali marang Tanah Jawa Wétan, sudagar Indhu lan Pèrsi uga ana sing teka ing kono lan nuli mencaraké agama Islam marang wong wong.
Sing misuwur yaiku: Maulana Malik Ibrahim (wong Persi?), séda ana ing Gresik ing tahun 1419, nganti saiki pasareané isih.

Bareng kuwasané karaton Majapait saya suwé saya suda, para bupati ing pasisir rumangsa gedhé panguwasané, wani nglakoni sakarep karep.
Para bupati mau lumrahè wis padha Islam wiwit tumapaking abad kaping 16 (tahun 1500 - 1525),
Jalaran saka iku kerep baé perang karo para raja agama Indhu kang manggon ing tengahing Tanah Jawa.

Miturut carita: Sang Prabu Kertawijaya ing Majapait iku wis tau krama karo putri saka ing Cempa (tanah Indhiya Buri).
Putri mau kapernah ibu alit karo Radèn Rahmat utawa Sunan Ngampel (sacedhaké Surabaya).
Sunan Ngampel kagungan putra kakung siji, asma Sunan Bonang, lan putra putri siji, asma Nyai Gedhé Malaka.
Nyai Gedhé Malaka iku marasepuhé Radèn Patah utawa Panémbahan Jimbun, yaiku kang sinebut: Sultan Demak kang kapisan.
Sunan Ngampel lan Sunan Bonang iku dadi panunggalané para wali.
Para wali mau kang misuwur: Sunan Giri (sakidul Gresik), ana ing kono yasa kedhaton lan mesjid; Ki Pandan Arang (ing Semarang) lan Sunan Kali Jaga (ing Demak).
Ing tahun 1458 ing Demak wis ana mesjid becik.

Padha padha bupati ing pasisir pati Unus iku kang kuwasa dhéwé.
Pati Unus uga kasebut Pangéran Sabrang Lor.
Iku putrané Radèn Patah utawa Panémbahan Jimbun.
Ing tahun 1511 Pati Unus mbedhah Jepara,
Ing tahun 1513 nglurugi Malaka.
Enggoné tata tata arep nglurug mau nganti pitung tahun lawasé.
Lan bisa nglumpukaké prau kèhé nganti sangang puluh lan prajurit 12.000, apadéné mriyem pirang pirang.
Nanging panémpuhé bangsa Portegis ing Malaka nggegirisi, nganti Pati Unus kapeksa bali lan ora oleh gawé.
Pati Unus ing tahun 1518 uga ngalahaké Majapait nanging Majapait dhèk samana pancèn wis ora gedhé. Kuthané ora dirusak, mung pusaka kraton banjur digawa menyang Demak sarta Pati Unus ngaku nggentèni ratu Majapait.
Ing tahun 1521 Pati Unus séda isih enèm lan ora tinggal putra.
Kang gumanti rayi let siji yaiku Radèn Trenggana, jalaran rayiné tumuli: Pangéran Sekar Séda Lèpèn, wis disédani putrané radèn Trenggana, kang aran Pangéran Mukmin.
Sajroning jumenengé Sultan Trenggana (tahun 1521 - 1550) karaton Demak kuwasa banget, nguwasani Tanah Jawa Kulon, ngerèh kutha kutha ing pasisir lor lan uga mbawahaké jajahan Majapait, sarta karaton Supit Urang (Tumapel) uga banjur kapréntah ing Demak. Déné Blambangan iku bawah Bali.
Pelabuhan bawah Demak akèh sing ramé, kayata: Jepara, Tuban, Gresik lan Jaratan.
Gresik lan Jaratan iku sing ramé dhéwé, wong kang manggon ing kono luwih 23.000.
Ing tahun 1546 Sunan Gunung Jati kalawan Sultan Trenggana arep mbedhah Pasuruwan.
Kutha Pasuruwan banjur kinepung ing wadya bala, nanging durung nganti bedhah, pangepungé diwurungaké, jalaran Sultan Trenggana séda cinidra déning sawijining punakawan santana, kang mentas didukani.
Putrané Sultan Trenggana akèh. Putra putriné padha krama oleh priyayi gedhé gedhé.
Ana sing krama oleh bupati ing Pajang, kang asma: Adiwijaya, yaiku Mas Krèbèt, Ki Jaka Tingkir utawa Panji Mas.
Putrané Sultan Trenggana loro: Pangéran Mukmin utawa Sunan Prawata, lan Pangéran Timur, kang ing besuké dadi adipati ing Madura.
Sunan Prawata iku kang nyedani Pangéran Sekar Séda Lèpèn.
Ing semu putrané Pangéran Sekar Séda Lèpèn kang asma Arya Panangsang arep malesaké sédané kang rama.
Sakawit Arya Panangsang nyedani Pangéran Mukmin sagarwané, nuli putra mantuné Sultan Trenggana, ora oleh gawé, malah Arya Panangsang bareng dipapagaké perang, kalah nemahi pati.
Adiwijaya banjur nguwasani Tanah Jawa: amboyong pusaka kraton menyang Pajang lan nuli dijumenengaké Sultan déning Sunan Giri.
Nalika Adiwijaya jumeneng ratu ana ing Pajang, blambangan lan Panarukan kabawah ratu agama Syiwah ing Blambangan, kang uga mbawahaké Bali lan Sumbawa (tahun 1575).
Jajahan jajahan ing Pajang kapréntah ing pangéran (adipati) yaiku: Surabaya, Tuban, Pati, Demak, Pemalang (Tegal), Purbaya (Madiyun), Blitar (Kedhiri), Selarong (Banyumas), Krapyak (Kedhu sisih kidul kulon, sakuloné bengawan Sala.
Ana ing tanah Pasundhan karaton Pajang mèh ora duwè panguwasa, jalaran ing tahun +/- 1568 tanah Banten dimerdikakaké déning Hasanuddin, dadi tanah kasultanan.

10 Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 2
Karajan Mataram Nalika Jumenengé Sénapati
(tahun 1582 - 1601)

Ana wong linuwih sinebut Kyai Gedhé Pamanahan, asalé mung wong lumrah baé.
Jalaran saka akèh lelabuhané marang Sultan Pajang, banjur didadèkaké patinggi ing Mataram.
Nalika iku tanah Mataram durung reja lan Pasar Gedhé, padunungané Kyai Pamanahan mau isih awujud désa.

Putrané Kyai Gedhé Pamanahan kang asma Sutawijaya utawa Radèn Bagus, utawa Pangéran Ngabèhi Loring Pasar iku dipundhut putra angkat déning Sultan Pajang lan nganti diwasa tansah ana ing kraton , dadi mitrané Pangéran Pati yaiku Pangéran Banawa.
Ing tahun 1575 Sutawijaya gumanti kang rama ana ing Mataram, oleh jejuluk Sénapati Ing Ngalaga Sahidin Panatagama.
Panémbahan Sénapati (Sutawijaya) mau banget ing pangarahé supaya bisa jumeneng ratu.
Ing sasi Mulud ora ngadhep marang Pajang, lan Pasar Gedhé didadèkaké bètèng, ndadèkaké kuwatiré Sultan Adiwijaya.
Kelakon ora suwé banjur peperangan, Adiwijaya kalah lan ing tahun 1582 séda jalaran karacun.
Pangéran Banawa ora wani nglawan Sénapati.
Sénapati banjur ngaku jumeneng Sultan, sarta pusakaning kraton kaelih marang Mataram.
Sénapati ngerèhaké Mataram ing tahun 1586 - 1601.
Jajahan jajahan karaton Pajang kang wis kasebut ndhuwur kaerèhaké ing Mataram kanthi ngrekasa banget.
Sénapati kepeksa kudu kerep perang, kayata: perang karo Panaraga, Madiyun, Pasuruwan lan luwih luwih karo Blambangan.
Ewadéné Blambangan iku ora bisa kalah babar pisan. Karo Sénapati memitran.
Banten arep ditelukaké, nanging ora bisa kalakon.
Galuh pineksa karèh Mataram.
Ing nalika iku akèh kutha kutha pelabuhan kang ramé, padha ditekani wong Portegis, ora lawas wong Walanda iya padha nekani ing kono.
Dedagangané mrica, pala, cengkèh, kapas lan barang barang liyané akèh, nanging bab kawruh lan kagunan ora pati diperduli.
Ing tahun 1601 Sénapati séda, kang gumanti putra Mas Jolang. Pasaréyan Sénapati nunggal kang rama ana ing Pasar Gedhé sarta padha pinundi pundhi.

11 Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 3
Karajan Banten lan Cirebon wiwit jumenengé
Sunan Gunung Jati (+/- tahun 1527) tumeka
Sédané maulana Mohamad (tahun 1596)


Ing wiwitané abad kang ping 16 ing Tanah Jawa Kulon ana nagara aran Pajajaran, Kutha aran Pakuan. Kutha pelabuhan iya duwè, yaiku Banten lan Sundha Kalapa, nanging dedagangané durung ramé.
Awit saka Malaka ing tahun 1511 kacekel ing bangsa Portegis, para sudagar Islam padha dedagangan ana ing pasisiré lor Tanah Jawa Kulon.
Ing Banten nuli ana pedagangan gedhé, dagangané mrica.
Ing nalika iku ana wong Paséi (Sumatra), agamané Islam, teka ing Tanah Jawa Kulon merangi ratu ing Pejajaran nganggo prajurit saka ing Demak.
Wong Paséi mau ing tembéné aran Sunan Gunung Jati, mauné bok menawa aran Falètèhan.
Iku ipéné Radèn Trenggana. Marga saka pitulungané Radèn Trenggana ing tahun 1527 bisa mbedhah Sundha Kalapa (Jayakarta utawa Jakarta) lan Cirebon.
Ing tahun 1552 Sunan Gunung Jati ing Banten digentèni kang putra Hasanuddin.
Déné putra liyané kang asma Pangéran Pasaréan, iku kang nurunaké para Sultan ing Cirebon.
Falètèhan séda ing tahun 1570 ana ing Cirebon lan disarèkaké ana ing punthuk Gunung Jati.
Kutha Pakuan bedhahè sawisé tahun 1570. Para wong ing Tanah Jawa Kulon banjur dipeksa manjing agama Islam.
Nalika Falètèhan séda kang jumeneng Sultan ing Cirebon Panémbahan Batu, yaiku buyute Falètèhan mau.
Hasanuddin iku krama oleh putriné Pangéran Trenggana.
Bareng Pangéran Trenggana séda, karaton Banten banjur madeg dhéwé (tahun 1568).
Hasanuddin uga nelukaké Lampung, sarta raja Indrapura ngaturaké putrané putri minangka garwa.

Kutha Banten dadi ramé lan pelabuhané gedhé. Ananging kutha urut pasisir ana 750 M, déné ujuré marang dharatan +/- 1600 M.
Prau prau bisa lumebu ing kutha metu ing kali kang nrajang kutha mau; saiki kaliné wis waled, jalaran wedhi.
Kutha mau kang sasisih dipageri lan ana gerdhu gerdhuné panggonan prajurit jaga tuwin panggonan mriyem.

Hasanuddin séda ing tahun 1570, banjur kasarèkaké ing Sabakingking.
Kang gumanti kaprabon Pangéran Yusup.

Nalika iku wong Banten yèn nandur pari lumrahè ana ing pategalan (ladhang).
Sawisé dienèni pariné banjur ora ditanduri manèh, wong wongé banjur golèk panggonan liya digawé ladhang, yèn wus panèn iya diberakaké manèh, enggoné nanduri iya kaya kang wis mau.
Sing kaya mangkono iku tumraping lemahé mesthi baé ora becik.
Bareng Pangéran Yusup jumeneng Sultan, wong wong padha didhawuhi sesawah.
Jalaran saka iku wong tani iya kapeksa milih panggonan sing tetep, ora pijer ngolah ngalih, iku njalari anané désa désa.
Pangéran Yusup uga dhawuh yasa bendungan lan susukan susukan perlu kanggo ngelebi sawah.

Sing mbedhah kutha Pakuan iku iya Pangéran Yusup.
Ratu ing Pakuan séda, para luhur ing kono kapeksa mlebu Islam.
Sawènèh ana sing ngungsi marang pagunungan ing Banten Kidul; wong Beduwi iku turuné wong wong sing padha ngungsi mau.
Pangéran Yusup lumrahè karan Pangéran Pasaréyan (tunggal jeneng karo kang paman ing Cirebon).
Ing sasédané Pangéran Yusup, Pangéran Jepara utawa Pangéran Arya anjaluk jumeneng Sultan, nanging ora bisa kelakon, jalaran saka setyané Mangkubumi (Patih) ing Banten marang Pangéran Yusup.
Kang gumanti Pangéran Yusup, putra kang sisilih Maulana Mohamad.
Nalika iku yuswané lagi 9 tahun, mulané nganggo diembani ing Mangkubumi.

Sing maréntah kutha Jakarta sebutan Pangéran, dhisike Ratu Bagus Angké lan tumurun marang putra. Kutha mau kinubeng ing pager, ing jeroné pager ana mesjidé omah gedhé sing didalemi sang Pangéran, alun alun lan pasar.
Iku mau kabèh dumunung ing pusering kutha. Dagangané ora pati ramé kaya ing Banten. Tanah tanah sakubengé kutha isih kebak buron alas.

Cirebon iku uga ngréka daya bisané mardika saka Banten.
Sultan Cirebon mbawahaké sapérangané tanah Priyangan.
Watesé kang wétan Banyumas, kang kulon Cimanuk (Citarum),.
Bareng sepuhé, Pangéran Mohamad ditresnani ing kawula, jalaran saka mursid lan wasis.
Sang papatih Jayanagara banget setya marang ratuné.
Nalika iku Sultan Mohamad diaturi nglurugi Palembang déning Pangéran Mas, wayahè Sunan Prawata,
Sandyan patihé malangi, nanging Sultan Mohamad ngrujuki; kalakon ing tahun 1596 Palembang dilurugi.
Wadyabala ing Banten wis ngira bakal menang, dumadakan nalika Sultan Mohamad pinuju dhahar, kataman ing mimis, ndadèkaké sédané.
Sédané mau digawé wadi, mung wadyabala diundangi bali marang Banten.
Bareng layon arep disarèkaké, ing kono wong wong lagi ngerti yèn Sultan séda, lan ing wektu iku uga Pangéran Abulmafachir dijumenengaké Sultan, nanging yuswané lagi sawatara sasi, mulané pamaréntahing nagara kacekel ing Mangkubumi, manèh dibantoni ing Nyai Emban Rangkung, kang jalaran saka wicaksanané karan: Ratu Putri Ing Banten.
Ing pungkasané abad kang ping 16 Banten iku dadi kutha pedagangan kang ramé dhéwé ing saTanah Jawa.

Wong manca kang ana ing kono: wong Persi, wong Indhu saka Gujarat, wong Turki, Arab, Portegis, Melayu lan wong Keling.
Wong wong ngamanca mau lumrahè ngingu batur tukon lan juru basa.
Luwih luwih wong Cina, ing Banten akèh banget.
Bangsa Cina manggoné ana sajabaning temboking kutha, lan omahè apik apik.
Panggaotané wong manca padha kulak mrica.
Sing nganakaké dhuwit timbel (kètèng, gobang) ing Banten iya wong wong ngamanca mau. Dhuwit timbel 1.00 pengajiné +/- 20 sèn.
Pangan ing Banten murah banget, dhuwit 20 sèn baé tumraping wong ngamanca, wis turah turah. Hawané ing kutha ora becik, jalaran kali Banten ing biyèné becik, banjur dadi cethèk lan reged.
Dalan dalan padha kurugan ing wedhi, omah omahè isih gedhég, mung senthongé pasimpenan wis tembok.
Para priyayi padha duwè pakarangan isi wit krambil, sangarepé omah ana pendhapané lan ing pojoking latar sok ana langgaré.
Kejaba mesjid gedhé lan pamulangan, ing Banten mung ana omah gedhong siji, yaiku omahè Syahbandar.
Kajaba para luhur, wong kang ngibadah ing Banten ora akèh.
Para luhur padha ngagem sarung sutra, (terkadhang sinulam ing benang emas) serban lan keris, kenakané diingu dawa, wajané dipasahi lan tinrètès ing mas utawa disisigi.
Ngagemé sepatu utawa selop mung yèn ana ing dalemé baé.
Pandèrèké ana sing ngampil wadhah kinang, kendhi, payung, lampit lan tumbak.
Para luhur mau (para punggawa) padha milu ngerèh praja.
Ing mangsa perang para prajurit olèh keré, sandhangan lan pangan.
Para punggawa mau padha ngingu batur tukon akèh.
Ing Banten sing nyambut gawé temenan mung para batur tukon, wong cilik liyané mèh ora nyambut gawé, mulané padha ora kacukupan.
Yèn ana wong ora bisa mbayar utangé, iku banjur dadi batur tukon saanak bojoné.
Wong kemalingan ing Banten akèh; maling kang kacekel, kena nuli dipatèni.
Wong kang dosa pati, kena nebus dosané sarana mbayar dhendha marang Sultané.
Yèn ana wong lanang mati, Sultan wenang mundhut anak bojoné wong mau.
Jalaran saka iku akèh wong isih kenomen padha omah omah.
Kuwasané Sultan Banten gedhé banget, nanging prakara nagara lumrahè dirembug karo para luhur; pangrembugé wayah bengi ana ing alun alun.
Para luhur mau kang kuwasa banget Mangkubumi (patih), laksamana (panggedhéné prau lautan) lan sénapati.

Ing jaman samana kaanané kutha kutha ing Tanah Jawa kurang luwih iya mèmper karo kutha Banten iku.


prau_vasco_de_gama
Prauné Vasco de Gama

12 Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 4
Wong Portegis lan Sepanyol
(tahun 1513)
Wiwit jaman Rum mula wong Asia iku wis wiwit lawanan dedagangan lan wong Europa. Dagangan saka Asia Wétan, kayata: Tanah Indhu, Cina, apadéné kapulowan Moloko digawa ing kafilah, metu ing Afganistan, Persi, Syrie (Sam), banjur menyang Egypte (Mesir), jujugé ing Alexandrie.
Dagangan mau saka kono banjur dikirimaké menyang kutha kutha pelabuhan ing sapinggire Sagara Tengah, kayata: Rum, Vénétie lan Genua; banjur disebaraké ing nagara liya ing Europa.
Lakuné kafilah saka Hindustan ngrekasa banget, jalaran ana ing dalan kesuwèn, mangka kerep diadhang ing bégal.
Marga saka iku pametuné tanah Asia ana ing Europa dadi larang banget, samono uga bumbon saka kapulowan Moloko.

Bareng wong Turki mèlu mèlu gawé kasusahaning kafilah mau, bangsa bangsa Europa liyané banjur arep mbudi akal bisané oleh dagangan saka tanah Asia dhéwé ora nganggo metu dharatan, dadi arep ngambah sagara baé.
Nalika abad kang kaping 15 ing tanah Europa wus ana bangsa kang kendel banget lelayaran, yaiku bangsa Portegis.

Bangsa iku enggoné lelayaran saya suwé saya mangidul, nganti nemu pulo lan tanah pirang pirang enggon, wasana pasisiré tanah Afrika kang sisih lor kulon wus kawruhan kabèh.
Ing tahun 1486 ana nakoda bangsa Portegis aran Bartholomeus Dias, bisa tekan ing pongole buwana Afrika kang sisih kidul dhéwé.

Ing Tahun 1498 kelakon ana nakoda Portegis aran Vasco de Gama tekan ing Kalikut kutha ing tanah Indhu.

Wong Portegis nuli miwiti lelawanan dedagangan lan wong Indhu, lan nenelukaké kutha pelabuhan kang ramé ramé ing tanah Indhu kono.
d'Albuquerque kang wus katetepaké jumeneng Prabu anom ing Asia nuli ngumpulaké prau perang kanggo merangi kutha kutha pelabuhan; Goa, Ormus lan Malaka genti genti dikalahaké.
Iya jamané d'Alburquerque (tahun 1509 - 1515), iku mumbul mumbule wong Portegis nguwasani tanah tanah pasisir ing Samodra Indhiya tekan Macao.

Bareng wong Portegis wis bisa manggon lan duwè panguwasa ana ing Malaka, ing tahun 1513 nuli nakoda aran d'abreu, layar menyang Moloko.
Lakuné nganggo mampir mampir, kayata: menyang Gresik.
Ing wektu samono Gresik wis dadi kutha padagangan gedhé, wong wongé wis Islam.
Wong Portegis mau ana ing Tanah Jawa Tengah lan Wétan sasat tansah dimungsuh baé, mung ana ing Panarukan bisa mimitran lan wong bumi, jalaran wong ing kono isih mardika, durung Islam lan durung kaerèh marang Demak.
Rèhné wong Portegis ana ing Tanah Jawa Tengah lan Wétan tansah ngrekasa banget, mulané banjur ana kang nyoba arep lelawanan dedagangan lan Banten.
Ing sakawit ana ing Banten ditampani becik, nanging nuli wong Portegis lan wong Banten kerep cecongkrahan, jalaran padha déné ora percayané.
Wasana enggoné dedagangan wong Portegis kang dipeng ana ing Moloko lan pulo Timur.
Nalika wong Portegis teka ana ing tanah Indhiya kang anggedhéni laku dagang ing kepulowan Moloko bangsa Jawa, nanging bareng Malaka bedhah, wong Jawa kadhesuk soko kono lan saka kapulowan Moloko, banjur karingkes pasabané, kang anggedhéni genti wong Portegis, malah ing tahun 1522 ing Ternate wis didegi bètèng, sarta wong Portegis wis prajangjian lelawanan dedagangan ijèn ijènan (monopolie) lan Sultan ing kono.
Ing tembéné kang dadi dhok dhokané wong Portegis ing Ambon lan Bandha.
Ana ing pulo pulo Moloko lan ing pulo pulo Sundha Cilik sisih wétan wong Portegis padha mencaraké agama Kristen.

Bareng wong Portegis nemu dalané menyang tanah Indhiya, wong Sepanyol iya banjur arep nyoba uga menyang tanah Indhiya dhéwé.
Wong Genua aran Christophorus Columbus layar saka Sepanyol mangulon atas asmané Sang nata ing Sepanyol.
Saka panémuné Chr. Columbus wus tetéla yèn jagad iku bunder kepleng, dadi yèn saka Sepanyol terus layar mangulon mesthi banjur tekan ing jagad sisih wétan yaiku enggoné tanah Indhiya.
Yèn saka Indhiya diterusaké mangulon baé, mesthi banjur bali tekan ing Sepanyol manèh.
Ing tahun 1492 kelakon Chr. Columbus nemu kepulowan kang diarani kapulowan Indhiya, jalaran pametuné akèh emperé lan tanah Indhiya, nanging ora antara suwé tetéla yèn kepulowan mau dudu Indhiya, mulané mung banjur diarani kepulowan Indhiya Kulon.
Mungguh satemené kepulowan Indhiya Kulon iku wewengkoné buwana Amerika.
Saking kepenginé marang kauntungan lan misuwuring jeneng, banjur akèh baé wong Sepanyol kang napak dalané Chr. Columbus padha layar mangulon ketug ing Amerika.
Sawisé buwana Amerika kawruhan, nuli ana wong Portegis kang aran Magelhaen kang nedya menyang Indhiya metu Amerika atas asmané ratu Sepanyol.
Mangkaté Magelhaen sakancané wong Sepanyol ing tahun 1519 lakuné nurut pasisiré Amerika sisih kidul, njedul supitan ing saantarané pongol Amerika kang kidul dhéwé lan pulo Vuurland, saka kono terus ngalor ngulon nrajang Samodra gedhé, anjog ing kapulowan Filipina.

Wong Sepanyol nuli layar menyang Moloko, anjog ing Tidore.
Sultan Tidore bungah banget, awit bakal olèh lengganan bangsa Europa, mangka nalika d'Abreu teka ing Ambon diajak lengganan ora gelem, gelemé mung karo Sultan Ternate.

Sarèhné wong Sepanyol, kancané Magelhaen, kalah santosa karo wong Portegis, mulané bareng dimungsuh, banjur kapeksa mlayu menyang Jilolo, saka kono terus layar mangulon, nutugaké enggoné ngubengi bumi, tekané ing Sepanyol manèh tahun 1522.
Iya wong Sepanyol kang dipanggedhéni Magelhaen iku kang ngubengi bumi sapisan.

Wong Portegis bareng sumurup ana wong Sepanyol teka, banget panasé, ngudi, lungané wong Sepanyol saka tanah Indhiya, dadi bangsa loro mau padha memungsuhan.
Nanging ing tahun 1529 padha bedhami, jalaran watesing jajahan dipastèkaké déning Kangjeng Paus.

Wiwit tahun 1542 bangsa Sepanyol neluk nelukaké pulo pulo Filipina.
Jeneng Filipina iku kapirit asmané ratu ing Sepanyol (Filips II).
Lan ana ing pulo pulo mau banjur padha mencaraké agama Kristen.

13 Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 5
Tekané Wong Walanda
( tahun 1596)
Ing abad kang kaping 15 ing nagara Walanda bab misaya iwak maju banget ( iwak haring). Iwaké didol sumrambah ing tanah Europa.
Jalaran saka iku lelayarané prau prau momot barang dadi ramé.
Prau prau momotan mau kejaba momot iwak, uga nggawa barang barang liyané, kayata: mertega, kèju lan laken saka Nederland didol menyang Europa sisih lor lan kidul.
Soko Portegal wong Walanda kulak anggur lan uyah; saka tanah tanah sapinggire Sagara Wétan gandum lan kayu, lan saka Inggris wulu wedhus.
Awit saka iku kabèh lelayarané prau prau momotan ing satanah Europa kacekel ing tangané bangsa Walanda.
Ing wiwitané abad kang ping 16 Kutha Lissabon dadi pusering padagangan kang saka ing tanah Indhiya.
Kang mencaraké dagangan mau menyang tanah tanah liyané sapérangan gedhé iya bangsa Walanda.
Iku kabèh njalari wong Walanda banjur dadi sugih, wong kang mauné mung ngepalani prau prau momotan, banjur dadi nakoda utawa sudagar.

Ing pungkasané abad 16 wong Walanda banget pangudiné marang ada ada anyar lan banget kepenginé marang lelakon lelakon kang durung tau dilakoni, luwih luwih bareng krungu critané lelayaran marang Indhiya saka wong wong Walanda kang mauné manggon ing Portegal.
Apa manèh ing nalika iku akèh sudagar sudagar saka Nederland Kidul (Antwerpen) padha ngalih mangalor.
Kuwasané karajan Sepanyol tansah suda, perang karo bangsa Walanda lan Inggris kerep kalah.
Dedagangan ing Lissabon tumrapé bangsa Walanda banjur diengèl engèl amarga wiwit ing tahun 1580 Lissabon kebawah Sepanyol.
Jalaran saka sebab sebab ing ndhuwur mau kabèh, bangsa Walanda kenceng tekadé arep lelayaran menyang tanah Indhiya dhéwé, bathiné mesthi bakal luwih akèh, awit bisa kulak dedagangan saka ing panggonané asal.
Wiwitané nyoba lelayaran metu lor ngubengi buwana Asia, perluné nyingkiri bangsa Sepanyol, yaiku mungsuhé.
Sarèhné layar metu lor iku terang yèn rekasa banget, istingarah ora bisa kelakon tekan tanah Indhiya, nuli wong Walanda arep nékad metu kidul nurut pesisire buwana Afrika kaya wong Portegis.
Cacahing prau kang arep mangkat ana 4, kang ngepalani aran Cornelis de Houtman iku wis bisa oleh katrangan dalané menyang Indhiya ana ing Lissabon.
Déné kang dadi lelurahing jurumudhi wong pinter ing ngèlmu bumi aran Pieter Keyzer.
Ing tanggal 2 April tahun 1595 padha mancal saka dharatan, lakuné ana ing dalan ngrekasa banget, nanging tanggal 23 Juni 1596 kelakon tumeka ing Banten.

Satekané ing palabuhan Banten prauné wong Walanda dirubung ing prau cilik cilik padha nawakaké wowohan lan dodolan warna warna.
Ora suwé ing dhèk kebak wong Jawa, Arab, Cina, Keling lan Turki padha nawakaké dedagangan.
Wong Walanda medhun menyang dharatan; ing kono wis ana cawisan omah kanggo bukak toko.
Sawusé tekan dharatan banjur dodolan lan kulak dedagangan kang diimpi impi, yaiku mrica.
Nanging bareng padha rerembugan banjur padha pasulayan.
Wong Portegis weruh kang mangkono iku nuli ngréka daya supaya wong Walanda disengiti ing wong Banten.
Apamanèh Cornelis de Houtman iku wani kasar karo Mangkubumi ing Banten, lan sarèhning wong Banten kuwatir bok manawa kutha Banten bakal ditibani mimis saka ing prauné wong Walanda, Cornelis de Houtman sakancané 8 dicekel lan dilebokaké ing kunjara.
Cornelis de Houtman lan kancané 8 pisan mau iya nuli luwar, nanging sarana ditebus.
Bareng wong Portegis mbabangus manèh marang wong Banten, wong Walanda banjur ninggal Banten, awit uga weruh yèn ora bakal bisa oleh dedagangan ana ing kono.
Wong Walanda banjur layar mangétan urut pasisir loring Tanah Jawa nganti tekan Bali.
Saka kono banjur bali menyang nagara Walanda urut pasisiré Tanah Jawa kang sisih kidul.

Tekané ing nagara Walanda prauné kang mauné papat mung kari telu, wong kang mauné 248 mung kari 89.
Lan barang dagangan sing digawa apadéné bathiné mung sathithik banget.
Nanging sedyané kang gedhé iku wis kaleksanan, iya iku saiki dalan kang menyang tanah Indhiya wis kawruhan.
Nalika tahun 1598 ana prau Walanda manèh teka ing Banten, kang manggedhéni Yacob van Neck.
Sarèhné van Neck mau wong kang alus bebudèné ora kasar kaya de Houtman, dadi wong Walanda ditampani kalawan becik, dipèk atiné kenaa dijaluki tulung yèn ana nepsuné wong Portegis, malah van Neck oleh palilah katemu lan sang timur Abulmafachir ratu ing Banten lan van Neck ngaturi tinggalan tuwung mas.
Wong Walanda enggal baé oleh dedagangan mrica akèh.
Wiwit ing nalika iku akèh prau prau Walanda kang teka ing Moloko kulak mrica, pala lan cengkèh.
Dhok dhokané prau kang menyang tanah Indhiya iku ing Banten, dalasan prau kang saka ing Moloko, sanadyan wus kebak dagangan, kang mesthi iya nganggo mampir.
Suwé suwé pelabuhan ing Banten saya ramé déning prau Walanda kang teka lunga ing kono.
Ing wektu iku Sepanyol lan Portegis wiwit ngêdhèng enggoné perang karo bangsa Walanda ing tanah Indhiya.

Andreas Furtadho de Mendoca nggawa prau 30 saka Goa layar menyang tanah Indhiya, arep dhedawuh marang para panggedhé ing sakèhing kutha plabuhan nglarangi nampa wong Walanda; sakèhing wong Walanda kang wus ana ing kono kudu ditundhung.
Ing tahun 1601 ana prau Walanda teka ing supitan Sundha, kang manggedhéni Wolphert Harmens, ana ing dalan Wolpert Harmens wis oleh pawarta yèn Banten dikepung ing balané Furtadho perlu nglungakaké wong Walanda lan meksa marang Pangéran ing Banten ora kena ngayomi sakèhing Walanda.
Sandyan prauné Harmens mung lima, nanging nékad nempuh prauné wong Sepanyol.
Salungané wong Sepanyol saka ing Banten, Harmens mlebu ing plabuhan munggah menyang kutha.

Ora antara suwé ana prau Walanda teka manèh, panggedhéné aran Yacob van Heemskerck enggal baé oleh dedagangan, prauné kang lima wis kebak, nuli dilakokaké bali menyang nagara Walanda, déné prau sakariné banjur layar menyang Gresik.
Ana ing Gresik kono Heemskerck sawisé kebak prauné banjur bali menyang nagara Walanda.
Ing wektu iku para sudagar Inggris iya wis padha bathon nglakokaké prau menyang tanah Indhiya.
Ing tahun 1602 ana prau Inggris teka ing plabuhan Banten nggawa layang lan pisungsung saka ratuné.
Wong Inggris ditampani kalawan becik, dadi gampang nggoné golèk dagangan, sarta banjur kaidinan ngedegaké kantor.



14 Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 6
Adegé Vereennidge Oost Indische Compagnie (V.O.C.)
( tahun 1602)

Prauné wong Walanda kang padha layar menyang tanah Indhiya iku duwèké maskapé maskapé cilik.
Sanadyan kang nduwèni tunggal bangsa lan kabèh padha tulung tulungan yèn ana bebayaning dalan, èwa déné mungguh enggoné dedagangan ora pisan bisa rukun, malah padha jor joran murih bisa oleh dagangan akèh.
Bareng paprentahan luhur ing negara Walanda nguningani prakara iku banjur kagungan sumelang.
Saka karsané paprentahan luhur maskapé Walanda mau didadèkaké siji aran Vereennidge Oost Indische Compagnie (V.O.C.), yaiku: Pakumpulan dedagangan ing tanah Indhiya Wétan, adegé nalika tanggal 20 Maret 1602.
VOC. mau diparingi wewenang dedagangan ing sawétané Kaap de Goede Hoop tekan ing supitan Magelhaens, déné maskapé utawa sudagar liya ora kena mèlu mèlu dedagangan ing kono (monopolie).
Wewenang panunggalané ing dhuwur iku: VOC. kena nganakaké prajangjian atas asmaning Staten Generaal karo sakèhing nagara klebu jajahané.
Kajaba iku Compagnie kena nganakaké prajurit, gawé bètèng, gawé dhuwit lan netepaké Gouverneur lan punggawa liyané.
Sakèhing punggawa kudu sumpah kasusetyané marang Straten Generaal lan pangrehing Compagnie.
Ing sabisa bisa VOC, kudu mèlu nglawan mungsuhé nagara Walanda.
Pawitané Compagnie iku olèhé adol layang andhil, siji sijiné andhil ora mesthi padha regané, ana kang f10.000 ana kang f50.
Déné kang kena tuku andhil mau iya sadhengah wong, ora lawas VOC wus oleh pawitan f6.500.00.
Ing sakawit warga pangrèh (Bewindhebber) ing tanah Walanda ana 73, nanging ora lawas mung ditetepaké 60.

Para Bewindhebber mau akèh kauntungané, kayata: saben ana prau teka saka tanah Indhiya mesthi oleh bagéyan 1% né ajining momotané prau, mulané pangkat Bewindhebber mau dadi pepénginan.
Bewindhebber iku ana 17 kang pinilih kuwajiban nyekel paprentahan Compagnie ing saben dinané.
Pangrèhé Compagnie iku aran "Heren XVII, Directeuren utawa Mayores".
Saben 10 tahun para Bewindhebber kudu awèh katrangan pelapuran (verslag) bab panyekeling paprentahan marang Straten Generaal lan para aandeelhouder.

Prau prauné Compagnie kang dhisik dhéwé mangkat menyang tanah Indhiya dipanggedhéni Van Waerwijck, angkaté ing tahun 1602 uga.
Sakèhing lojiné maskapé maskapé lawas banjur didadèkaké lojiné VOC.

Loji utawa factorij iku wujud kantor diubengi ing gudhang gudhang lan omahè para punggawa.
Mungguh perluné loji mau kanggo tandhon dagangan.
Dagangan mau diklumpukaké ngentèni tekané prau prau.
Factorij iku terkadhang kinubeng ing bètèng tembok utawa tanggul, nanging kang mangkono iku ora mesthi, awit para ratu bangsa bumi kerep ora marengaké.
Kèhing factorij saya wuwuh, nanging terkadhang yèn arep ngadegaké factorij anyar iku nganggo ngesur ngalahaké wong Portegis dhisik, kayata: nalika tahun 1603 ana ing Banten, ora lawas ing Gresik, Johor, Patani, Makasar lan Jepara iya dianani factorij.
Factorij ing Patani perluné kanggo lelawanan karo negara Cina, Jepang lan Indhiya Buri, awit dikira ngolèhaké kauntungan akèh, nanging jebul ora.
Karo Ceylon lan Aceh Compagnie iya lelawanan dedagangan, nanging sakawit mung sathithik pakolèhé.

Dagangan tanah Indhiya kang ngolèhaké kauntungan akèh iya iku bumbu crakèn, mulané VOC. kepéngin banget mengku kapulowan Moloko, kang iku para nakoda padha diwangsit, supaya merlokaké ngudi bisané nekem kepulowan bumbon crakèn mau, yèn ora kena dilusi sarana prajangjian iya kanthi wasésa.
Ing saenggon enggon angger Compagnie bisa becik karo ratu bangsa bumi mesthi banjur nganakaké prajangjian bisané lengganan ajeg (monopolie).
Pulo Ambon (cengkèh) iku pulo kang dhisik dhéwé dadi duwèking Compagnie.
Ora suwé saka kecekelé pulo Ambon ing kuwasané VOC. pulo Bandha Néra (pala) lan Bacan iya banjur kena diregem.

Marga enggoné menang perang iku, laku dagang bumbu crakèn katekem ing kuwasané Compagnie, sabab ana ing endi endi, angger tanah wus kaayoman mesthi dilarangi lelawanan dedagangan karo bangsa liya kajaba mung karo VOC. dhéwé sarta regané dagangan dipasthi (monopolie).
Para aandeelhouderé VOC. ing tahun 1610 didumi bathi 75%, wujud dhuwit utawa pala, kena milih ing sakarepé, nuli diedumi manèh 50%, dadi sataun baé tampané para aandeelhouder gunggung kumpul 132,5%
Nanging kauntungan samono iku mungguhing satemené kauntungan ing dalem 8 tahun, awit adegé VOC. wus ana 8 tahun, mangka lagi mbayar anakan sapisan iku.
Ing tahun 1611 para aandeelhouder tampa manèh 30%, nanging tumekané tahun 1619 wis ora oleh manèh.
Wong wong padha ora rujuk, yèn pambayaring anakan jag jog ora ajeg kaya mangkono iku, terkadhang akèh banget, terkadhang pirang pirang tahun nyet adhem baé.
Mulané sabakdané tahun 1625 pambayare dipranata, ing sabisa bisa diajegaké.
Racaké pambayaring anakan marang aandeelhouder mau ing saben tahun 18%.
Kajaba panyekeling dhuwit, cacading papréntahané Compagnie, isih ana manèh, yaiku enggoné kukuh ngencengi tindaking monopolie, nganti akèh warga VOC. kang metu saka pakempalan.

Ana sajabaning nagara Walanda, Compagnie uga duwè mungsuh kang nyumelangi:
1. Bangsa Inggris, iku ing tahun 1600 wis nganakaké Oost Indische
Compagnie, sarta ana ing Banten lan Moloko wis duwè kantor akèh.
Ing saenggon enggon bangsa Inggris tansah mbudi daya bisané
ngesur wong Walanda, mung baé enggoné mungsuh ora wani
ngedhèng, awit mundhak ngadekaké gèsrèking
préntah Walanda lan Inggris.
2. Ing wektu samono VOC. tansah merangi wong Sepanyol lan
Portegis, awit tanah Walanda peperangan lan bangsa loro mau ana
ing Europa.

VOC. lelawanan dagang karo bangsa Cina sarta Jepang. Ing tahun 1608 ana prau Compagnie loro layar menyang Jepang. Ana ing kono Compagnie diidini dedagangan lan ngadegaké loji.

Saka rembugé Frankrijk sarta Inggris, sanadyan Walanda lan Sepanyol ora sida bedhami, nanging ing tahun 1609 meksa lèrèn anggoné perang, padha sèlèh gegaman ing dalem 12 tahun.
Prakara tanah Indhiya katemtokaké ing prajangjian, yèn wong Walanda lestari kena ndarbèni jajahan enggoné ngrebut wong Sepanyol sarta Portegis, nanging siji sijining bangsa ora kena dedagangan ana ing jajahan kang wus dijègi ing liyan ing wektu awiting sèlèh gegaman.
Mungguh ing atasé tanah Indhiya awiting sèlèh gegaman iku kang mesthi kurang luwih let sataun karo ing Europa, awit tanah Indhiya nganggo ngentèni udhuning dhawuh.
Ana ing Indhiya ketara banget, yèn wong Sepanyol ora nganggep bedhami sèlèh gegaman iku; dadi VOC. kepeksa tansah tata tata nyentosani wadyabala lan samekta gegamaning perang.
Bangsa Inggris lan Portegis sok dibiyantoni ing wong bumi, merangi marang wong Walanda.

VOC. iku enggoné ngregani bumbon crakèn saka kepulowan Moloko murah banget, dagangané wong bumi dhéwé dilarang larang.
Tindak kaya mangkono iku ndadèkaké karugiané bangsa bumi, wasana banjur padha dagang colongan lelawanan lan wong Portegis, Inggris utawa Jawa.
Compagnie muring banget; kebon kebon pala lan cengkèh akèh kang dibabati minangka paukumaning wong pribumi.
Wong Bandha banget muringé, wuwuh wuwuh dibombong wong Inggris.
Admiral Verhoeff, utusané VOC. dicidra dipatèni.
Wasana ing tahun 1609 pulo Bandha malah banjur kena didadèkaké jajahan VOC.

Marga saka pakéwuh warna warna iku VOC. duwè panému yèn pangrèhé kudu kukuh, dikuwasani wong suwiji.
Nganti tumekané wektu semono, siji sijining loji ana pangrèhé dhéwé, para pangrèh ora merduli marang pangrèhé loji liyané.
Wiwit tanggal 1 September tahun 1609 sakèhing kantor lan èskader (kapal kapal perang) ing tanah Indhiya dikuwasani ing panggedhé suwiji, jenengé Gouverneur Generaal (GG.).
Gouverneur Generaal kang kawitan yaiku Pieter Both. GG. mau didhawuhi niti priksa kelakuwan, gawéyan lan uripé para punggawa.
GG. iku panyekelé paprentahan nganggo dibiyantu ing punggawa liya, jenengé Raad van Indie.

Cacahè warganing Raad van Indie sanga, kang lima tansah dadi kanthining GG., kang papat aran "Lid" mirunggan, padha dadi gouvernour ana ing papan liya, enggoné mèlu parepatan mung yèn ana rembug sing perlu perlu banget.
Pamutusing prakara kang perlu perlu GG. kudu njaluk rembugé Raad van Indie; wondéné GG. dadi pangareping parepatan.
Yèn parepatan ora bisa mutusi, putusané GG. dhéwé wus kanggep apsah.
GG. iku uga dadi sénapatining prajurit Dharatan lan lautan.

Pamanggèné Tuwan P. Both ana ing Ambon. Ana ing Moloko P. Both klakon bisa nggedhèkaké panguwasa, gawé kapitunané wong Sepanyol lan Portegis.
Ing tahun 1613 P. Both bali menyang tanah Walanda nanging ana pasisiré pulo Mauritus prauné Kèrem, P. Both dadi lan tiwasé.
G. Reynst jumeneng gumanti GG. kapilih ing para Bewindhebber, ing tahun 1615 digentèni L. Real.
Dhèk samono VOC. lagi karépotan awit wong Inggris saya katon enggoné mungsuh VOC.
Ana ing Banten panguwasané wong Inggris tansah mundhak.
Yan Pieterszoon Coen, Liding Raad van Indie banget sumelangé bok manawa jajahan VOC. bakal direbut ing wong Inggris.
Ing tahun 1616 wong Inggris ngejègi pulo Run, jajahané VOC. ing Moloko.
Ing nalika iku JP. Coen katetepaké nguwasani sakèhing prakarané VOC. ing Tanah Jawa.
Coen enggal tumandang merangi wong Inggris.
Kang iku ndadèkaké banget panasé wong Inggris sarta Pangéran Ranamenggala ing Banten.
Bareng ing tahun 1618 ana kabar yèn loji ing Jepara dirusak déning kawulané Panémbahan Mataram, lan tetéla banget, wong Inggris, wong Banten lan wong Mataram ayon nedya numpes wong Walanda, JP. Coen nuli ngalih saka Banten menyang Jakarta, loji ing kono didadèkaké bètèng.
Ora lawas JP. Coen ditetepaké dadi Gouverneur Generaal, tahun 1619.
Ing tahun iku wong Inggris lan Walanda enggoné memungsuhan padha déné ngedhèng.
Kantoré wong Inggris kang adhep adhepan bètèngé wong Walanda ing sapinggire kali Ciliwung iya nuli disentosani.
Kapalé wong Walanda siji dibeskup Sir Thomas Dale, panggedhéning èskader Inggris.
Coen sandika njaluk baliné, nanging wong Inggris malah mangsuli sugal.
Bètèng Inggris enggal ditempuh, nganti kena obong, tahun 1618.
Ora antara lawas bètèng Walanda dikepung ing mungsuh.

VOC. karépotan banget, marga kekurangan prau lan obat mimis.
Wong Jakarta ora ana kang gelem dadi kuliné; malah wong Jakarta nempuh bètèng Walanda, èskader Inggris gedhé ana segara dipethukaké prau Walanda, perangé dèdrèg, wasana kesaput ing wengi.
Esuké JP Coen ora wani methukaké prau Inggris manèh; putusaning rembug arep menyang Moloko njaluk bantu lan njupuk obat mimis.
JP. Coen weling wanti wanti marang Van den Broecke.
Yèn ana kapèpèté kepeksa nungkul, nungkula marang wong Inggris, aja nganti nungkul marang wong Jakarta utawa Banten.
Kacarita wong Inggris wus prajangjian lan wong Banten, nedya nempuh bètèng ing Jakarta.
Pangéran Jakarta, Wijaya Krama, gela banget, déné ora diajak rembugan ing wong Banten, nuli golèk akal bisané ngrebut bètèng dhéwé.
P. van den Broecke disuwuni bojana minangka pratandhaning pamitran.
P.v.d. Broecke kanthi punggawa pitu kalebu ing gelar, banjur cinekel lan kinunjara.
Van Raay sing nggentèni Van den Broecke dijaluki tebusan, ora mituruti.
Wasana wong Inggris lan Van den Broecke dhéwé awèh weruh marang wong Walanda supaya masrahna bètèng.
Van Raay kendhak atiné, nedya nungkul, wekasan ana jalaran kang murungaké sedyané Van Raay saandhahané.
Wong Banten ora awèh, yèn bètèng Jakarta tumiba ing wong Inggris.

Pangéran Jakarta ditungkeb, jajahané kagamblokaké marang Banten.
Rèhning wong Banten crah karo wong Inggris, èskader Inggris mundur saka Jakarta.
Bètèng Walanda dikepung ing wong Banten.
Bareng wong Walanda ngerti yèn bakal bisa uwal saka ing bebaya, banjur tumandang nyentosani bètèng manèh.
Bareng wis rampung wong Walanda padha bungah bungah nganakaké bujana, bètèng Jakarta dijenengi Batawi (tahun 1619).
Bareng lungané JP. Coen wis oleh patang sasi banjur bali nggawa prau nembelas.
Prajurit kang ngepung bètèng ditempuh bubar, kutha Jakarta digempur.
Coen nuli menyang Banten, wong Banten rumangsa ora kuwagang nglawan P. van den Brocke sakancané diulungaké.
Sarèhné v. d. Broecke lan van Raay dianggep kaluputan enggoné netepi wajibé, mulané tampa paukuman abot saka JP. Coen.
Tanah Jakarta banjur diaku ing VOC, JP Coen enggal mbangun Kutha Batawi, dipernata lan direjakaké.
Ing sacedhaké palabuhan didokoki omah, jenengé "Kasteel" ing kono dununging papréntahané VOC. ing satanah Indhiya.
Ing sarampungé prang Jakarta, Coen nedya males marang wong Inggris.
Nanging ing tahun 1620 kabar saka Europa yèn para panggedhéné VOC. ing tanah Walanda rukun karo Compagnie Inggris.
Kang iku ing tanah Indhiya uga Walanda karo Inggris iya kudu rujuk.

Wosing prajangjian mangkéné: Siji sijining Compagnie nganggo pawitan dhéwé dhéwé sarta kena sudagaran ing satanah Indhiya, nanging prajangjian monopolie kang mau mau dilestarèkaké.
Kulaké kudu bebarengan, oleh olèhané diparo. mung ing pulo pulo Moloko wong Inggris oleh saprateloné.
Prakara perang dadi tetanggungané Raad van Defensie, kang dadi wargané wong Walanda lan Inggris genti gentèn saben sasi.

JP. Coen banget ora senengé déné ana pranatan kaya mangkono iku, awit wong Inggris ora wenang oleh jajahané VOC,
Wong Inggris rumangsa disengiti wong Walanda, mulané ing saolèh oleh rekadaya bisané males marang VOC. Walanda.
Nalika wong Bandha mogok, kang ngojok ojoki wong Inggris.
Sarèhné ana Raad van Defensie warga Inggris ora pati sarujuk ngukum marang kraman mau, JP. Coen banjur pratéla yèn wong Bandha kang wenang ndarbèni iya mung wong Walanda.
JP. Coen nuli mangkat menyang Bandha, wong bumi diwisésa, dipatèni utawa dibuwang menyang Tanah Jawa.
Pulo pulo Bandha didum marang para Walanda tilas punggawané Compagnie, nanging diwajibaké nandur pala, lan pametuné kudu didol marang VOC.
Tindak sawenang wenang iku dadi cacade JP. Coen.
Ing wiwitané tahun 1623 JP. Coen lèrèh marga saka panjaluké dhéwé.
Kang gumanti jumeneng GG. saka panudingé Coen iya iku P. de Carpentier.
Durung nganti sasasi enggoné dadi GG., de Carpentier wis nemu reribet, gèsrèk lan wong Inggris.

Ana ing Ambon wong Jepang bebauning wong Inggris kacekel ing wong Walanda.
Bareng ditliti tliti, wong Jepang mau blaka yèn wong Inggris wis padha sumpah sumpahan sapunggawané Jepang nedya numpes wong Walanda lan ngrebut bètèng Victoria.
Tinemuning papriksan wong Inggris 9 wong Jepang 9 lan wong Portegis siji padha ngakoni, yèn pancèn duwè niyat kaya aturé wong Jepang mau. Nuli diukum kisas.

Karampungané pangrèh Walanda ing Ambon njalari crahing VOC. lan Compagnie Inggris.
Wong Inggris ing pulo Moloko padha lunga, ngejègi pulo Lagundi ana ing supitan Sundha, nanging sarèhné akèh kang mati utawa lara, banjur padha ngumpul ing Betawi.
Ora antara lawas wong Inggris ana ing Betawi ora bisa rukun karo wong Walanda, nuli padha lunga menyang Banten.
Wiwit adegé kutha Betawi tansah dibeciki: Coen wis ngadegaké pamulangan sarta murih ajuning dagangan, njupuki wong Cina saka Banten; kejaba iku Betawi uga dianani pangrèh kutha kang ngiras nyekel pangadilan.
Carpentier wiwit nganakaké pajeg dhuwit kanggo mbecikaké tindhaking piwulang sarta pangadilan lan manèh gawé yeyasan kanggo mitulungi marang bocah Walanda kang lola.



15 Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 7
Karajan Mataram Nalika Mumbul Mumbule

1586 - 1601
Panémbahan Sénapati

1601 - 1613
Mas Jolang, Panémbahan Séda Krapyak


1609 - 1614 GG. Both

1613 - 1645
Sultan Agung (R. Rangsang, Cakrakusuma)

1619 - 1623 GG. JP. Coen

1623 - 1627 GG. De Carpertier

1627 - 1629 GG. JP Coen

1636 - 1645 GG. Van Diemen

Sadurungé Panémbahan Sénapati séda wis tinggal weling, yèn kang putra penenggah, Mas Jolang kang kalilan nampani warisan kraton Mataram, déné putrané pembayun, Pangéran Puger nrima jumeneng adipati ing Demak, nanging Pangéran Puger besuké ngraman, wasana asor.
Kejaba perang lan kang raka, Mas Jolang uga perang karo para adipati ing Bang Wétan.
Ing tahun 1613 Sang Panémbahan séda.
Sarèhné sédané mentas lelangen menyang Krapyak, nuli katelah nama Panémbahan Séda Krapyak.
Sasédané Panémbahan Séda Krapyak kang gumanti jumeneng nata Radèn Mas Rangsang, ajejuluk Prabu Pandhita Cakrakusuma.
Nalika jumenengé Kangjeng Sultan lagi yuswa 22 tahun; éwa semono wis kinurmatan ing para kawula.
Pangastané paprentahan piyambak baé, mung kala kala mundhut rembugé wong kang pinitaya, lan putusaning rembug banjur didhawuhaké marang para panggedhéning nagara.

Sang Prabu bagus sembada dedeg piyadegé, tingalé wajar "mèmper mripating singa" pangagemané presaja, nyampingé bathik wernané putih lan biru (ayaké parang rusak), mekuthané putih (matak?).
Yèn siniwaka, lenggahè ana ing dhampar cendhana kaapit apit ing pot pot kekembangan.
Dhampar mau dunungé ana ing bangsal kang ajrambah jobin, dawa ambaning jrambah kira kira 3 mèter.
Para kang séba nyadhong dhawuh, ngubengi bangsal mau, kèhe kira kira 300 utawa 400, kabèh padha sila makidupuh tanpa nganggo lèmèk, lan ora ana kang udut utawa nginang.
Sinéwaka kaya mangkono mau ing dalem saminggu kaping pindho utawa luwih, para abdi dalem kang ora ngadhep nalika pinuju sinéwaka, utawa kang duwè laku ora patut, padha kagantungan paukuman abot.
Dadi uripé para priyagung ing Karta iku ora merdika kaya adipati ing sajabaning Karta.
Para adipati mau akèh kang sawenang, anggugu ing sakarepé dhéwé, wong cilik kang rekasa, padha dipeksa ngestokaké pajeg akèh.

Kersané Sultan Agung Tanah Jawa iki kabèh karéha marang Mataram, senadyan bakal perang kang nganti suwé utawa ngetokaké wragad akèh iya bakal ditemah, mung angger bisa kelakon.
Mungguh mungsuhé ana telu yaiku: para ratu ing Bang Wétan lan Madura, ratu ing Banten sarta Kumpeni.
Déné Cirebon wis nungkul marang Mataram, wiwit tahun 1619.
Nalika tahun 1615 Kangjeng Sultan nelukaké Lumajang, Malang lan panggonan sawatara manèh.
Sawisé iku Surabaya, Pasuruwan, Tuban, Wirasaba (Majaagung), Japan (Majakerta), Lasem, Brondong, Arisbaya (Majaagung) lan Sumenep, banjur prajangjian ngumpul dadi siji, perlu bebarengan nempuh Mataram. Nanging perangé kasoran.
Ing tahun 1617 Sultan Agung mbedhah Pasuruwan, ing tahun 1618 Pajang, lan ing tahun 1619 Tuban.
Pangepungé kutha Surabaya ing tahun 1622 ora oleh gawé, nanging bareng ing tahun 1623 Madura kena dikalahaké, Sultan Agung ngajati mbedhah Surabaya manèh.
Nalika iku Sultan Agung manggih akal, ora adoh saka cawangané kali Brantas, kali Surabaya dibendung.
Banyu sethithik kang isih mili menyang Surabaya dibuwangi bathang lan bosokaning tetuwuhan, amrih wong Surabaya padha ketaman ing lelara.
Jalaran saka réka iku wong Surabaya kepeksa nungkul, awit alané banyu mau, miturut crita, wongé Surabaya kang kèhe 50 60.000 iku mung kari 1.000.
Wasana Tanah Jawa Wétan lan Tanah Jawa Tengah dadi kaerèh ing Mataram.
Ing tahun 1625 Kangjeng Sultan banjur ajejuluk Susuhunan.

Tepungé VOC. karo Mataram iku molah malih. Ing wiwitané padha becik.
Sultan Agung nerusaké prajangjiané kang rama, yaiku: VOC. kena ngedegaké loji ana ing Jepara.
Nalika iku Sultan Agung ngandika karo utusaning Compagnie: "Aku sumurup, yèn tumekamu ing kéné ora nedya nelukaké Tanah Jawa".
Enggoné Walanda manggon ing Jepara iku mung supaya bisa ngirimaké beras.
Nanging ing prakara iku wong Walanda tansah digawé pakéwuh déning Baureksa, bupati ing Kendhal.
Malah baureksa lan bupati liyané padha ngréka daya, amrih wong Walanda aja menyang Karta sapatemon karo Sang Prabu.

Awit saka iku VOC. lan para bupati padha congkrah.
Ing sawijining dina Baureksa nukup wong Walanda, ana sawatara kang dipatèni lan ana pitulas kang dikunjara.
Nalika iku Coen dhawuh ngobong Jepara, iya klakon kobong sapérangan (tahun 1618). Ing wektu semono Sultan Agung lagi perang ana ing Bang Wétan lan ora menggalih apa kang klakon ing Jepara.

Bareng Coen ing tahun 1619 yasa kutha Betawi, lan Jakarta wis katekem ing tangané bangsa Walanda, sultan Agung muring banget marang VOC.
Ora antara lawas dhawuh nglarangi adol beras marang Compagnie, amarga Coen wani wani awèh mriyem marang wong Surabaya.
Sanadyan mengkonoa meksa ora dadi perang, awit sapisan Sultan Agung nedya golèk réka bisané wong Walanda ngakoni yèn kebawah Mataram, nganggo sarana kang alus, lan ping pindhoné samangsa dadi perang wong Walanda kuwatir yèn banjur ora bisa oleh beras babar pisan.
Nalika Sultan Agung ngajak Walanda bebarengan mbedhah Banten, wong Walanda ora gelem, awit VOC, ora pracaya marang wong Mataram, marga Walanda wis ngrebut layang, kang surasané: "Sultan Agung bakal mbedhah Banten, sawusé iku banjur ngalahaké Betawi".
Banten lan Mataram iku tansah memungsuhan, nanging Sultan Agung ora bisa ngalahaké, jalaran nalika iku prauné wong Jawa ora sepiraa kèhé lan mlaku dharat dalané angèl banget.
Ing Tanah Jawa Kulon kang teluk marang Mataram mung ing Sumedhang (Priyangan) lan Cirebon.
Nalika JP. Coen jumeneng GG. kang kapindhoné ing tahun 1628, ana utusan saka Mataram menyang Compagnie duwè panjaluk mangkéné: Sapisan Panémbahan enggoné arep nempuh Banten mundhut tulung marang Compagnie, kapindhoné JP. Coen didhawuhi utusan menyang Mataram ngaturaké bulu bekti.
Panjaluk iku mau loro loroné ora dituruti.
Ing sasi Agustus wayah bengi kasteel ing Betawi ditempuh ing bala Mataram saka pelabuhan.
Ing dharatan ana baris gedhé kang ngepung kutha Betawi. Mangka cacahing prajurit Compagnie mung 3.800.
Nuli JP. Coen tékad tekadan nempuh, prajurit Jawa bubar, malah banjur kepeksa mundur, awit wis ngancik mangsa udan tur nganggo kekurangan pangan.
Ing sasi April tahun 1629 ana utusan saka Mataram aran Warga ketemu GG. JP. Coen, jaréné perlu rembugan arep bedhami.
JP. Coen wis ngerti yèn Warga iku satemené telik, banjur terus dicekel.
Bareng ditakoni, prasaja yèn wong Mataram wis nglakokaké wadyabala manèh lan murih aja nganti kekurangan pangan kaya kang uwis, ing Tegal wis disedhiyani tandhon beras.
JP. Coen terus dhawuh ngobongi tandhon beras mau.
Wusana bareng prajurit Mataram teka ing wewengkon Betawi enggal baé enggoné kentèkan pangan.
Wadyabala Mataram wiwit gawé larèn nganti ketug sacedhaké kutha, JP. Coen nuli dhawuh ngrusak larèn mau.
Sarèhné bala Mataram uga ketrajang lelara, wusana kepeksa mundur.
Wiwit ing wektu iku karajan Mataram wis ora wani nempuh marang kutha Betawi.
Ewa déné Sultan Agung sabisa bisa tansah ngarah gawé kapitunané Compagnie, kayata wong Mataram dilarangi dagang beras menyang Betawi, mangka Compagnie butuh banget.
Utusan saka Betawi menyang Karta padha dicekel, sarta direngkuh abdi telukan, malah sawènèh ana kang dipatèni.
Bareng sabedhahè kutha Malaka tahun 1641, wong Jawa ora kena dagang beras ana ing kono, dipeksa dagang menyang pelabuhan Betawi.
Senadyan Sultan Agung durung karsa rukun, éwa déné kawula Mataram diidini lelawanan dedagangan manèh lan Compagnie ing Betawi.
Wasana ing tahun 1646 Sultan Agung séda, wiwit ing wektu iku Mataram banjur rukun baé lan Compagnie.

Karsané Sultan Agung arep ngerèhaké Tanah Jawa kabèh iku wis akèh kelakoné, nanging perang mau ndadèkaké karusakan ing Tanah Jawa.
Nalika utusané VOC. ing tahun 1613 padha menyang Karta, para utusan padha éram ndeleng kèhing wong ing kutha kutha, kèhing beras pari apa déné kèhing wit witan tuwin tetanduran kang metu kasilé, nanging bareng antara limalas tahun manèh, akèh tanah tanah kang ora kadunungan wong, panggonan panggonan kang katrajang ing prang padha nandang paceklik lan kaambah ing pageblug.
Mulané mengkono, marga Sultan Agung iku nggoné arep nggayuh karsané iku nganggo sarana kang nggegirisi, kayata: kabèh kawula kudu mèlu perang, durung nganti perang wong wong mau wis akèh kang tiwas ana ing dalan.
Gampang yèn mung arep bisa ngira ngira kèhing prajurit kang dilurugaké, yèn ngélingi pangepungé kutha Betawi kang ping pindhoné.
Nalika iku ana prajurit 80.000 lan sing bali menyang Mataram durung ana seprapaté.
Nalika nglurug Madura, kèhing prajurit nganti 160.000.
Yèn ana wong sabangsa kalah perangé, kerep kelakon wong kabèh mau kapeksa ninggal tanahè.
Nalika bedhahè Madura, kutha kutha lan désa désa ing kono mèh kabèh dirusak, para ratuné dipatèni, wongé cilik ana 40.000 kang dipeksa ngalih menyang Gresik lan Jaratan, jalaran ing kutha loro mau, marga saka perang kang uwis uwis mèh ora kadunungan ing wong.
Adipati ing Sumedhang kapeksa urun bala akèh banget, nganti ing negarané (Priyangan) mèh entèk wongé.
Sakalahè Wirasaba bupatiné kablenegaké ing banyu nganti tumeka ing pati, lan wong cilik diboyongi menyang Banyumas.
Sultan Agung iku ora ngajèni nyawaning wong, nalika campuhe wadyabala Mataram ana ing Surabaya iku wong Mataram kang mati 40.000 lan Kangjeng Sultan iya ayem baé, pangandikané: tanah Mataram isih sugih wong.
Jalaran kang mangkono mau wong cilik padha ora bisa nggarap sawah, regané beras saya larang lan wongé saya ora kacukupan. wuwuh wuwuh kaambah ing pagering, mulané ing tahun 1618 lan 1626 akèh padésan ing Tanah Jawa kang wongé mung kari 1/3, kang 2/3 padha mati.
Wragad perang iku iya ora sethithik, lan sing kudu nganakaké iya wong cilik, Sultan Agung ora kagungan welas marang mungsuh, malah sénapati lan prajurité dhéwé iya sok kapatrapan paukuman kang ora murwat, yaiku yèn perangé kalah.
Miturut crita, saunduré wadyabala saka Betawi, Sultan Agung dhawuh matèni wong 4.000; wong samono mau kalebu para garwané baureksa, kang tiwas ana ing peprangan.

Nalika perang Mataram JP. Coen wis kraos gerah, nanging meksa nyénapati ing perang, dadi kasengka banget.
Wasana ing tanggal 20 September 1629 gerahé banget dadakan, nganti dadi lan tiwasé.

Wis tetéla banget yèn tujuné Compagnie nganti seprono mung murih ajuning dedagangané. Sarèhné kang dikukuhi banget pranatan monopolie, mulané kudu bisa mbalèkaké panémpuhé wong Europa liyané.
Bisané kelakon, mung yèn prajurité dharatan lan lautan sentosa, perlu kanggo ngukuhi kantor kantor ing Betawi, lan uga kanggo nanggulang ardané Mataram.
Coen iku kena diarani wong pinunjul, katandha nalikané adegé Betawi bisa ngunduraké ardaning mungsuh nganti kaping pindho (Inggris lan Mataram) senadyan tansah karoban lawan, tindaké ana ing Moloko tetep diarani siya, éwadéné meksa klebu wong ambek sudira ing pakéwuh lan ora wegahan.
Enggoné nglabuhi tanah wutah rahè tanpa pamrih nganti tekan ing pati.
Sasédané GG. JP. Coen kang gumanti J. Specx (tahun 1629 - 1632) tumuli H. Brouwer 9tahun 1632 - 1636).

Wiwit adegé A. van Diemen dadi GG., Compagnie ngancik ndedel dedelé, awit van Diemen pancèn GG. kang cakep ing bab sakabèhé.

Dhèk samana VOC. perang manèh lan mungsuhé lawas yaiku bangsa Portegis.
Ing tahun 1638 jajahané wong Portegis ing Ceylon karebut ing sénapatining VOC. banjur Compagnie diidini ngadegaké bètèng lan nindakaké monopolie dagangan manis jangan.
Ora antara suwé bètèng Malaka, kang kalebu sentosa banget, kinepung wakul lan diperangi bala VOC.
Nganti suwé wong Portegis panggah. Ing tahun 1641 sénapati Walanda Caerteku dhawuh ngrangsang bètèng, wasana bedhah.
Ing ngatasé wong Portegis ilangé kutha Malaka iku kerugian gedhé banget.
Sarèhné banjur uga kélangan jajahan ing pasisiré tlatah Coromandel lan Malabar, wong Portegal prasasat tanpa panguwasa ana ing tanah Asia.
Nalika bedhami ing tahun 1641 wong Portegis dipeksa nuruti baé.

Mungguh ing ngatasé Compagnie, bisa oleh kutha Malaka kauntungan gedhé, awit ndadèkaké wediné para ratu bangsa bumi kabèh. Padagangané Malaka ngalih menyang Betawi.
Nalika jamané GG. van Diemen kutha ing Betawi digedhèkaké lan dibecikaké.
Jiwané 9.000, wong Walanda 3.000 luwih.
Ing sajabané kutha wiwit akèh pasanggrahané para gedhé.
Ing sajroning kutha wong laku dagang maju banget.
Kacarita karajan Mataram ing wektu iku banjur rukun baé lan Compagnie.
Ing tahun 1646 VOC. prajangjian karo Mataram (nalika jumenengé Mangkurat I).
Ing saben tahun Compagnie kudu nglakokaké utusan menyang Mataram.
Wong Jawa kena dedagangan ing sadhengah panggonan kejaba ing Moloko.
VOC. lan Mataram padha déné ora kena ngréwangi mungsuhé.
Ing sabakdané tahun 1629 kerep baé Banten memungsuhan lan Betawi, marga wong Banten ambubrah monopoliening VOC. karo wong Moloko.
Pelabuhan Banten kerep banget dibarisi ing prau perang Walanda, dadi kutha Banten padagangané mati.
Ing tahun 1645 Banten gawé prajangjian lan VOC.
Dadi tetéla yèn panguwasané Compagnie tansah mundhak gedhé.

GG. van Diemen arep nggedhékaké padagangan ing tanah Cina lan Jepang.
Ing tahun 1642 ana wong Walanda, aran Abel Tasman njajah ngétan nemu pulo pulo anyar ing wewengkoné Australia iya iku Nieuw Zeeland lan Van Diemensland (saiki aran Tasmania).
Tanah Australia diarani Nieuw Holland.

Nalika jaman Sultan Agung ana owah owahan bab umuring tahun.
Kang dienggo tumekané jaman iku diarani tahun Saka, umure kaya déné tahun Christen ((+/- 365 dina) wiwité tahun nalika tahun christen wis tekan angka 78.
Wiwit tahun Saka 1555 (= 8 Juli 1633) umure disalini manut lakuning rembulan ( 1 tahun = 355 dina) dicocogaké karo tahun Arab kang dhèk samono wis tekan angka 1.043.
Tumekaning saiki kabèh mau isih dipacak ana almenak, kayata: 1 Januari 1925 = 5 Jumadilakir Dal Windu Sengara 1855 (Jawa) = 5 Jumadilakir 1343 (Arab).


16 Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 8
Kraman ing Moloko (1650 - 1653)
Mataram Jamané Amangkurat I lan Amangkurat II.
Kraman Trunajaya. Perang Banten.

1645-1677 Mangkurat I

1650-1653 GG. Reiners

1677-1703 Mangkurat II
1653-1678 GG. Maetsuyker

1678-1681 GG. Rijklof van Goens

1681 - 1684 GG. Speelman

Dhèk jamané GG. van Diemens VOC. ana ing pulo pulo Moloko nemu reribet, marga saka anané monopolie, tanah Moloko suda banget karaharjané, wong bumi padha ngrekasa uripé.
Wong cilik ora gelem netepi prajangjiané monopolie, padha laku dagang colongan.
Punggawané VOC. nyirep kraman kanthi tindak keras.
Nuli wong Moloko dibiyantu ing Sultan Ternate, mulané saya ndadra.
Wasana GG. van Diemens tumindak dhéwé, tindaké keras nanging ndalan, temahan kraman bisa mendhak.
Ing nalika jamané GG. Reiners (tahun 1650 - 1653) ing Ternate lan Ambon ana kraman manèh kang marga saka pangojok ojoké wong Makasar.
Wong bumi padha nggrundel ora trima, awit A. de Vlaming, Gouverneur ing kapulowan Moloko dhawuh mbabadi tanduran bumbu crakèn kang dianggep turah, murih ora ngedhunaké regané dagangan.
Yèn wong bumi ora nuruti, prajurit VOC. lelayaran mrana ngrampungi pasulayan kanthi wasésa (hongi).
Enggoné nyirep kraman A. de Vlaming kanthi kekerasan, akèh wong kang dipatèni utawa dibuwang .
Wasana pulo pulo akèh kang suwung.

Wiwit ing wektu iku dikenakaké nandur cengkèh mung wong ing Ambon lan pulo pulo cilik sisih wétan, kang kena nandur pala mung wong ing Bandha.
Amarga saka anané planggeran mau wong bumi akèh kang padha kemlaratan.
Wasana ora ana sranané kanggo mbangkang manèh.

Bareng Moloko wis tentrem, nalika kang jumeneng GG. Maetsuycker VOC. merangi Makasar.
Hasanudin, ratu ing Makasar tansah nulungi wong bumi ing Moloko.
Manèhé VOC. ora oleh idin ngadegaké loji ana ing karajan Makasar.
Enggoné memungsuhan VOC. lan Hasanudin nganti ambal kaping telu.
Wekasané ing tahun 1667 Cornelis Speelman didhawuhi nandangi Hasanudin.
Aru Palaka ratu ing palaka mbantu Compagnie, jalaran karajané direbut kagamblokaké marang Makasar, rama lan éyangé Aru Palaka kapatènan ing Ratu Makasar.
Putusaning perang Hasanudin kapeksa nganggep prajangjiané VOC. tahun 1667.
Miturut jenengé papan prajangjian mau diarani prajangjian ing Bonggaya.

Bedhahè Makasar iku ing atasé VOC. akèh banget pakolèhé, awit iku dadi dhedhasaring panguwasa ana ing Celebes sarta pamengkuné marang sakabèhing pulo pulo ing Moloko.
Minangka ganjaran Aru Palaka didadèkaké ratu ing Boné.
Surasané prajangjian ing Bonggaya prakara warna warna, kayata: Makasar lan Goa ngakoni pangayomané VOC. apa déné Florès lan Sumbawa mari dadi jajahané Makasar.
Bangsa manca kang kena dedagangan ing Moloko mung VOC. baé. Wong Makasar kudu nglèrèni enggoné lelawanan dedagangan lan Moloko.

Sasédané Sultan Agung ing Mataram tansah ana kraman utawa perang, ndadèkaké gempaling karajan.
Kang misuwur iya iku kramané Trunajaya, sebabé mangkéné:
1. Pangéran Arya Prabu Adi Mataram kang nggentèni Sultan Agung,
jejuluk Sunan Mangkurat I, kapinteran lan kekencenganing karsa
ora mantra mantra timbang lan kang rama.
Sarèhné wegah memungsuhan lan Compagnie, ing tahun 1646 lan
1652 prajangjian pamitran lan VOC.
Surasané prajangjian 1652 ana kang nyebutaké bab tapel watesé
jajahaning Compagnie sisih wétan, iya iku kali Citarum.
Ing tanah Mataram akèh para gedhé kang nggrundel ora narima
marang tindaké Mangkurat mau.
2. Sunan Mangkurat ala banget pangrèhé praja, jalaran ketungkul
mbujeng marang kamuktèn nganti nukulaké panggalih siya.

Para kawula gedhé cilik ora ana kang njenjem uripé, jalaran
saka siyané Sang Prabu.
Nalika jumeneng anyar anyaran nenumpesi mitrané kang rama
akèh.
Saking kalulute marang pakareman kang nistha nganti wentala
mutahaké getihe wong kang tanpa dosa.
Kaya déné nalika garwané kekasih séda, nuli dhawuh nyekel
wong wadon 100 dikurung ing pasaréyan nganti mati kaliren.

3. Ing Madura ana sawijining Pangéran kang duwè tékad arep
ngraman, manggedhéni para gedhé ing Mataram lan Madura,
merangi Mangkurat.

Pangéran mau wayahè Cakraningrat I ing Sampang saking amuyan, jenengé Trunajaya.
Senadyan Trunajaya ora nduwèni waris kadipatèn, éwa déné ngarah jumeneng adipati ing Madura.
Nalika kang paman jumeneng adipati, jejuluk Cakraningrat II gampang baé Trunajaya enggoné ngelun wong Madura, awit sang adipati tansah ana ing Mataram baé.
Ing tahun 1674 kraman wis ngrebda banget. Trunajaya dibantu ing wong Makasar kang padha lunga saka tanahè dhéwé ngalambrang, gawéné mbebajak.
Tanah Jawa Wétan enggal ditelukaké.
Bareng kraman saya mengulon, Mangkurat I saya kuwatir, nuli mundhut pitulungané Compagnie.
Préntah ing Betawi kang sakawit mangu mangu, nanging bareng saya krasa kapitunan enggoné dedagangan marga saka panggawéning kraman, ing wasanané gelem tetulung.
Ing kawitané prajurit Walanda kerep bisa mbalèkaké kraman saka sawènèhing panggonan, nanging saya suwé saya cabar, kraman saya maju, tanah pasisir lor lan Tanah Jawa Tengah pasisir wétan wis katekem ing kraman, Trunajaya banjur akadhaton ing Kedhiri.
Préntah ing Betawi wiwit anggraita yèn pananggulanging kraman Trunajaya kudu ditumeni.
Ing tahun 1677 ana wadyabala Compagnie menyang Jepara, disénapatèni Cornelis Speelman.
Dhisike Trunajaya arep dirukun, nanging ora gelem. C Speelman nuli prajangjian: lan Sunan Mangkurat I, surasaning prajangjian: Compagnie bakal mitulungi Mangkurat, nanging njaluk liru ragading perang, undhaking jajahan, lan wewenang ing prakara dedagangan.
C. Speelman banjur wiwit merangi kraman, nanging mung bisa ngejègi Surabaya, déné jajahané Trunajaya saya mundhak, malah wis bisa nggepuk Karta, kutha karajaning Mataram.
Upacaraning kraton diboyong menyang Kedhiri. Sunan Mangkurat kèngser, tindak mangulon didhèrèkaké ing Sang Pangéran Adipati Anom.
Mungguh kramané Kangjeng Sunan mau nedya ketemu panggedhéning Compagnie ing Jepara, nanging ana ing dalan séda (tahun 1677) kasarèkaké ing Tegal Arum.
Nganti saprené Mangkurat I isih katelah nama Sunan Mangkurat Tegal Arum.
Sasédané Sunan Mangkurat I Sang Pangéran Adipati Anom gumanti jumeneng nata, jejuluk Sunan Mangkurat II, nanging sasat ora jumeneng ratu, awit kang nganggep mung para kawula kang ndèrèkaké, malah kang rayi Sang Pangéran Puger, kang ana Mataram iya ngaku jumeneng Sunan.
Sunan Mangkurat II banjur tindak menyang Jepara, mundhut tulung marang Compagnie, ngèstokaké dhawuhé kang rama.
C. Speelman saguh mitulungi, nanging nganggo prajangji.
Wosing prajangjian Jepara:
VOC. nganggep ratu marang Mangkurat II
VOC. kena dedagangan ing satanah Mataram, kena nglebokaké dedagangan ora wenang dijaluki béya.
Jajahan VOC. mangidul tekan segara, mangétan tekan Cimanuk, apadéné kutha Semarang sawewengkoné.
GG. Maetsuycker lan kèh kèhing para Liding Raad van Indie ora rujuk karo kareping para Bewindhebber, pangrehing VOC. ana ing tanah Walanda; aliya saka iku Trunajaya wis kegedhén panguwasané, mangka Sunan Mangkurat II wus prasasat tanpa daya, wuwuh wuwuh préntah ing Betawi lagi karépotan ora bisa oleh pitulungan saka nagara Walanda, tur nemu pakéwuh karo Banten.

Ing tahun 1678 GG. Maetsuycker séda digentèni Rijkloff van Goens. Priyagung iku nemeni enggoné nandangi Banten.
Rijkloff lan Speelman padha sabiyantu ngrampungi kraman Trunajaya, aja nganti kedhisikan ditempuh wong Banten.
Rijkloff van Goens banjur ngutus wadyabala gedhé menyang Tanah Jawa Tengah nglurugi Trunajaya.
Trunajaya iya metukaké, nanging suwé suwé keplayu marang Kedhiri.
Kedhiri nuli dibedhah klawan rekasa, nanging Trunajaya oncat ngungsi marang pagunungan saloré gunung Kelut.
Kapitan Ambon aran Jonker kautus ing Kangjeng Susuhunan ngelut playuné Trunajaya.
Dalan dalan sakubengé pandhelikané Trunajaya dijaga prajurit, wusana Trunajaya nungkul.
Kangjeng Susuhunan arep priksa marang Trunajaya nanging bareng disowanaké ing ngarsané, nuli diperjaya ing Sang Prabu piyambak (tahun 1680).
Senadyan ing tahun 1652 wis ditemtokaké yèn Cisédané kang dadi tapel watesé Banten lan jajahan VOC., éwa déné wong Banten iya ora wedi njejarah, mbégal ing sawétané Cisédané.
Ing tahun 1656 kelakon dadi perang nganti tumeka tahun 1659.
Ing salebaring perang mau VOC. meksa durung rukun karo Banten.
Ing wektu samono kang jumeneng ing Banten Sultan Agung Abul Fatah utawa Tirtayasa.
Sang Prabu pancèn ratu peng pengan, kang diudi mumbuling negara lan undhaking jajahan, mulané sengit banget marang Compagnie, awit digalih ngalang alangi pangelaring jajahan.
Saka pambudidayané Sultan Agung kelakon kutha Banten bisa reja lan ramé.
Wong Inggris, Denmarken lan Prasman padha oleh idin dedagangan ana ing Banten.
Nalika kraman Trunajaya Sultan Agung ora gelem nganggep ratu marang Mangkurat II lan mitulungi marang Makasar mungsuhé VOC.
Pangarep arepé yèn prajurit VOC., suda banget, wong Walanda banjur gampang kalahè karo Banten.
Ing sesirepé kraman mau rèhné GG. Spellman wis mangerti sedyané Sultan Agung yaiku arep enggal merangi Betawi, mulané banjur tata tata.
Kabeneran banget ing atasé VOC. ing tahun 1682 ing Banten ana gègèr, jalaran Sang Pangéran Adipati Anom Abdul Kahar (banjur jejuluk Sultan Haji) lan rayiné Sang Pangéran Purbaya rebut kalenggahan Pangéran pati, iya iku biyantu kang rama ngasta papréntahaning negara.
Sultan Haji rekasa banget, awit Sultan Agung mbiyantu Purbaya, nuli Sultan Haji njaluk tulung marang VOC., kang saguh arep nulungi, jangji wong Walanda ing Banten oleh monopolie.
Sultan Agung banjur keplayu dioyak ing prajurit Compagnie.
Bareng kecekel dikunjara ana ing Betawi nganti tekan ing sédané (tahun 1692).
Wosé prajangjian ing tahun 1684 wong Inggris lunga saka Banten, nuli ngalih menyang Bengkulen. Kejaba iku VOC. wenang mèlu ngrembug ruwet rentenging nagara ing Banten. Wiwit ing jaman iku Cirebon uga mèlu ngaub marang VOC.


17 Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 9
Mataram Nalika Perang Rebut Kaprabon
Kang Sapisan (tahun 1704 - 1708)
lan Kapindho (tahun 1719 - 1723)

1703 - 1704 (1708) Sunan Mas, Mangkurat III

1691 - 1704 GG. van Outhoorn

1704 1719 Pangéran Puger, Pakubuwana I

1705 - 1706 GG. van Horn

1719 -1727 Prabu Mangkurat IV


Kang anjalari perang rebut kaprabon kang sapisan iya iku congkrahè Sunan Mas karo Pangéran Puger, apa déné éra éru marga saka panggawéné Untung Surapati.

Untung Surapai iku batur tukon saka ing Bali, wis dadi prajurit ing Betawi, diunggahakè dadi Litnan manggedhéni prajurit Bali sagolongan.
Nalika perang Banten Untung minggat ndhèrèk Sultan Agung ing Banten, salebaring perang nuli nggawa kancané sawatara klambrangan ana ing bawah Priyangan, gawéné njarah rayah.
Bareng dioyak ing prajurit VOC. Untung Surapati sakancané Bali mlayu mangétan nyuwun pangauban marang Sunan Mataram.
Senadyan Untung Surapati mungsuhing VOC., ana ing Kartasura ditampani becik malah dadi andhel andhel GG. Champhuys nuli utusan Mayoor Taak menyang Kartasura perlu nyekel Untung Surapati lan nagih utangé Marang marang VOC.
Nalika prajurit Walanda teka ing kutha, wong Jawa lan wong Bali wis perang dhéwékan.
Sasuwéné ing paperangan gègèr gègèran, Mayoor Tak di kroyok ing gegaman, prajurit 70 kang mati. Untung Surapati sakancané bablas mlayu mangétan.

Ana ing Pasuruwan Untung Surapati ngedegaké karajan.
Untung Surapati jumeneng adipati jejuluk Wiranagara jajahané saya jembar, nenelukaké ing sakiwa tengené malah nganti tekan ing Kedhiri,
Sarèhné Untung Surapati saya ndadra, Mangkurat II minta sraya marang VOC. nanging GG. van Outhoorn durung mituruti.
Nalika semana ing saTanah Jawa akèh sekaitan nglawan wong Walanda.
Sawènèhing panggonan disebari layang nyalawadi kang ngemu rasa ngojok ojoki numpes wong "kapir".
Akèh priyagung Banten lan Mataram sing padha mbiyantu sekaitan iku.
Malah ana wong Melayu saka Sumatra aran Ibnu Iskandar kang mèlu dadi penuntuné sekaitan mau, nglurugi Betawi nggawa prau akèh.
Bareng konangan ing Walanda banjur ditempuh rusak bebarisaning prau.
Prakara iku njalari enggoné VOC. ora gelem ngréwangi Mangkurat II.
Ing tahun 1703 Mangkurat II séda, kang gumanti jumeneng, Sunan Mas utawa Mangkurat III; marga saka cacading sampéyan, uga katelah asma Sunan Kencèt.
Sunan Mas congkrah lan pamané Pangéran Puger, mungguh kang dadi jalarané iya saka siyané Kangjeng Sunan.
Sunan Mas iku pancèn misuwur siya lan sawenang wenang tindaké.
Pangéran Puger lolos saka Kartasura, tindak menyang Semarang mundhut pitulungan Compagnie.
Sunan Mas wis rambah rambah kirim layang menyang Betawi, mundhut balining pamané, nanging ora dirèwès, awit paréntah ngerti yèn Sunan Mas sekutu lan Untung Surapati nedya nglawan Compagnie.
Paréntah Betawi uga ora gelem nganggep Sunan marang Mangkurat III; kang dianggep malah Pangéran Puger, awit Sang Pangéran ana ing Semarang uga wis kaangkat Sunan déning para priyagung akèh, jejuluk Sunan Paku Buwana.
Anané perang rebut kaprabon iku wiwit ing tahun 1704, tekan tahun 1708.
Marga saka pitulungané VOC. Paku Buwana bisa lestari jumeneng ratu, nanging miturut perjanjian ing tahun 1705 jajahané VOC. dielar mangétan, watesé sisih lor Cilosari, ing sisih kidul Cidhonan ing Cilacap.
Sunan Mataram wis ora duwèni wewenang ing atasé tanah Sumenep lan Pamekasan.
VOC. diwenangké kena sediya prajurit ing Kartasura manèh.
Nalika Kartasura ditekani wadyabala Walanda, Sunan Mas lolos mangétan mundhut pitulungan marang Untung Surapati.
Ing tahun 1706 prajurit VOC. kang disénapatèni Knol nempuh ing Bangil, yaiku bètèngé Untung Surapati kang santosa dhéwé.
Ing Bangil bedhah, nanging Untung Surapati ora kecekel, mung baé amarga ketaton ora antara lawas mati.
Ing tahun 1707 ana prajurit VOC. nglurug mangétan manèh merangi para anaké Untung Surapai kang mbiyantu Sunan Mas.
Ing tahun 1708 Sunan Mas asrah bongkokan marang Knol, nuli kakéndhang menyang Ceylon.
Ing tahun 1719 Paku Buwana I séda, njalari perang rebut kaprabon kang kapindho.
Para sadhèrèke Sunan anyar Prabu Mangkurat IV padha mèrèkaké nganti nganakaké perang.
VOC. mitulungi marang Mangkurat IV. Para panganjuré kraman padha dibuwang menyang Ceylon utawa menyang jajahan Compagnie ing Afrika sisih kidul (Kaapkolonie).

18 Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 10
Kaanané VOC Wiwit Tengahè Abad 17
Tumekané Tengahè Abad 18
Nalika J. Maetsuycker madeg dadi Gouverneur Generaal (tahun 1653 - 1678) jajahan darbèké Compagnie wis rada akèh.

Betawi lan wewengkoné, wiwit tahun 1619
Kutha Malaka lan wewengkoné, tahun 1641
Ambon, Kepulowan Bandha, Makasar, tahun 1667
Punto de Gale lan Legombo ing Ceylon, tahun 1658
Tlatah tlatahané pasisir Coro9mandel, lan Malabar, tahun 1661
Kejaba iku VOC. iya duwè kantor ing pasisiré sunglon Persi, ing Benggala, Siyem, Formosa lan Decima.
Saking jembaring jajahan lan kèhing kauntungan VOC. bisa sugih lan kuwasa.
Para aandeelhouder wis akèh banget bathiné, ngungkuli bathèn kang wis katemtokaké, iya iku 12,5%.
Ing tahun 1642 bagéyaning Bathi nganti mundhak tekan 50%, VOC. dadi ndedel, ing saantarané tahun 1630 lan tahun 1650 bisa tikel 3 utawa 4.
Kauntungané VOC. iku jalaran saka pranatan monopolie.
Marga saka monopolie mau VOC. bisa kulak murah lan yèn dodolan dilarang larangaké.
Upama bumbu crakèn: pangulaké pala sa"pun" terkadhang mung 7,5 sèn, pangedolé 3,5 rupiyah.
Pangulaké cengkèh sa "pun" 20 sèn, pangedolé sok 10 rupiyah.

Pangrehing VOC. (Bewindhebber) ing tanah Walanda kang diarah mung ngencengaké pranatan monopolie, ora susah njembaraké jajahan.
VOC. kudu ngedegaké loji loji manèh, awit VOC. kudu mung salugu dedagangan.
Balik pangrèhing VOC. ing Betawi karepe ngendhokaké monopolie.
Wong bumi kerep disuwunaké idin GG. Coen lan van Diemen prakara kamardikaning dedagangan, nanging para Bewindhebber ora mituruti.
Punggawané VOC. akèh kang wong asor lan ala, wuwuh wuwuh blanjané ana ing tanah Indhiya mung sathithik.
Blanja kawitan (asistèn = carik) mung 10 rupiyah, banjur mundhak 55 rupiyah (koopman) lan 75 rupiyah (opperkoopman) ing sasasiné.
Blanja sathithik mau tampané nganggo dicowok umpamané kanggo tetanggungan.
Kang mangkono iku njalari para penggawa padha dagang peteng utawa dagang colongan.
Ananging sarèhné dagangan VOC. nalika semana gedhé banget lan bathiné dudu sebaéné dai prakara klèruné pranatan monopolie apa déné tindaké para punggawa sing ora bener isih samun durung pati ketara.
Ing kawitané abad kang ping 18 jajahané VOC. akèh banget, apa manèh ana ing Tanah Jawa.
Jajahan lan panguwasané karajan Banten lan Mataram saya kalong kalong.

Betawi, Krawang tekan kali Indramayu, Priyangan tekan segara kidul; Semarang lan wewengkoné (tahun 1677), Cirebon wus ngaub marang VOC.
Tapel watesé jajahan Banten sisih wétan Cisédané. Jajahan VOC. mangétan tekan Cilosari lan Cidhonan (tahun 1705).
Ing tahun 1659 VOC. prajangjian karo Sultan ing Palembang, oleh idin ngedegaké bètèng ing bawahè.
Ing tahun 1667 VOC. ngedegaké loji ana ing Padhang.
Sawisé prajurit Walanda mitulungi marang para kawulané ratu Aceh, kang jajahané dhèk mauné ketug ing Indrapura (Sultan Iskandar Muda), VOC. ora mung katon gedhé panguwasané nanging iya katon sugih.
Kutha Betawi saya suwé saya gedhé lan asri, nganti diarani "Ratuning kutha ing bumi sisih wétan".
Dadi ing jaman iku VOC. kaya kaya lagi mumbul mumbule.

Mungguh ing satemené senadyan gelaré kuwasa lan sugih banget, VOC. wis mundur, ngalamat arep bobrok.
Kasugihané saya kalong, malah terkadhang terkadhang uga nganti tuna, nanging kejaba para Bewindhebber ora ana kang ngerti, awit digawé wadi banget.
Para Bewindhebber enggoné awèh dividènd (anakaning andhil) marang para aandeelhouder isih ajeg akèh.
Dadi saya suwé bandhané VOC. saya suda.
Mungguh karepe para Bewindhebber enggoné ngrendhem wadi mau, supaya VOC. diaranana isih sugih lestaria diandel aja nganti kepatèn ubed.
Wasana ing tengahing abad 18, VOC. wis katandhegan utang 3 yuta.

Kang dadi jalaran sudané kasugihan VOC. warna warna, kayata:
1. Kèhing wragad VOC. kanggo peperangn, tansah kapeksa sediya
prajurit lan prau perang akèh.
2. Rèhné jajahan saya jembar, punggawa saya mundhak akèh,
anjalari undhaking wragad.
3. kauntungan laku dagang wis ora kaya wis ora kaya dhèk abad
kang kepungkur, awit akèh punggawa VOC. lan wong bumi
padha laku dagang peteng utawa dagang colongan, VOC.
enggoné mblanjani punggawané kesethithiken, dadi
punggawané mau kepeksa golèk kauntungan liya sarana
dagang peteng.
Déné wong bumi enggoné dagang colongan lelawanan wong
Inggris utawa bangsa manca liyané.
Marga saka malaking VOC. enggoné nindakaké monopolie,
wong bumi padha gelem nerak prajangjiané monopolie.
Rèhné wong bumi wis dadi mlarat marga saka pamèring VOC.
lan punggawané karajan Jawa, barang pedagangan saka
Europa mung sathirhik payuné.
4. VOC. enggoné dedagangan ana ing Europa kerep tuna banget,
marga dijori ing bangsa Inggris lan Prasman.

Rékané para Bewindhebber enggoné arep nututi kapitunané serana ngencengaké tindaking monopolie lan nglarangi dagang peteng.
Ewa déné sanadyan dagang peteng iku dilarangi banget kanthi ukuman abot, meksa saya ndadra, awit VOC. ora ngundhaki blanjané punggawané, lan pangulaké barang dedagangan kemurahen.
Ana réka dayané VOC. kang sakawit ndadèkaké kauntunganing VOC, dhéwé lan bangsa bumi, yaiku enggoné nganakaké wulu wetu liya, kayata: nila, lawé, secang (kanggo pulas). Kang akèh banget pametuné yaiku kopi.
GG. Zwaardekroon ngudi banget marang ajuning tanduran kopi mau (tahun 1718 - 1725).

Wiwit VOC. dagang kopi iku mauné saka rembugé P. van den Broecke, nalika isih ana ing Mokka (jajahan Arab).
Saya suwé kopi mau ana ing Europa saya payu.
VOC. enggoné kirim kopi weton Mokka menyang Amsterdam ing sataun tauné nganti 300.000 pun.
Bareng wong Turki ngengèl engèl wetuning dagangan kopi, VOC. nuli nyoba nandur dhéwé ana ing Tanah Jawa (tahun 1706).
GG. Zwaardekroon prajangjian lan wong bumi dikon nandur kopi, pametoné saben sadhacin bakal dituku 15 ringgit.
Wong bumi seneng atiné déné pituwasé mèmper, mulané iya saya maju panggarapé, Tanah Jawa saya akèh pametuné.
Nanging suwéning suwé VOC. saya sawenang wenang, regané kopi didhunaké nganti 1 dhacin mung diajèni 5 ringgit. Wong bumi banjur suda kamajuwané, wit kopi akèh kang ditegori.

Ing tahun 1721 Paréntah ing Betawi mèh baé kabilaèn, marga saka panggawéné Pieter Elberfeld, iya iku sawijining Walanda pranakan Jerman lan Jawa.
Pieter Elberfeld mau duwè sedya arep ngraman jalaran nalika patiné bapakné sapéranganing warisané dadi meliking Paréntah.
Pieter Elberfeld banjur ngirup bala dibantu wong Jawa, aran Kartadriya andhel andhelé Untung Surapati.
Ana bangsa mutihan kang ngojok ngojoki wong sarana andum jimat.
Karepe Pieter Elberfeld sakèhing Walanda bakal ditumpes, dinané ditemtokaké tanggal 1 Januari 1722.
Bareng ndungkap tumekaning wektuné, Paréntah Betawi lagi baé oleh warta. Pieter Elberfeld sakancané enggal ditukup; sawusé ngaku banjur dipatèni siya siya.
Endhasé Pieter Elberfeld dikethok, ditanjir ana ing regolé pekarangané dhéwé, omahè dirombak, pomahané disangaraké ora kena dienggoni ing wong.
Dhawuhé Paréntah katulis ing watu, tumekané saiki isih tetep mengkono.


Kutha Batavia ing tahun 1682

19 Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 11
Panguja ngujané Wong Betawi Marang Cina,
lan Pengramané Wong Cina.
Mas Garendi didadèkaké Ratu Penglawané Paku Buwana II.
Pambelané Mangkubumi lan RM Said
lan Pecahing Nagara.Perang Banten.

Mas Garendi (wayahè Mangkurat III) utawa Sunan Kuning, Mangkurat V. Mangkubumi, Pangéran Mas Said


1727 – 1749 Paku Buwana II

1725 – 1729 M. de Haan

1755 Hamengku Buwana I

1749 – 1788 Paku Buwana III.

1637 – 1639 A. Valckenier

1757 Mangku Nagara

1743 -1750 G. van Imhoff

1750 – 1761 J. Mossel

Ing wiwitané abad kang kaping 18 Betawi akèh banget Cinané.
Ora antara suwé wong Cina mau akèh sing angguran; ing kutha Betawi lan wewengkoné kerep ana rerusuh.
Ing saadegé Betawi akèh wong Cina kang diboyongi saka Banten menyang Betawi kanggo ngrejakaké kutha, awit wong Cina mau sregep lan pinter gegawéyan.
Sesanggané dièntèngaké, supaya Cina liyané padha kepéngin gelem manggon ing kono.
Wasana ing wiwitané abad 18 duga duga ing sajroning kutha baé ana jiwa Cina 60.000 lan ing wewengkon Betawi 40.000.
Déné kang dadi pangupa jiwané, nenukang, adol gula, tèh, nganti akèh kang bisa dadi sugih.
Ewa déné suwé suwé ing Betawi saya akèh Cina kang ora duwè panggaotan, gawéné mung ngemis, malah ora sethithik kang gelem nindakaké kadurjanan.
Kang ndadèkaké ora trimané wong Cina iya iku:
1. Dhawuhé GG. van Swol (tahun 1713 – 1718) bab reganing
tèh Cina.
Tekané Cina saka ing negarané padha numpang prau kang
momot tèh didol marang VOC.
Bareng para Bewindhebber rumangsa ora pati akèh
kauntungané enggoné dagang tèh, GG. mau banjur
namtokaké yèn tèh weton negara Cina, kang mauné diajèni
60 rupiyah ing sadhaciné, ing sabanjuré bakal diregani 40
rupiyah.
Temahan nuli ora ana prau momot tèh teka ing Betawi.
Saka pangudining GG. Zwaardekroon wiwit ing tahun
1722 ana prau momot tèh manèh teka ing Betawi.
2. Ing tahun 1706 wis ana angger nglarangi wong Cina teka
ing Betawi tanpa panggaotan. Wiwit tahun 1722 Paréntah
dhawuh nggawa Cina kang tanpa panggaotan, menyang
Ceylon, Bandha utawa Kaap de Goede Hoop.
Mung kang duwè layang pratandha idining Préntah, kena
lestari manggon ing Tanah Jawa.
Ewa déné ing Betawi ing Betawi ora entèk entèk Cinané kang angguran sarta gawé rerusuh.
Wusana ing tahun 1740 GG. Valckenier nemtokaké putusan: sakèhing Cina kang sakira nyumelangi, senadyan duwè layang pratandha, kudu dicekel kalebokaké ing kunjaran, perlu katiti priksa.
Cina mau yèn ora duwè panggaotan kudu digawa menyang Ceylon, diwènèhi pagawéyan nggarap kebon manis jangan.
Para punggawa kang nindakaké dhawuh mau, padha golèk kasil, senadyan Cina sugih padha diancam arep dikirimaké menyang Ceylon, supaya metu beselé.
Wekasan dikabaraké yèn kareping Paréntah nedya numpes Cina kabèh.
Cina padha muring kamoran wedi, akèh kang lunga saka kutha, klambrangan gawé rerusuh malah nganti wani nempuh kutha.
Wong Walanda saya giris bareng krungu warta yèn kraman sajabaning kutha sekaitan karo kang ana ing jeron kutha, pratandhané déné padha tandho gegaman lan nyingkiraké anak bojoné; besuk yèn ana omah kobong Cina jaban kutha lan jeron kutha bakal bebarengan nempuh.
Dumadakan sawijining dina ana omah kobong temenan.
Bangsaning Walanda arahan dibantu para matrus sarta saradadu apa déné wong Jawa lan batur tukon banjur padha tumandang ngiras males ukum marang pangrusaké Cina.
Genining omah kang kobong diubal ubal, sakèhing Cina kang ora bisa oncat padha dipatèni, barang darbèké dijarah rayah.
Nganti saminggu suwéné mung mangkono baé kaanané.
Omah kang kobong ana 600, Cina kang dipatèni kira kira 10.000.
Nguninani pangrusak kang nggegirisi iku, Préntah ing Betawi kèndêl baé.
Para prajurit mèlu gawé rusuh ora dilarangi.
Malah nalika lagi ana èra èru iku GG. Valckenier dhawuh matèni sakèhing Cina kang ana ing pakunjaran.
Ing satentreming kutha Paréntah ngondhangaké pangapura marang Cina, kang gelem masrahaké gegaman.
Akèh kang gelem manut, nuli diwènèhi panggonan ing jaban kutha dadi sakampung.
Cina kang padha oncat saka Betawi lan Cina ing liya panggonan, ngumpul dadi baris gedhé, ngepung kutha Semarang.
Sunan Paku Buwana II mbiyantu marang Cina, awit digalih Cina bakal bisa nglungaké Walanda, lan banjur dhawuh nempuh bètèng Walanda ing Kartasura.
Para opsir ana ing kono padha dipatèni, saradadhuné dipeksa manjing Islam.
Ing sawusé wong Walanda ing Semarang oleh bantu saka Betawi, wong Cina keplayu.
Wong Madura uga mbiyantu marang VOC. Dhèk samana Sunan Mataram sumelang yèn bakal tampa piwalesé VOC. mulané enggal enggoné minta pangaksama.
Para priyagung Jawa kang sengit marang Walanda lestari mbiyantu Cina, dadi mungsuh ratuné dhéwé.
Kartasura ditempuh, Paku Buwana II kèngsêr. Banjur Mas Garendi, wayahè Sunan Mas kajumenengaké ratu, ajejuluk Mangkurat V, nanging katekanè sinebut Sunan Kuning.
Paréntah Betawi nuli nglakokaké bala menyang Kartasura.
Kabeneran kraman Jawa ecrah lan kraman Cina, dadi gampang enggoné nungkulaké.
Mas Garendi dibuwang. Kratoné Paku Buwana II banjur dielih menyang désa Sala, kang nuli dijenengaké Surakarta Adiningrat.
Pulo Madura lan Tanah Jawa pasisir lor banjur dipasrahaké marang VOC.
Surasané prajangjian ing tahun 1743 mangkéné: Sunan Paku Buwana ngakèni yèn enggoné lestari ngrenggani kaprabon iku mung saka kawelasané VOC.
Bareng Cakraningrat ing Madura tampa dhawuh yèn negarané dipasrahaké marang VOC., banget ing pambangkangé, malah ngejègi tanah Madura sisih kulon, lan tlatah tlatah ing Tanah Jawa Wétan.
Temahan diperangi ing VOC.
Ora lawas Cakraningrat kecekel, dibuwang menyang Kaap de Goede Hoop.
Putrané diangkat bupati déning VOC. ngerèh Madura kang kulon.
Tanah wewengkoning Betawi nalika ana kraman banget karusakan.
Dhèk samana kang jumeneng Gouverneur Generaal Baron Van Imhogg (tahun 1743 – 1750) iya iku priyagung kang sregep lan cakep ing gawé.
Saka pangudiné Van Imhoff tanahè bisa reja manèh.
Nalika tahun 1744 Van Imhoff pepriksa menyang wewengkoning Betawi nganti ketug pagunungan.
Sawusing papriksa, kersané GG. Van Imhoff, tanah tanah kang bera arep diséwakaké utawa digadhèkaké, karebèn metu kasilé.
Wong kang nggadhé utawa nyéwa tanah bakal oleh wewenang sarta pangayoman saka Paréntah, nanging wulu wetuné kudu didol marang VOC., regané ditemtokaké ing Paréntah.
Van Imhoff dhéwé nuladhani, mbobak tanah ing sukuné gunung Salak, sarta ing kono ngedhegaké pasanggrahan dijenengi Buitenzorg (tahun 1744).
Para Bewindhebber nuli awèh lulusan yèn Buitenzorg katetepaké dadi pasanggrahané para Gouverneur Generaal.
Kajaba saka iku Van Imhoff nekakaké wong saka nagara Walanda kang pancèn baku tani. Banjur pranatan kang ndadèkaké kapitunané wong Jawa disuwak, yaiku yèn pametuné kebon kopi kakéyan, kebon mau dibabadi amrih undhaking regané kopi.
Tindak mangkono iku dilarangi, nuli GG. Van Imhoff nemtokaké kèh sathithiking kopi kang dadi ladèn marang VOC.
Van Imhoff sawisé njajah Tanah Jawa Tengah sarta Wétan, nuli ngarang layang palapuran kang maédahi banget ingatasé Paréntah.
Ing ngisor iki kacarita bab perang lan reribedé VOC. sarta Mataram kang marga saka kurang wewekané tindaké Van Imhoff.
Nalika GG. Van Imhoff ana ing Surakarta ing wektu samono Pangéran Mangkubumi lagi seserikan karo kang raka Kangjeng Sunan.
Saka kersané Van Imhoff arep ngélingaké marang Sang Pangéran nganti kewetu serengé ana ing pasamuan, andadèkaké banget seriké Pangéran Mangkubumi, awit rumangsa bener, kok malah disrengeni.
Ing saunduré saka pasamuan Sang Pangéran trus lolos saka nagara, ngimpun bala sarta banjur gandhèng karo Radèn Mas Said, kang ing wektu iku wis madeg kraman uga.
Priyagung sakaroné wis sekutu ngraman marang Sunan Paku Buwana II.
Ing tahun 1749 kraman durung kena disirep, banjur Kangjeng Sunan séda, iku saya andadèkaké kisruhing nagara.
Nalika Paku Buwana II isih gerah, Van Hogendorp, Gouverneur ing pasisir lor, ditimbali, dingendikani bab oreging nagara.
Dadining rembug karajan Surakarta dipasrahaké babar pisan marang VOC.
Dadi ing satemené wiwit tahun 1749 para ratu Jawa wis ora kagungan bumi.
Sanadyan saka karsané kang rama Pangéran Adipati Anom wis ora duwè wenang marang karajan Surakarta, nanging Sang Pangéran meksa kajumenengaké nata déning Van Hogendorp, mung baé enggoné jumeneng mengku nagara dumunung anggadhuh.
Para priyagung ing Surakarta akèh kang mrekitik atiné bareng ngerti yèn tanah Surakarta dadi darbèking VOC., banjur padha mbalik ngiloni Pangéran Mangkubumi.
Sadurungé Pangéran Adipati Anom jumeneng Paku Buwana III, Mangkubumi wis ngaku jumeneng ratu ing Banaran.
Sarèhné Pangéran Mangkubumi kumpul lan RM. Said, dadi santosa banget, nganti bisa ngelun luwih saparoné Mataram.
Paku Buwana III ora kagungan wragad sarta prajurit ora bisa lumawan perang, dadi anané mung mangsa bodhoa marang VOC.
Perangé kraman lan Compagnie genti unggul genti kasoran, wusana ing tahun 1751 Pangéran Mangkubumi bisa ngalahaké Compagnie ing sacedhaké kali Bagawanta.
De Clerq sénapatining prajurit, mati.
Sabakdané iku Sang Pangéran ngalakokaké bala mengalor nelukaké Pekalongan malah mèh nglojok jajahan Compagnie.
Paréntah ing Betawi sumelang banget, nuli nyantosani prajurit, wasana Mangkubumi kepeksa mundur, mubet ing wewengkoné Mataram manèh.
Ora antara lawas Pangéran Mangkubumi ecrah lan RM. Said nganti padha peperangan dhéwékan, awit RM Said duwè pamélik arep jumeneng Sunan dhéwé.
Prakara iku ndadèkaké kamayarané VOC. éwa déné Paréntah iya meksa rada wegah; utawa manèh sarèhné ngéman rusaking nagara lan wong cilik, mulané GG. Mossel rujuk lan karepe Van Hogendorp, para panggedhéning kraman arep dirukun baé, dicuwilaké tanah Mataram.
Ing tahun 1754 GG. Mossel tindak menyang Semarang katemu lan Kangjeng Sunan, perlu rembugan enggoné arep mérang karajan Mataram.
Paku Buwana manut baé, awit ora ana kang diendelaké.
Kelakon Van Hogendorp bisa rembugan lan priyagung sakaroné ing kraman, nanging ora kedadéyan.
Kang gumanti Governeur Harting iku bisa angon mangsa.
Sarèhné Mangkubumi lan RM. Said tansah memungsuhan, mangka RM. Said kegedhén panjaluk, mulané tumrapé Harting gampang baé enggoné bedhami karo Mangkubumi.
Ing tahun 1755 Sang Pangéran Mangkubumi bedhami lan Compagnie sarta Kangjeng Sunan ing Giyanti.
Putusing bedhami Sang Pangéran kajumenengaké ratu ngerèh saparoning karajan Mataram, nanging kudu netepi prajangjian kuwajibané marang Compagnie.
Sang Pangéran Mangkubumi banjur jumeneng ratu akadaton ing Ngayogyakarta Adiningrat jejuluk Sultan Hamengku Buwana I, Sénapati Ing Ngalaga Abdulrahman Sayidin Panatagama Kalipattulah.
Wiyosané malem Rebo Pon kaping 27 Ruwah windu Sengara tahun 1641 sinangkalan ”Janma Karya Wayanging Rat” utawa kaping lima malem 6 Agustus 1717.
Mungguh luhuring panggalihané Sang Prabu dicritakaké ing layang Rajaputra, mengkéné : ” Brataning galih sang nata, tansah olah jayèng jurit, atiti prana niskara, sura mbeg putus mikatsih, muja suraning dasih, pinrih samya gregetipun, sura asmarêng laga, memthèk kang wus wiradi, sinakyun dinadar boga busana.
Sinuksma gung bala tantra, panglembanira ngenting, kongas ing prabawa nata, murba prabaning memanis, mawenes ing prajasri, asri rasning rum arum, sumiram wartèng wadya, warata esthining dasih, srah susetya rena lir manggih suwarga.
Warga gung gambira samya, sumyak tejaning nayadi, adining kawirotaman, tumamèng karya narpati, kétang sihnya Sang aji, lumrah kang bala wadyagung, galaking para muka, tanah ing liyan nagari, myang ing manca kekes samya mèstu déya”.
Ing layang Rajaputra kono uga nyebutaké kresanané Sang Prabu: dahar sega pulen wangi, jangan loncom tanpa santen, bubuk dhelé lan témpé gedhé ginorèng.
Kang minangka dhaharan (panganan): ketan entèn entèn, lemper iwak pitik, ketan kolak gedhang raja.
Dadi mung sarwa gampang, tur murah lan mirasa.
Tanah wewengkoné praja Kasultanan dhèk semana ora dadi siji kaya saiki, jalaran lemah lenggahè ing Surakarta lan Ngayogyakarta padha pating plencat lan ora silah.
Wewengkoning karajan karo karoné kena kabédakaké dadi telung warna:
1. Negara yaiku kutha karajan;
2. Negara Gung, tanah sakiwa tengené negara, lan
3. Manca negara.
Kanggo lumrah lemah lungguhé para punggawa iku ana ing negara gung, ana siji loro kang ana ing manca negara.
Tanah manca negara mau dipenggedhéni bupati kang banjur kena sanggan pajeg pabandaran (strandgelden), tanah Kejawan mung kari:
I. Kutha Surakarta lan Ngayogyakarta
II. Negara gung iya iku:
1. Mataram = Ngayogyakarta,
2. Pajang = Surakarta sisih kidul kulon,
3. Sukawati = Surakarta sisih lor wétan,
4. Bagelen,
5. Kedhu,
6. Bumi Gedhé = Surakarta sisih lor kulon, lan
III. Manca Negara, yaiku Banyumas, Mediyun, Kedhiri, Japan =
Surabaya sisih kidul kulon, Jipang = Rembang sisih kidul
wétan, Grobogan lan tanah cilik cilik liya sawatara.
Murih dhamangé ing buku Klepu, panggawéné ana ing désa Klepu dhèk tanggal 26 September 1757. nanging buku iku ilang, mulané banjur ndadak gawé manèh ana ing Semarang ( 2 Nopember 1773).
Kamot ing layang kang dijenengaké ”Semarangsche Legger”.
Sajroning papréntahané Sultan Swarga, Ngayogyakarta dadi karta raharja, nganti karusakané nalika paprangan wis pulih ora ana labeté.
Tumekaning séda, Sinuwun Hamengku Buwana I lestari becik karo Kompeni.
Bangsa Jawa ngluhuraké banget karo panjenengané lan ngalem marang kasetyan lan kasudirané, nanging marga sugengé iku kerep ngrekaos, banjur rada nemahi watek brangasan sethithik.
Kerep banget pradondi prakara wates karo karaton Surakarta.
Déné leremé marga ananing wates anyar ing tahun 1773.
Tangkebé karo Pangéran Mangkunegara, yaiku putrané mantu, rada kurang becik.
Luwih luwih wiwit tahun 1763 saploke Kangjeng Sultan mindhokaké putrané (Kangjeng Ratu Bendara) karo Kangjeng Pangéran, banjur kerep banget padha ejèg ingejègan rebutan bawah nganti angèl pisah pisahané, marga prakara enggoné padha pasrahan punggawa kang padha aliyan bendara, banjur padha perang manèh.
Kejaba iku Pangéran Mangku Negara ora saged ngapura marang Sultan Hamengku Buwana I, marga garwané dipundhut bali mau.
Déné Kangjeng Sultan ndakwa, yèn Pangéran Mangku Negara gawé rusuh ana ing bawah Kasultanan.
Kangjeng Susuhunan ing Surakarta ngéloni Pangéran Mangku Negara.
Perangé iku nganti tekan tahun 1777. Wiwit tahun iku tangkepé Sultan Swarga marang Kangjeng Sunan lan Pangéran Mangku Negara katon becik.
Kacarita RM. Said isih mbajuraké perangé, nanging suwé suwé ora bisa lawan, awit dibut prajurit VOC. lan balané Sultan Hamengku Buwana.
Bareng kapèpèt ing tahun 1757 gelem bedhami ana ing Salatiga; putusané RM. Said kacuwilaké karajan Surakarta, kajumenengaké Pangéran Adipati, jejuluk Mangku Negara, ngerèh tanah Keduwang lan Wanagiri, nanging iya nganggo prajangji mbangun miturut VOC.
Nalika VOC. lagi nengah nengahi perang lan kraman Surakarta, yaiku tahun 1750, ing Banten ana kraman uga; mungguh kang dadi jalarané mangkéné: Wiwit ing tahun 1733 kang jumeneng ing Banten Zeinul Arifin.
Iku pangalihané ora kukuh, nganti kena kena diepak ing garwané trah Arab, asma Sarifah Fatimah.
Karepe Fatimah arep makolèhaké kaponakané asma Sarif Abdullah, kang wus kapundhut mantu sarta kaangkat Pangéran déning Sultan Zeinul Arifin.
Nadyan katemtokaké sarembug lan Compagnie, yèn kawenangaké gumanti jumeneng ratu, putrané Kangjeng Sultan kang wus kaangkat Pangéran Gusti, éwa déné Sarifah Fatimah or gumingsir.
Saka pangojok ojok lan wewadulé Fatimah, Sultan ing Banten nganti kalimput, duwè panjaluk marang Van Imhoff supaya Sarif Abdullah kenaa kajumenengaké Adipati Anom, déné Pangéran Gusti bakal kalorot.
Bareng Pangéran Gusti krungu pawarta kang mengkono iku, énggal énggal nyuwun pangéyuban menyang Betawi.
Saking pinteré Fatimah lan sumelangé VOC. bok menawa bakal kepeksa perangan manèh yèn ora nurutana karsané Sultan Banten lan Fatimah, murih katentremaning nagara Sang Pangéran Gusti disingkiraké menyang Ceylon.
Let satahun Sultan Banten kaya kaya gerah èngetan klenjit klenjit arep owah, Sarifah Fatimah agé agé njaluk lèrèhé marang Van Imhoff.
GG. Van Imhoff mituruti, Sultan Banten malah dibuwang menyang Ambon, ora lawas séda ana ing kono, nanging Compagnie bakal ngayomi.
Sakéndhangé Sultan ing Banten, kang ngerèh negara Fatimah kabantu ing Sarif Abdullah.
Sarèhné pangrèhe sawenang wenang, tur wong Banten kang dipanggedhéni Ki Tapa lan Ratu Bagus, emoh diratoni ing priyagung kang dudu darah Banten, dadi ora suwé banjur ana kraman.
Compagnie tetulung nguruni prajurit, nanging kalah, awit kraman pancèn santosa.
Nalika nedheng nedhengé gègèr gègèran ing Banten iku GG. Van Imhoff séda.
Saka pamanggihé GG. Mossel, Sarifah Fatimah utawa Sarif Abdullah pancèn ora nduwèni wajib jumeneng ratu, mulané Pangéran Gusti bakal dikonduraké dibiyantu VOC. bisané jumeneng Sultan.
Ing tahun 1750 Fatimah lan Sarif Abdullah kecekel kabèh sarta banjur dikéndhang.
Pangéran Arya Adi Santika, kang rayi Sultan Zeinul Arifin katetepaké dadi Sultan, ajejuluk: Abdul Maali Mohamad Wasiul Halimin, nanging nalika jumeneng iku nganggo prajangjian yèn anggoné jumeneng mung nggadhuh, malah tanah Lampung banjur dadi darbèking VOC.
Prakara iku isih ndadèkaké kraman manèh: Ki Tapa lan sagolongané wong Banten, kang ora gelem rujuk lan wong Walanda, ora tarima.
Pangéran Bagus Buang diangkat jumeneng ratu, merangi Arya Adi Santika, Pangéran Gusti lan VOC., nanging suwé suwé Ki Tapa kalah.
Ing tahun 1753 ing Banten wis tentrem. Pangéran Arya Adi Santika sèlèh keprabon marang Pangéran Gusti kang banjur ajejuluk Abu’n Natsar Mohamad Arif Zeinul Acekin.
Ratu anyar iku nalika jumenengé iya nganggo nganyaraké prajanji kaya déné prajanjine Sultan Adi Santika lan VOC.



20 Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 12
Kaanané VOC. Ngarepaké Ambruké
(tahun 1757 - 1800)


Ing sasirepé kraman Mataram lan Banten, ing Tanah Jawa banjur dadi tentrem, kang durung mung ing Blambangan, amarga saka panggawéné wong ing Bali lan turuné Untung Surapati.
Sarèhné ing wektu iku wus ana wong Inggris kang dedagangan ing kono, VOC. sumelang yèn tanah Bang Wétan bakal dirukun, mulané banjur nglurugaké bala mrono.
Wiwit ing tahun 1772 Blambangan iya sirep.

Dadi saTanah Jawa ing jaman iku wis wiwit raharja lan kelakon kawengku ing Compagnie kabèh.
VOC. wis prasasat maharaja, sakèhing mungsuhé padha dipunthes, kira kira wis ora bakal mbebayani, ora abot sanggané.
Nanging mungguh sranané kang kanggo munthes iku ing jaman wekas wekasan wis dudu kasentosaning wadya bala thok, nanging uga nganggo akal kajuligan, mratandhani yèn VOC. entèk kekuwatané, kaya kang dicritakaké ing ngisor iki.

Sabakdané jaman peperangan ing Tanah Jawa, saya suwé saya katon yèn Compagnie bakal ambruk.
GG. Mossel 9tahun 1750 - 1761) lan Van der Parra (tahun 1761 - 1775), apadéné para GG. kang padha gumanti yaiku Van Riemsdijk (tahun 1775 - 1777), De Klerk (tahun 1777 - 1780) padha mbudi daya ngentèkaké akal, murih tulusé VOC., nanging ngrekasané tanpa pituwas, Compagnie wis ora kena digéndholi.

Nalika semana ing Tanah Jawa malah wiwit raharja, awit wis ora ana peperangan, sarta Compagnie tansah njaga murih bisané tansah memitran karo Kangjeng Sunan ing Kejawan.
Sanadyan tindaké para ratu Jawa kerep ndadèkaké kapitunané wong cilik, nanging Compagnie trima meneng, awit pancèn ora ngrembug marang begja cilakané wong bumi.
Yèn kadhang kala Surakarta lan Ngayogyakarta padha gèsrèk prakara watesing nagara, VOC. iya ora gelem mèlu mèlu.

Jajahan ing sajabané Tanah Jawa ing wektu iku VOC. iya ora pati bisa ngrembug, wasana suda kuwasané.
Ana ing Indhu Ngarep kuwasané wong Inggris saya gedhé.
Malah ana ing Benggala kuwasané ngungkuli VOC.

Kerep baé wong Walanda lan wong Inggris ana ing kono padha grejegan, malah terkadhang nganti dadi perang.
Sarèhné VOC. kalah kuwasa, wasana kantor kantoré ing Benggala kudu nganggo diawat awati ing wong Inggris.
Ana ing Ceylon VOC. kerep sulaya karo raja ing Kandhi prakara padagangan manis jangan lan pandumaning bebathèn, nanging rahayu isih bisa terus panguwasané.
Ana ing Persi VOC. ora bisa terus dedagangan.
Padagangan ing Sumatra pasisir kulon lan wétan ora bisa ngolèhaké kauntungan kang mèmper marang VOC., samono uga padagangan ing Bornéo.
Ana ing kapulowan MOLOKO VOC. iya isih lestari oleh dagangan crakèn, nanging saya katon yèn suda suda.

Sarèhné Compagnie kaya mangkono kaanané, ora lawas mesthi bakal ambruk.
Kebarengan tanah Walanda banjur perang lan Inggris, iku kang nyengkakaké ambruké VOC., awit VOC, wis ora bisa ngukuhi jajahan ing Asia, marga saka kuranging prajurit, mangka ora bisa oleh bantu saka nagara Walanda.
Kantor kantor ing Indhu Ngarep tiba ing tangané wong Inggris.
Jajahan ing Sumatra pasisir wétan kulon kena direbut ora nganggo bisa lawan.

Kaanané VOC. ing nagara Walanda luwih rekasa lan ing tanah Indhiya.
Prau prau kang saka Indhiya akèh kang padha dirampas déning wong Inggris.
Saking kekesing ati nganti ora ana prau dagang kang wani mingsed saka pelabuhan.
Dadi laku dagang mandeg babar pisan.
ing Betawi ora ana prau teka anggawa prajurit, gegaman utawa dhuwit, utawa njupuk dagangan, nganti sakèhing gudang gudang padha ambruk, mulané yèn ana prau saka negara liya kang gelem kulak dagangan murah murahan baé.
Paréntah ing Betawi wis rumangsa bungah.
Nganti telung tahun lawasé tanah Indhiya enggoné karibedan mangkono iku, wasana ing tahun 1784 perangé Walanda lèrèn.
Miturut prajangjiané bedhami: Compagnie ora kena mbanjuraké bedhami monopolie ing tanah Indhu, wong Inggris ora kena dilarangi enggoné dagang layar ana ing kono.
Ing sabakdané perang VOC. saya katon ngrekasané, ing tahun 1791 kecupetan 96 yuta, mangka arep golèk utangan wis ora ana kang ngèndel.
Mangkono iku kaanané VOC. nalika nagara Walanda lagi jaman dahuru, wiwit tahun 1795 nagara Walanda banjur kecekel ing para kraman ing Frankrijk, mangka nagara Frankrijk mungsuhan karo Inggris.
Awit saka iku tanah Walanda iya mèlu mungsuhan karo negara Inggris.
Kacarita Willem V, Stadhouder ing tanah Walanda ing sajroning jaman dahuru mau sumingkir menyang tanah Inggris.
Déné VOC. saka panémuné Willem V luwih becik dititipna dhisik menyang wong Inggris supaya aja kecekel ing para kraman Walanda, awit yèn wis kecekel ing para kraman bisa uga direbut ing krajan Inggris (Layang saka Kew.), nanging panimbang iku ora digugu, mulané VOC. sida diperangi karajan Inggris.
Wiwit tahun 1796 jajahané VOC. mèh kabèh, kejaba Tanah Jawa lan Ternate, klakon direbut Inggris.
Wasana ing tahun 1799 VOC. ambruk, dibubaraké, barang darbèké diliyer ing Paréntah Walanda kang lagi tetep anyar.



Pérangan Kang Kathelu
Babad Jawa Wiwit Ambruké VOC. Tumeka Saprené
(tahun 1800 - 1924)

21 Pérangan Kang Kathelu
Bab 1
Tanah Indhiya Wiwit Adegé Bataafsche Republiek
Tumekané Jaman Daendels
Jumenengé GG. Overstarten (1796)
1800 - 1801, Siberg, Wiese lan
Daendels (tahun 1808 - 1811)
Ing saambruké VOC., tanah Indhiya kacekel ing Paréntah Praja Walanda (Bataafsche Republiek), nanging mungguh pranatané pepréntahan wiwitané ora owah, sakèhing punggawa dilestarèkaké pangkaté lawas, mung baé salin bendarané, yaiku Paréntah Praja Walanda.

Ing jaman iku Paréntah Walanda duwè karep mbeciki pangrehing tanah Indhiya; mung baé mungguh ing rékané isih rekasa, awit ing Bataafsche Republiek panémune para pinter padha gèsèh.
Ana Sarjana loro mauné padha panggedhéning Compagnie, nanging karepe nglestarèkaké monopolie lan parokané VOC. liyané, punggawaning negara uga ngiras dadi sudagar.
Sijiné aran Van Hogendorp kang mauné dadi Gezaghebber ing Tanah Jawa Wétan, duwè karep misahaké paprentahan lan dagang, apa déné duwè karep nyuwak monopolie .
Sesanggan peksan lan gugur gunung arep dimarèni.

Van Hogendorp uga banget nyuwun marang Paréntah Walanda, supaya pepréntahaning tanah Indhiya bisa becik, pangadilan bisaa sabeneré, apa déné supaya wong Pribumi diparingana lemah dhéwé dhéwé (individueel groundbezit).
Paréntah Walanda banjur nganakaké Commisie, kang dipatah gawé rancangan mungguh ing paprentahan tanah Indhiya.
Wasana ing tahun 1805 panémuné Van Hogendorp dianggep ing Paréntah Walanda.
Mung baé wong kang diutus supaya anindakaké pepréntahan mau, ora bisa tekan ing tanah Indhiya, nuli didhawuhi mulih, awit bab owahing pepréntahan ing tanah Walanda.

Kacarita ing tanah Walanda wiwit tahun 1806 Bataafsche Republiek salin dadi karajan, kang jumeneng rate Lodewijk Napoleon, sadhèrèké Keizer Napoleon ing Frankrijk.
Mangka Sang Keizer banget sumelangé yèn tanah Indhiya bakal direbut ing karajan Inggris, mulané Lodewijk Napoleon kepeksa netepaké Gouverneur General kang awatak Sénapati, miturut dhawuhé Keizer Napoleon, Kang dipilih Mr. H. Daendels.
Mungguh kaanané tanah Indhiya ing nalika iku kalebu raharja.
GG. Van Over Straten njaga banget marang Tanah Jawa, Betawi disentosani.
Kalakon wong Inggris nempuh Betawi nganging kena dibalèkaké.
Lakuning tetanèn ing Tanah Jawa kalebu sempulur, kang akèh pametu kopi lan tebu.
Sarèhné isih nengah nengah jaman perang dadi wulu wetuné Tanah Jawa, yaiku: kopi, gula, kapas, lsp. ora kena dikirimaké menyang nagara Walanda, nanging malah kebeneran, awit dagangan Tanah Jawa banjur dikulak bangsa liya (Denemarken, Amerika) ana ing tanah Indhiya kéné, dadi sing padha bathi para sudagar ing tanah Indhiya dhéwé, dudu sudagar ing nagara Walanda.
Tanggal 1 Januari 1808, Daendels rawuh ing Tanah Jawa.
Miturut unining kakancingané Daendels mau kabawah marang Minister van Kolonien, nanging sarèhné lagi nengah nengahi perang, lan Tanah Jawa tansah dinganglangi wong Inggris, dadi Daendels prasasat madeg dhéwé.
Sanadyan Gouverneur Generaal iku mesthiné kudu nganggo rembugé Raad van Indie, nanging yèn prakara perang, Daendels ora gelem tarèn marang Raad van Indie, kang digugu mung karepe dhéwé, malah dalasan prakara paprentahan angger sing wis dikarepaké iya kudu klakon.
Dadi panguwasané Daendels prasasat tanpa wangenan.
Saking kencenging kekarepan lan kawicaksanané, sajroné dadi Gouverneur Generaal ing dalem 3 tahun, wis akèh lelabuhané, mung kuciwané sok kurang welasan.
Ing sajumenengé Daendels enggal merlokaké pananggulanging mungsuh ana ing Tanah Jawa.

Kèhing prajurit diundhaki sarta diajari temenan.
Sarèhné ora bisa oleh kiriman prajurit bangsa Walanda, banjur golèk wong pribumi kang gelem angkil, sakèhing batur tukon kang sakira kuwat, angger gelem dadi saradadhu, banjur dimerdikakaké.
Daendels kenceng banget panyekelé papréntahan miltair, nanging uga nyembadani panyuwuné saradadhu, dadi ora kaya jaman VOC.
Sarèhné ora bisa oleh pitulungan saka tanah Walanda, apa kabutuhaning prajurit ing Tanah Jawa dianakaké dhéwé, kayata: pabrik gegaman ing Surabaya, pabrik meriyem ing Semarang, rumah sakit sapraboté, sekolahan kadèt (magang opsir).
Kajaba iku ing Surabaya didegi bètèng lan ing Betawi disentosani banget.

Sarèhné Paréntah ing tanah Indhiya ora duwè èskader, kersané Daendels arep yasa dhéwé ing sakuwasané.
Ora antara lawas tanah Indhiya wis duwè prau 45, senadyan cilik nanging kukuh kukuh lan rikat lakuné.
Déné prau prau mau gunané kang gedhé digawé merangi bajag.
Sarèhné wis ana èskader, kersané Daendels arep gawé pelabuhan perang kang sentosa, kang dipilih: sunglon Meeuwenbasi (Cimajang).

Bareng wis suwé panggarapé lan toh pati akèh, mangka ora maju pagawéyané, banjur ngalih sunglon Merak, kang arep didadèkaké pelabuhan, nanging meksa ora kedadéyan, marga saka kangèlaning panggarapé.
Déné pelabuhan kang sida dadi, yaiku pelabuhan ing Surabaya.
Mungguh panggarapé sakèhing pelabuhan mau iya srana nindakaké gugur gunung, pagawéyan tanpa bayaran.

Dalan gedhé saka Anyer tekan Panarukan, kang tumekané saiki isih aran Daendels, iku perluné pancèn kanggo anggampangaké enggoné ngukuhi Tanah Jawa, apa déné uga anggampangaké bab lelakuning dagangan.

Dalan gedhé mau kena kanggo tandha seksi kekencenganing karsa lan kakerasaning GG. Daendels, ing atasé dalan 600 pal (+/- 1.000 km) rampung ing dalem setahun, kang mauné lakon 40 dina banjur kena dilakoni ing dalem 6,5 dina.
Panggawéné dalan mau uga srana nindakaké gugur gunung.
Sarèhné dalan iku lakuné urut pasisir, nrajang rawa rawa lan ana kang urut papèrènging gunung, dadi panggawéné rekasa banget, wong kang mati tanpa wilangan, éwa déné Tuwan Daendels ora kéguh, dalan meksa dirampungaké.
Marga saka anané dalan Daendels, kutha kutha akèh kang dadi reja, awit gampang bisané lelawanan dagang lan papan liyané.
Wulu wetuning padésan gampang panggawané menyang kutha kutha.
Ing sauruting dalan iku saben let sapos didegi papan palèrènan, ngiras endheg endhegan kréta post, perlu salin jaran.
Dadi sanadyan dalan Daendels iku ngrekasa panggarapé lan toh jiwa akèh, nanging kurup lan paédahé.

Para Gouverneur Generaal sadurungé Daendels ora bisa nyirnakaké tindak kaculikaning para punggawa, nanging saking kenceng lan kerasé Daendels kang mangkono mau bisa sirna.
Daendels ngerti yèn culikané para punggawa, marga kurang cukuping blanja.
Para punggawa padha diundhaki blanjané, nanging iya mung banjur mligi nampani blanja thok, ora bisa oleh bledug kaya mauné.
Supaya gampang enggoné mriksa lebu wetuning dhuwit Daendels nganakaké Algemeene Rekenkamer (kantor pangétungan lebu wetuning dhuwit).
Ing sakawit para punggawa bangsa Walanda utawa bangsa Pribumi padha bisa nindakaké gugur gunung, kanggo kabutuhané dhéwé, nanging wiwit jamané Daendels kang mangkono mau babar pisan ora kena.
Bayaran saka Paréntah menyang wong cilik kang sakawit nganggo lumantar marang punggawa bangsa Pribumi; iku ndadèkaké banget kapitunaning wong cilik.
Bareng Daendels ngerti, pranatan lantaran iku disowak, tampané dhuwit wong cilik terusan saka Gupermèn.
Yèn ana punggawa kang meksa isih culika, abot banget ukumané, apesé didhendha akèh, munggahè manèh marang dicopot, malah terkadhang bisa ukum kisis.
Wiwit kawitan mula tanah tanah kang kacekel ing Walanda padha diwajibaké ngladèkaké wulu wetu kanthi pepulih murah murahan (Contingenten stelsel).
Pranatan kang kaya mangkono iku ngrekasa banget ing atasé wong Pribumi, éwa déné nalika jaman Daendels isih diabotaké manèh.

Jembaring kebon kopi kang ditikeli lan pepulihing dhuwit minangka pituwasing penandur diudhunaké.
Manut pranatan lawas kopi sadhacin diregani 4,5 ringgit, manut pranataning Daendels diudhunaké dadi 4 ringgit.
Kajaba iku Daendels uga gawé pranatan bab panggarapé alas pejatèn.
Murih becike koffie culture lan boschwezen banjur dianani Inspecteur Generaal.
Bangsaning blandhong, oleh kemayaran uripé; kasangsarané dimayaraké srana dicadhongi beras lan uyah, kejaba iku ora kena dikerigaké gugur gunung, mangkono uga wong kang anggarap kebon kopi.

Tumekané jaman Daendels para punggawa bangsa Europa lan Pribumi isih gedhé banget panguwasané, dadi Paréntah agung ora pati Dhamang sumurupé marang ruwet rentenging negara, wasana para panggedhé akèh kang sawenang wenang tindaké; ndadèkaké kasangsaraning kawula cilik.
Akalé Daendels arep nyuda panguwasaning para gedhé lan punggawa mau.

Gupermèn ing Tanah Jawa pasisir lor disowak, awit Gupermèn iku kegedhén banget panguwasané nganti kena gawé ada dhéwé, dadi pangrehing nagara iya sakarepé dhéwé.
Jajahan Gouverneur nuli dipérang dadi 9 Landdrostambt (paresidhènan), kapanggedhéné ing Landdrost (résidhèn).
Panyekelé papréntahan para résidhèn mau mung manut dhawuh saka Paréntah luhur.
Déné kang nglantaraké dhawuhing Paréntah marang kawula lestari para Bupati dadi rumangsané wong cilik isih kaerèh ing panggedhéné dhéwé.
Kaanané owah owahan kang kaya mangkono iku para Bupati lan para panggedhé bangsa Europa wis ora wenang netepaké punggawa andhahané manèh; sanadyan punggawa cilik kang netepaké iya Gouverneur Generaal.
Para résidhèn ing Ngayogyakarta lan Surakarta ing mauné kabawah Gouverneur pasisir lor, sawusing rombakan banjur macung kaparéntah marang Paréntah ing Betawi dhéwé.
Dadi wiwit ing wektu iku sakèhing punggawa nglumpuk menyang Betawi kabèh dicekel ing Paréntah Agung piyambak.
Ada ada mau banjur diarani Centralisatie van Bestuur.

Nalika jaman Compagnie ora ana pradata bangsa bumi kang prayoga manut adat lan tata carané bangsa bumi dhéwé.
Daendels banjur nganakaké pradatan pradatan vredegericht, Landraad.

Kang dadi Lid Vredegericht para pangulu lan para punggawa bangsa Pribumi, nanging mung kena ngadili prakara rèmèh rèmèhan.
Kajaba iku sing siji sijining Landrostambt dianani Landgericht, kang dadi lide para punggawa bangsa Pribumi, nanging dipanggedhéni Landdrost akanthi Secretaris bangsa Europa.
Aliya saka iku ing Semarang lan Surabaya dianani Landraad; yaiku pradatan kang wenang mutusi prakara sing gedhé gedhé, kayata: rajapati.
Wong kang ora nrimakaké putusaning pradata cilik cilik iya kena munggah njaluk adil marang Landraad.
Pradatané bangsa Europa lan bangsa manca liyané, ing wektu iku uga dibecikaké, déné kang mutusi prakarané bangsa militair (prajurit) kang perlu perlu yaiku Hooge Milataire Vierschaar ing Betawi.
Nalika jamané VOC., ora ana kamardikaning agama, kang diwenangaké mardika mung agama Protestant.
Sanadyan wong Katholiek kena dadi punggawané VOC., nanging agama Kristen Katholiek ing Indhiya ora oleh kamardikan; bareng sajumenengé GG. Daendels, sakèhing agama dimardikakaké kabèh.
Nalika jaman GG. Daendels, hawa ing Betawi ala banget, jalaran muarané kali Ciliwung waled dadi cethèk, kapepetan wedhi; ing sakiwa tengening kutha banjur akèh rawané, wasana kutha Betawi kerep katrajang ing pageblug.
Daendels banjur dhawuh ngurugi jagang jagang lan yasa kalèn kalèn kanggo ngesat kutha anjugrugi baluwarti, supaya sajroning kutha bisa oleh angin saka sagara, malah sakèhing bangsa Europa padha didhawuhi ngedohi pasisir.


22 Pérangan Kang Kathelu
Bab 2
Karajan Jawa nalika Pangrèhe GG. Daendels
Tanah Indhiya direbut Inggris (Tahun 1811)

Para Gouverneur Generaal kang wis wis racaké padha ngemong semu ngempèk ngempèk marang para ratu bangsa Pribumi, supaya aja diéwuh éwuhi enggoné laku dagang, karo manèh ing sabisa bisa padha nyingkiri perang; nanging yèn Daendels ora, awit pancèn watak keras lan kurang duga duga ingatasé karo ratu.
Tindaké Daendels kang mangkono iku ndadèkaké kurang senengé para ratu marang Kangjeng Gupermen.
Ora antara lawas GG. Daendels banjur congkrah karo Sultan ing Banten, prakara enggoné gawé dalan gedhé lan pelabuhan ing sunglob Meewenbaai.
Sultan Banten wus mituruti pamundhuté GG. Daendels, ngladèkaké kuli gugur gunung kèhé 1.500 nggarap pelabuhan, nanging padha mati kabèh, jalaran kajaba pegawéyané rekasa, hawané ing kono pancèn ala banget.
Karsané Sultan Banten wis aja njaluki manèh, nanging Daendels meksa isih njaluk bau kuli 1.000 ing sadinané.
Kangjeng Sultan ora mituruti.
Kyai Patih didakwa ngojok ojoki Sri Sultan supaya mbangkanga mangéran Paréntah Gupermen, mulané dijaluk menyang Betawi arep diadili GG. Daendeles.
Wong Banten nepsu banget oleh dhawuh saka Daendels mengkono mau.
Commandant Du Puy, yaiku utusan kang ndhawuhaké timbalané Daendels menyang Banten mau dirampok ing akèh, tumeka ing pati.
Bareng Daendels mireng banjur nyalirani tindak menyang Banten mbekta prajurit 1.000.
Kutha Banten digempur, kratoné dijarah rayah. Kyai Patih kapikut banjur didrèl.
Sultan Banten dikéndhang menyang Ambon.
Esuké kaondhangaké yèn karajan Banten wis dadi darbèké Gupermen, mung kang sapérangan digadhuhaké marang sang Adipati Anom, diangkat sebutan Sultan.
Nalika Daendels dadi Gouverneur Generaal anyar anyaran ing Cirebon mentas éra éru, malah nganti dirawuhi Daendels iya durung sirep babar pisan.
Saka panggalihé Daendels, ing Cirebon ora bisa tentrem yèn durung dicekel ing Gupermen, wasana banjur katentokaké baé yèn Cirebon dadi tanah Gupermen.
Jajahan Cirebon kidul, Limbangan (Sukapura, Galuh) dirèh ing résidhènt.
Jajahan Cirebon lor (parésidhènan Cirebon saiki) kagadhuhaké marang Sultan telu, kang kuwasané mung kaya panguwasané punggawa.
Wong cilik kapasthèkaké enggoné ngladèkaké wulu wetu marang Kangjeng Gupermen.
Kajaba iku kono uga banjur kadhawuhaké nandur kopi.
Ora lawas Sultan kang sepuh katon arep mbangkang, iku banjur terus dicopot baé marang Dendels.

Sarèhné Compagnie nyingkiri prakara kang magepokan karo pangrèh Ngayogyakarta lan Surakarta, dadi para résidhènt ngemong lan nglumuhi banget, yèn sowan menyang kraton iya manut apa tata carané kono.
Bareng jamané Daendels ana dhawuh pangkat résidhènt ing Surakarta lan Ngayogyakarta diganti sesebutan minister, lan ana ing kono dadi sulihing Gupermen, wis ora wajib nganggo tata krama kaya uwis uwis tumraping para ratu.
Mulané Daendels dhawuh kang mangkono, awit para ratu Jawa padha ngesoraké banget marang résidhènt, mangka pamanggihe Daendels ratu Jawa kudu ngretos yèn ratu Walanda lan Gupermen iku kuwasa, pantes diajènana, sesulihe ora kena disoraké (tahun 1808).

Ora lawas Sultan Ngayogyakarta lan Surakarta padha derdah perkara watesing negara.
Sultan Ngayogyakarta rada mempeng, nganti ngundhaki kèhing wadya bala.
Daendels rada sumelang yèn prakara iku nganakaké bebaya gedhé.
Wuwuh wuwuh Sultan Ngayogyakarta kagungan karsa mundhut kalenggahané Pangéran Adipati Anom, bakal diparingaké marang putra mantu.
Daendels nuli menyang Ngayogyakarta mbekta prajurit sagelar sapapan.
Kangjeng Sultan Hamengku Buwana II dilèrèhi, Sang Adipati Anom dijumenengaké ratu, apangkat Pangéran Raja (prins Regent).
Saka panuwune Sang Pangéran, kang rama isih lestari ana ing kedhaton, sesebutan Sultan Sepuh.
Sawusé iku Daendels nganakaké Commisie, kang dipatah netepaké watesing karajan Ngayogyakarta lan Surakarta.
Wasana sawènèhing jajahan ana kang didadèkaké tanah Gupermen.
Awit saka kaya kang kacritakaké ing dhuwur iku kabèh, terang banget yèn pangrèhé GG. Daendels ngentèkaké dhuwit, mangka tanah Indhiya ora bisa oleh pitulungan saka nagara Walanda., malah Paréntah Walanda kekurangan Dhuwit dhéwé.
Wasana rekané GG. Daendels murih bisané oleh dhuwit, ngedol tanah Gupermen marang wong partikelir.
Nganti tumekané saiki isih ana tanah partikelir kang durung ditebusi.
Réka liyané manèh:
a. meksa wong partikelir dikon ngutangi dhuwit,
b. majegaké dagangan candu,
c. nganakaké monopolie beras.
Miturut anané pranatan monopolie iku, saanané beras kudu mbathèni.
Lan manèh GG. Daendels nganakaké dhuwit kertas, mangka Gupermen ora duwè tanggungan sing kanggo nebusi.
Mesthi baé ajiné dhuwit kertas iku ana ing pedagangan suda banget.
Ewa déné Gupermen anggoné ambebayari iya nganggo dhuwit kertas mau diturutaké apa anané baé.
GG. Daendels ora pati merlokaké marang pulo pulo liyané sajabaning Tanah Jawa.
Mulané ing sajroné jaman perang Napoleon, akèh jajahan kang direbut ing Inggris.
Pangrèhé Daendels kaya kang kacetha ing ngarep mau mesthi iya akèh paédahé, mung baé kekerasen tindaké marang punggawa, wasana ing tahun 1811 Daendels bali menyang negara Walanda digentèni Janssens.
Janssens mau satemené mung kepeksa enggoné gelem dadi Gouverneur Generaal, jalaran tanah Indhiya kekurangan dhuwit lan para ratu bangsa Pribumi isih padha muring marang Gupermen, marga saka tindaké Daendels.
Ora antara suwé Betawi ketekan mungsuh wong Inggris; kang nyénapatèni Lord Minto Gouverneur Generaal ing Indhu.
Wong Walanda karoban lawan, Janssens keplayu menyang Semarang.
Para ratu Jawa dijaluki bantu, nanging prajurit saka kejawan ora kena diendelaké ing gawé, malah Sultan Ngayogyakarta mbalik ngiloni Inggris.
Wasana ing Tuntang kepeksa nungkul kanthi prajangjian tahun 1811.
1. Satanah Jawa dadi duwèké wong Inggris,
2. Sakabèhing prajurit dianggep tawanan,
3. Wong Inggris ora gelem ngakoni utangé Paréntah ing Betawi, ing
sajroning tanah Walanda dadi golonganing Frankrijk.
4. Sakèhing punggawa kang gelem ngèngèr marang OIC. Inggris,
dilestarèkaké ing kalungguhané.
Sarampungé prajangjian Tanah Jawa dadi jajahané Oost Indische Compagnie Inggris.

23 Pérangan Kang Kathelu
Bab 3
Pangrèhé L.G. Raffles
Fendall masrahaké tanah Indhiya marang Paréntah Walanda

1787 – 1820 Paku Buwana IV. (Sinuwun Bagus)

1812 – 1814 Hamengku Buwana III
1814 – 1822 Hamengku Buwana IV. (Sunan Jarot)
1814 – 1820 Diembani Paku Alam I

1813 Paku Alam I (Pangéran Nata Kusuma)

Tanah Indhiya miturut dhawuhé Lord Minto, dipérang dadi 4 Gupermenan, yaiku Malaka, Sumatra pasisir kulon, Moloko, Tanah Jawa lan wewengkoné.
Gouvernement Tanah Jawa lan wewengkoné kang ngerèhaké Litenant Gouverneur (wakilé Gouverneur Generaal) Thomas Stamford Raffles, kabantu ing Adviseerende Raad, lide ana telu yaiku: Gillespie, wong Inggris, Cranssen lan Muntinghe, wong Walanda.
Raffles ngrembug banget marang prakara ing karajan karajan Jawa, nemtokaké wewenang Paréntah Inggris tumrap karajan karajan mau.
Nalika Tanah Jawa kabawah Inggris, ing Banten isi dahuru baé, jalaran Sultan sing ditetepaké Daendels ora disujudi ing kawulané.
Ing tahun 1813 Sultan Banten dirukun karo Raffles, kablanja 10.000 ringgit setahun, nanging jajahan Banten dijaluk.
Mengkono uga Sultan Cirebon tetepané Daendels iya mung diblanja tahunan, tanahè dadi duwèking Gupermen Inggris.
Nalika kang nyekel Tanah Jawa ganti Paréntah Inggris, Ngayogyakarta wis salin kang jumeneng Sultan Hamengku Buwana II (Sultan Sepuh), kang dilèrèhi Daendels, ngesur kepraboné Sultan Raja.
Sultan Sepuh mau ing sakawit ngréwangi wong Inggris anggoné ngluangaké wong Walanda, nanging olèhé tetulung mau mung kanggo sarana ngarah bisané tetep jumeneng Sultan manèh, dadi ora pisan marga saka tresnané marang Paréntah Inggris; sajatiné malah sengit uga.
Sultan sepuh ngudi banget marang pulihé kuwasaning keprabon kang wis disuda suda marang Daendles biyèn.
Ora lawas Crawfurd ngerti yèn Sunan Sala iya nedya mungsuh Paréntah Inggris.
Raffles tumuli teka nggawa wadya bala, Sultan Sepuh dibuwang menyang pulo Pinang (tahun 1812).
Sultan Raja ditetepaké manèh jejuluk Hamengku Buwana III, nanging jajahané kang sapérangan dijaluk Paréntah Inggris sarta bandhané Sultan Sepuh kurang luwih f 2 yuta, dianggep dadi barang jarahan.
Nalika pembedhahé kraton Ngayogyakarta, wong Inggris olèh pitulungan Pangéran Nata Kusuma.
Minangka ganjarané Sang Pangéran dijumenengaké Pangéran mardika, ngerèh tanah Kemuning Kulon Praga, jejuluk Pangéran Adipati Paku Alam.
Saka kersané Raffles, Sang Pangéran kudu ngingu prajurit 100 iji kanggo mbiyantu Paréntah Inggris.
Nalika pambedhahé Ngayogyakarta, Raffles olèh katrangan, yèn Sunan Sala pancèn wis sekutu karo Ngayogyakarta nedya nglawan Paréntah Inggris.
Raffles nuli menyang Surakarta nggawa wadya bala lan katrangan kang tinemu, Sunan Sala kepeksa manut marang prajangjiané Raffles.
Jajahan Surakarta kayata: sapérangan tanah Kedhu kang isih kabawah Sala, banjur dadi méliké Gupermèn Inggris kèhing prajurit dielongi, mung kari prajurit kang kanggo kaprabon baé, pranatan ngladèkaké wulu wetu ing tanah kejawan disuwak, pabéyan sekètèng diliyer marang Gupermèn.

Para raja ing sajabaning Tanah Jawa, uga disuda panguwasané déning Raffles, kayata: Bali, Banjarmasin, Bornéo Kulon, Palémbang, Madura, Pulo Bangka lan Biliton, sarèhné ana pametuné timah, banjur didadèkaké tanah Gupermèn, mari dadi jajahan Palémbang.
Mungguh sedyané LG. Raffles arep ngelun jajahan, mung Sélebes kang ora klakon.
Raja Boné, kukuh banget nggoné anggegegi panguwasané.
Wis nganti sawatara rambahan Raffles nglakokaké gegaman menyang Sélebes, nanging ora olèh gawé.

Bareng Tanah Jawa dicekel Raffles banjur dipérang dadi 18 Parésidhènan.
Pranatan gugur gunung, ladèn wulu wetu lan kuwajibaning cilik pundhutaning préntah, ing sabisa bisa disuwak, wong cilik mung dijaluk pajeg "landrente".

Kèh sathithiking pajeg manut lemahé, yèn loh, pajegé nganti saparoné pametu.
Yèn cengkar terkadhang mung seprapaté. Gugur Gunung kang lestari mung nggarap kreteg, lan dalan dalan.
Wong Pribumi kang didhawuhi nandur kopi ladèn mung ing Priyangan sarta wong kang nyambut gawé ing alas pejatèn isih diterusaké padatan lawas.

Raffles uga arep ngilangi anané batur tukon lan pamujangan (pandelingschap).

Wiwit tahun 1812, wong ngingu batur tukon nganggo dijaluki pajeg.
Wiwit tahun 1814 ora kena dol tinuku batur tukon.
Polisi ora diwenangaké ngukum batur tukon kang mung marga panjaluking bendarané.
Marga ananing pranatan mau suda banget kèhing batur tukon, malah pamujangan wis dilarang babar pisan.

Nalika jamané Daendels pradatan ing Tanah Indhiya wis dibecikaké, nanging saka panemuné Raffles meksa durung nyukupi.
Ing siji sijining parésidhènan nuli dianani Landraad, kejaba iku Raffles isih nganakaké pradatan ubengan, yaiku pradatan kang ora mathok pamanggoné, ngalih ngalih marani papan kang perlu diparani (Raad sambang).
Prekarané bangsa Europa engoné ngadili ana ing Raad van Justitie: Betawi, Semarang, utawa Surabaya.
Raffles iku pangrèhé ngentèk entèkaké dhuwit akèh.
Rékané enggoné golèk dhuwit srana nganakaké pajeg lan adol tanah tanah kaya Daendels.
Tanah kang didol menyang wong partikelir iku iya bener ngolèhaké dhuwit, nanging pakolèhé katimbang karo pitunané ora mantra mantar timbang, awit bésuké tumeka saiki enggoné nebusi kangèlan banget, jalaran ajiné dadi yutan yutan.
Srana kang prayoga kanggo ngisèni kas negara, yaiku monopolie dagangan uyah.
Kang sakawit uyah iku dipajegi wong Cina, ndadèkaké kapitunané wong cilik, awit larang banget pangedolé.
Bareng uyah dicekel Gupermèn banjur murah, tur ngolèhaké kauntungan akèh.
Wiwit tahun 1813 kang kena gawé lan ngedol uyah mung Gupermèn dhéwé.
Ing tahun 1814 Napoléon kalah perangé, Nederland bisa mardika.
Miturut prajangjian ing London tahun 1814 jajahané ing Indhiya dibalèkaké marang wong Walanda manèh, kang ora mung Ceylon, Kaap kolonie lan jajahan sawatara ing Indhiya Kulon (ing Amerika) sarta Indhu Ngarep.
Ing tahun 1816 Raffles digentèni Luitnant Gouverneur John Fendall.
Let sawatara sasi John Fendall pasrah jajahan marang Commisaris Generaal, yaiku utusan Walanda saka Europa, kang dipatah ngerèhaké kapulowan Indhiya.
Miturut Grondwet tahun 1814 kang nyekel papréntahan ing Kolonien, Sri Maharaja piyambak, kabantu ing Departement Onderwijs, Nationale nijverheid en Kolonien.
Dadi Straten Generaal ora nduwèni panguwasa.
Sarjana tetelu kang diutus nampani tanah Indhiya, asmane: Mr. Elout, Baron van der Capellen lan Buyskes, apangkat Commissaris Generaal sarta diparingi rancangan wawatoné pangrèhing Indhiya.
Commisaris Generaal ngrekasa banget enggoné nglakoné ayahané iku, awit tanah Indhiya kacupetan ragad, tur ora bisa olèh pitulangan kanggo ngébaraké panguwasané Gupermèn anyar.
Apa manèh ratu ratu ing tanah Indhiya wis ora ngajèni marang Paréntah Walanda.
Ewadéné ora nganti lawas Commissaris Generaal wis akèh pakaryané.
Kang nyekel panguwasa kang gedhé dhéwé lestari Gouverneur Generaal dibantu Raad van Indie, pilihané Gouverneur Generaal dhéwé.
Pamérangé Tanah Jawa didadèkaké parésidhènan kaya dhèk jaman Raffles.
Cacahé résidhèn didadèkaké 20, jajahan sajabaning Tanah Jawa dipérang pérang dadi Gupermèn, dipanggedhèni Gouverneur.
Déné wong cilik lestari dirèh panggedhéné dhéwé.

Pranatané dititi priksa manèh, pranatan saka Raffles sing becik becik isih dilestarèkaké, kang kurang prayoga dibecikaké.
Prakarané bangsa pribumi dadi bubuhané Landraad, kang dadi jeksa bangsa pribumi, présidhèné bangsa Walanda.
Supaya ana kang ngawat awati pangadilan pangadilan iku sarta ngiras kanggo pangapèlan (Hof van appel) dianakaké Hoog Gerechshof.
Kangjeng Paréntah Luhur wis ora nduwèni panguwasa babar pisan ing atasé mutusi prakara.
Supaya panyekeling dhuwit Gupermèn aja nganti kisruh, nuli dianakaké Raad van Finansien lan Rakenkamer.
Pangrèhé Gupermèn anyar marang wong cilik, isih dilestarèkaké kaya panemuné Daendels lan Raffles, ing sabisa bisa nyingkiri pranata peksan.

Sadurungé Commissarissen Generaal mangkat menyang tanah Indhiya, wis katemtokaké yèn pranatan monopolie kudu disuwak, awit iku ndadèkaké kasusahané wong pribumi.
Prakara dagangan digawé merdika, wong manca padha kena dedagangan menyang tanah Indhiya, nanging bangsa Walanda pambayaré prabéya dikacèk karo bangsa ngamanca.
Kang nyebal saka pranataning kamardikan mung monopolie bumbon crakèn.
Prakara tetanèn iya dimardikakaké, wong pribumi kena nandur sakarepé dhéwé, mung ing Priyangan kang isih ana peksan wong cilik diwajibaké nggarap kebon kopi sarta kuli blandhong isih kudu nyambut gawé ana ing alas pejatèn.
Paréntah anyar iku iya dipatah merlokaké gawé kemayarané wong cilik, mulané pranatan lungguh bumi disuwak, para punggawa bangsa pribumi mari olèh tanah gadhuhan, mung diblanja sasèn baé, supaya aja nganti bisa gawé rekasaning bawahé.
Lan para punggawané Gupermèn dilarangi dedagangan utawa nyambi panggaotan liyané.
Prakara dol tinuku batur tukon ing sabisa bisa disirnakaké, malah ana ing Tanah Jawa lan Madura prakara iku wis dilarangi babar pisan, mangkono uga pranatan pamujangan.
Nalika Jaman Commissaris Generaal, ing Tanah Jawa klebu tentrem.
Ngarepaké tahun 1818 jajahan ing satanah Indhiya kabèh dipasrahaké ing Paréntah Inggris marang Gupermèn Walanda.
Wasana ing wiwitané tahun 1819 Commissarissen pasrah marang GG. van der Capellen. Elout lan Buyskes padha bali menyang Nederland.
Satekané Negara Walanda Elout kaangkat dadi Minister van Kolonien.
Commissaris Generaal olèhé yasa pranatan bab kamardikaning dagangan, tetanèn lsp. manut panemu liberaal. (sing bakal diterangaké).
Balik GG. van der Capellen (tahun 1819 - 1826) ora ngrujuki panimbangé wong liberaal mau, mulané ing tanah Jawa suda banget karaharjané.
Amrih raharjaning tanah Indhiya kang dianggep perlu, ngajokaké dedagangan.
Supaya wong Walanda bisa mumbul manèh enggoné dedagangan nuli dianakaké pakumpulan dagang aran Nederlandsche Handel maatshappij, adegé tahun 1824.
Pangarahé Préntah Walanda pakumpulan iku kenaa kanggo ngejori padagangané bangsa manca, dadi bisa ngurip urip dagangané bangsa Walanda.
Ora lawas pakumpulan iku bisa olèh pawitan 37 yuta rupiyah.

Wiwit jaman Napoléon tanah Indhiya ora bisa lelawanan lan tanah Walanda, dagangané akèh kang didol marang sudagar manca, luwih luwih wong Inggris lan Amerika.
Sawisé tanah Indhiya kacekel ing paréntah Walanda manèh, wong Walanda meksa durung maju dedagangané, awit isih kekurangan pawitan, mangka kaejoran bangsa Inggris.
Kajaba iku sudagar Walanda partikelir pancèn ora dhamang sumurupé marang ubeting padagangan tanah Indhiya, jalaran mauné kang kena lelawanan lan tanah Indhiya mung VOC., wuwuh wuwuh nganti 20 tahun tanah Walanda wis ora ana gandhèngané karo tanah Indhiya.
Nederlandsche Handel maatschappij mau iku meksa ora kasembadan sedyané, awit kurang kuwat, ora bisa ngejori wong Inggris, kajaba iku pancèn ora dirujuki sudagar Walanda partikelir akèh, marga duwé sumelang manawa pakumpulan dagang anyar mau diparingi wewenang kaya déné VOC. biyèn, temahan malah ndadèkaké kapitunané sudagar partikelir.
Wasana Nederlandsche Handel maatschapij ora bisa mumbul, malah tansah kapitunan, wiwitané bisa urip bareng ana Cultuurstelsel.

Pakaryané van der Capellen kang pantes olèh pangalembana yaiku enggoné ngajokaké kawruh, merlokaké marang ajuning pamulangan cilik kanggo bangsa Europa.
Prakara onderwijs mau van der Capellen kabiyantu ing Reinwardt.
Reinwardt iku sarjana kang uga miwiti gawé kebon raja (Lands plantentuin) ing Bogor (tahun 1817) kanggo ngundhakaké kawruh tetanèn.

Kebon raja ing Bogor iku ora mung becik lan nyenengaké kanggo dolan dolan bae, mungguh ing pigunané nyata gedhé banget tumraping kawruh tanem tuwuh lan tetanèn.
Jembaré kèhing lan wernaning wit witané, kebon kebon raja ing satanah hawa panas (tropen) ora ana kang nyundhul Bogor.
Kang padha mandhégani pakaryan ing kono para sarjana kang wus kasuwur asmané, kayata: Tuwan Teysmann (tahun 1831) lan Dr. Hasskarl enggoné nandur wis ana 8.000 werna wit witan lan tethukulan.
Ing tahun 1863 cacahing tetanduran dadi 10.000 werna.
Sarjana Dr. M. Treub ing sajroning tahun 1880 - 1909 yasa laboratorium perlu kanggo marsudi kawruh botani schelkunde lsp., gandhèng karo anané kebon raja iku mau.
Para sarjana saka ing jagad ngendi endi akèh kang golèk kawruh ana ing laboratorium kono awit laboratoria mau uga kanggo papan panyoban bab nenandur, bab meruhi ama sarta lelaraning tanduran, lan liya liyané, mulané Bogor kena sinebut dadi tuking kawruh lan sendhanging ngèlmu tetanèn.
Prufstation prufstation ing satanah Indhiya iku asalé uga saka Bogor.
Marga saka dayané Prufstation prufstation, kabudidayan lan tetanèn nganti bisa dadi kaya kaanané saiki iki.

24 Pérangan Kang Kathelu
Bab 4
Perang Dipanegaran (tahun 1825 - 1830)

1820 – 1823 Paku Buwana V (Sunan Sugih)
1823 – 1830 Pakubuwana VI (Sunan Bangun Tapa)
1830 – 1850 Paku Buwana VII
1822 – 1855 Hamengku Buwana V (Sunan Ménol)
1819 – 1826 GG. v. d. Capellen
1826 – 1830 Luit GG. de Kock

Nalikané sédané Kangjeng Sultan Hamengku Buwana III ing tahun 1814, pangéran patiné lagi yuswa 13 tahun.
Saka karsané Kangjeng Tuwan Luitnant Generaal Raffles, Pangéran Paku Alam I tinanggenah angembani kaprabon;
Pangéran Paku Alam iki becik tepungé karo bangsa Inggris, lan bésuké iya becik karo bangsa Walanda.
Dhèk samana Ngayogyakarta uga akèh wong sing ora seneng marang bangsa Europa.
Sing dadi lelajering golongan mau Pangéran Dipanegara.

Pangéran Dipanegara kang nalika nèm nèmané asma Pangéran Antawirya iku putrané Kangjeng Sultan Raja, kang sepuh dhéwé, nanging saka garwa ampéyan, mulané ora gumantos jumeneng ratu.
Sang Pangéran ora narimakaké déné ora olèh panguwasa apa apa tumraping papréntahan.
Saya banget ora senengé, bareng nalika Sultan IV jumeneng, teka iya ngatingalaké sujudé marang panguwasaning bangsa Europa.
Rèhning Sultan Sepuh biyèn iya ora seneng marang bangsa Europa, dadi golongané Dipanegara uga sinebut golongan Kasepuhan.

Kangjeng Sultan IV jumeneng ora suwé, mung watara 2 tahun séda, lagi mentas kondur saka besiyar.
Pangéran patiné lagi yuswa 2 tahun.
Para gedhé ing karaton padha duwé panyuwun marang Kangjeng Paréntah Luhur ing Betawi supaya pangrèhing Praja aja dipasrahaké marang Pangéran Paku Alam.
Panyuwuné kapiturutan, prakara pangrèh praja kang nindakaké Pepatih dalem apangkat Rijksbestuurder, sarta tumindaké kanthi dititi pariksa ing Kangjeng Tuwan Résidhènt.
Déné kang minangka embané Sang Prabu Timur lan kinuwasakaké mranata barang kagungan dalem, yaiku Kangjeng ratu Ageng, Kangjeng ratu Kencana, Pangéran Mangkubumi lan Pangéran Dipanegara.
Pranatan mangkono iku banget ora ndadèkaké sarjuning panggalihé Pangéran Dipanegara, jalaran Papatih dalem sujud banget marang Walanda, sarta kelakuané ambtenaren Walanda ing Ngayogyakarta kono ing nalika iku pancèn ora becik.
Kajaba iku pranataning Walanda nyéwa bumi ana ing tanah karajan Jawa iya ora ndadèkaké sarjuné Pangéran Dipanegara .
Dhèk tahun 1774 bumi lenggah ana 677.000 cacah.
Ing tahun 1820 mung dikarèkaké 52.300 cacah, awit bumi kasultanan ing tahun 1812 kalong tanah Kedhu lan liya liyané.
Marga saka iku para gedhé kepeksa suda banget pemetuné, luwih luwih bareng ananing pranatan wong Walanda nyéwa tanah, cacahing bumi lungguh sangsaya suda.
GG. van der Capellen ing tahun 1823 ndhawuhaké nyuwak ananing pranatan nyéwa lemah ing dhuwur mau, prajangjian prajangjian padha diwurungaké.
Wiwitané golongan Kasepuhan seneng banget krungu bab suwakan pranatan iku, wasana kabèh padha kagèt, bareng ditemtokaké padha mbayar karugiyan marang tuwan, awit enggoné nyéwa lemah durung tumeka mangsa prajangjiané, kepeksa dibubaraké.
Bandha kasultanan banjur cumprang camprèng banget.
Wong cilik uga rekasa atiné, sanggané saka nagara abot, luwih luwih bareng bumi kagungané Kangjeng Sultan wis diungkred.
Lan manèh suwaking pranatan nyewa tanah uga agawé kasusahané wong cilik.
Déné kang banget digethingi ing wong cilik yaiku panariking dhuwit béya, kang ditebasaké marang Cina cina, awit para Cina sok kebangeten enggoné ngebotaké panariké.
Kang ditarik béya iku wong, utawa wong nggawa barang, liwat ing sawijining panambangan, liwat ing wates lan ing papan liyané kang wus tinamtokaké, papan papan iku ing bangsa Walanda diarani "Tolpoorten"
Pangéran Dipanegara saya suwé saya gedhé pamuring muringé anguningani kaanan ing dhuwur mau lan ngraosaké kisruhé sajroning kraton, sarta manèh trajangé para ambtenaar Walanda kerep gawé serik.
Nalika semana Paréntah arep yasa ratan, nrajang tanah palemahané Pangéran Dipanegara.
Iku banget ndadèkaké panggrantosé Sang Pangéran.
Wasana Sang Pangéran banjur kèndel ora karsa campur prakara apa apa, tekadé mung suwiji, nedya madeg kraman.

Mirit surasaning babad anggitané Adipati Cakranegara, Bupati ing Purworeja, Sang Pangéran banjur mempeng ana ing Sélaraja baé, rina wengi anggentur panuwuné, sinambi ngaji Kur'an lan maos babad kuna.
Pangagemé sarwa ireng (wulung).
Bareng wis yakin yèn wong kabèh ngerti kang dadi antepé Sang Pangéran, yaiku arep madeg kraman, Sang Pangéran banjur wis ora sumelang manèh marang ing katékadané. "Wong mono bisa ana bejané".

Dalemé Pangéran Dipanegara ing Tegalreja watara sa-pal saka ing Nagara kaprenah ing lor kulon.
Para kang kecuwan pikiré klumpuké ing kono.
Dadining kraman tinamtokaké tumiba malem tanggal 7 sasi Sura.
Durung nganti klakon, ketungka utusaning Résidhènt, narik Pangéran Dipanegara arep dinangu apa kang dadi karsané.
Sang Pangéran oncat saka kono kanthi Pangéran Mangkubumi, menyang Selarong.
Wong cilik akèh kang nggrubyuk Dipanegara, anggusah para Cina, ngrayah dhuwit béya lan njarah pasar pasar.
Bareng wis rumangsa keconggah, Dipanegara sabalané anempuh kraton Ngayogyakarta kinepung wakul binaya mangap.
Golongan Dipanegara:
1. Pangéran Mangkubumi,
2. Kyai Maja,
3. Basah Prawiradirja (Senthot).
Kang dimungsuhi: Priyagung kraton sapunggawané, patih lan ambtenar Walanda.
Kangjeng Sultan Timur nuli diungsèkaké marang sajroning bètèng Walanda, kang uga banjur kinepung ing bala kraman nganti watara suwé.
Walanda ing sajabaning bètèng akèh kang nemu pati.
Paréntah luhur ing Betawi mireng mireng kabar, bareng kraman wis sentosa, tumuli énggal nglakokaké Jénderal de Kock, supaya nyirep kraman, nanging sarèhné bebarengan kraman ing Palémbang lan ing Boné, dadi de Kock kekurangan prajurit, ora bisa nyirep ubaling kraman ana Rembang lan Kedhu.
Rahayuné ing Surakarta saka pambudi dayané de Kock ora klakon ana kraman, éwa déné kraman ing Ngayogyakarta sangsaya gedhé, awit banjur diondhangaké dadi perang sabil prelu kanggo ngukuhi agama.
Dipanegara enggoné ngondhangaké perang sabil iku saka panuwuné Kyai Maja.
Perangé prajurit Walanda rekasa banget, jalaran Dipanegara ora tanggon, barisé ana ing papan kang angèl ambah ambahané, panempuhé ngentèni lénané bala Walanda, lan kerep olèh gawé, mulané bala kraman mundhak gedhé atiné, lan bisa wuwuh wuwuh akèhé.
Ana Sénapatining kraman satriya nom noman lagi umur 18 tahun, jenengé Basah Senthot Prawiradirja, éwadéné wus katon kawanterané lan bisa anata bala.
Sarèhné Paréntah Luhur rada karépotan, nuli golèk akal liya kanggo ngendhakaké atiné kraman.
Sultan Sepuh kang wis kikéndhang déning Raffles, dibalèkaké manèh menyang Ngayogyakarta, supaya para kraman padha nungkula aris.
Sultan Sepuh dijumenengaké ratu, nganggo prejanji kudu mitulungi marang Kangjeng Gupermèn lan ngijoli wragadé perang.
Déné Sultan Timur bakal kajumenengaké manèh, bésuk ing sasédaning éyangé.
Jumeneng Sultan Sepuh ora bisa ngendhakaké atining kraman, malah nawala dalem Sultan Sepuh marang Pangéran Dipanegara, diwangsuli cecampah lan panguman uman.
Ing tahun 1828 Sultan Sepuh séda.
Jènderal de Kock pancèn ora rujuk marang Gupermèn enggoné ngangkat Sultan Sepuh, mulané golèk akal dhéwé sing luwih mikolèhi, yaiku ngedegaké bètèng cilik cilik ing watesing papan kang wis kena direbut, sarta ditinggali prajurit.
Wasana Pangéran Dipanegara sangsaya rupak marang jajahané.
Sanadyan Commissaris Generaal Du Bus nacad marang tindaké Jènderal de Kock merga enggoné ngentèkaké dhuwit, mangka Commissaris Generaal tinanggenah anggemèni bandha Gupermèn, éwadéné Jènderal de Kock isih ora mundur, awit nyatané senadyan akèh wragadé, kraman iya énggal kerupakan papan, mung kari mubang mubeng ing Bagelèn lan kidul Ngayogyakarta.
Ing tahun 1829 prajurit Gupermèn ngangseg, tur nuli olèh bantu prajurit anyar saka Walanda.
Sénapatining kraman akèh kang padha nungkul. Senthot mbalik ndèrèk Gupermèn, Kyai Maja kecekel, Pangéran Mangkubumi asrah bongkokan.
Ing tahun 1830 Dipanegara tetemonan lan de Kock ana ing Magelang.
Sarèhné Dipanegara kukuh enggoné njaluk jumeneng Sultan Panatagama, banjur dicepeng, dikéndhang menyang Menadho, ing tembéné dielih menyang Makasar. Ing tahun 1855 séda.
Senadyan Pangéran Dipanegara wis kecepeng, tanah Kejawan meksa durung tentrem babar pisan, tentrem temenan ing tahun 1850.
Merga anané kraman, tanah Kejawan rusak banget, kalongé jiwa tanpa wilangan, prajurit Gupermèn bae kang mati 15.000, déné wragadé perang 20 yuta rupiyah.
Supaya yèn ana kraman aja nganti gedhé manèh, jajahan jajahan Ngayogyakarta dielongi Bagelèn lan Banyumas, minangka pambayaring wragad perang.
Senadyan Surakarta ora mèlu barang barang malah urun prajurit, éwadéné jajahané Madiyun lan Kedhiri uga dipundhut ing Kangjeng Gupermèn, kang mengkono iku murih tentreming negara.
Kangjeng Sunan mesthi baé ora lega, nuli lolos tindak menyang Imagiri lan Parangtritis, nenuwun marang leluhuré, nanging keturutan utusaning résidhènt Surakarta nuli dikéndhang menyang Ambon, awit kadakwa arep ngraman.
Kang gumanti Susuhunan Paku Buwana VII, ndèrèk marang karsaning Gupermèn, Madiyun lan Kedhiri dadi tanah Gupermèn.
Ing sawusé ana kraman Dipanegara, katon yèn pamérangé jajahan Ngayogyakarta lan Surakarta, ora prayoga, jalaran jajahan jajahané ora Anggolong dadi siji, ana kang pating cruwil pating slempit.
Wasana tansah ndadèkaké pasulayan lan yèn ana kraman gampang tumularé ing liyan jajahan, mulané watesing jajahan Surakarta lan Ngayogyakarta banjur diprenata manèh.



25 Pérangan Kang Kathelu
Bab 5
Cultuurstelsel
tahun 1830 - +/- 1815 (1915)

Cultuurstelsel iku pranatan kang didhawuhaké GG. van den Bosch dhèk tahun 1830.
Surasané pranatan cekaké namtokaké marang wong Pribumi nandur tetanduran kang kena didol menyang Europa, kayata: kopi, tebu, kapas lan tom, ana ing sapéranganing palemahané.
Pametuné tatanduran iku kudu dilebokaké menyang Paréntah Gupermèn, supaya Paréntah bisa banjur luwih kenceng enggoné gawé raharjaning tanah.

Apa sababé déné Gupermèn teka nganakaké pranatan iku?
Ing abad 17 lan 18 VOC. mung ngudi kauntungané dhéwé, dhasar saluguné VOC. iku mung pakumpulan dagang.
Ing abad 19 bareng tanah Indhiya tumiba panguwasané Praja Nederland, bab ngudi kauntungané dhéwé wis ora tumindak.
Nederland duwé wajib agawé tentreming tanah lan raharjaning kawulané anyar, yaiku bangsa pribumi.
Lah kepriyé rékané bisané tumindak murih beciking bab pangrèh praja, bab sekolahan, bab tetanèn lan katentremaning umum?
Iku kabèh bakal sepira wragadé. Mangka Paréntah Gupermèn ora nindakaké monopolie kaya déné VOC., wuwuh wuwuh praja Nederland ing nalika iku akèh banget utangé kang jalaran saka perang Napoléon, perang Dipanegara lan perang Bèlgie.
Ing tahun 1828 Praja Nederland kepeksa ambayari kabutuhan Indhiya kèhé 37.000.000, mangka Nederland dhéwé lagi rekasa rekasané.
Olèhé dhuwit 37.000.000 iku saka enggoné utang utang marang kawula ing Nederland.
Dhèk samana kekarepané wong Nederland ing bab Pangrèh Praja kena kapérang dadi rong golongan: 1. bangsa liberaal lan 2. bangsa Conservatief.
Bangsa liberaal anjaluk tumraping Indhiya supaya pedagangan lan panggaotan dimerdikakaké, gugur gunung lan lebon wulu wetu kasuwak, mung kebon kebon Gupermèn iku digadhèkna.
Hogendorp, Daendels, Du Buss, Elout kekarepané iya mengkono iku.
Malah ana kang nedya ngejokaké wong pribumi enggoné tatanèn lan anggota.
Déné golongan Conservatief kayata: Nederburg, van der Cappellen njaluk balining pranatan tanduran peksan, lebon wulu wetu lsp.
Kang akèh wong ing Nederland ngrujuki panemu liberaal mau, éwadéné pranatané ana ing Indhiya ora ditindakaké, utawa mung sathithik kang ditindakaké, marga ora ana wragadé.
Panemuning akèh bisané ngajokaké kemajuan iku kudu ana dhuwit.
Dhuwit iku wetuné saka tetanduran kang pametuné payu larang, mulané Paréntah majegna tanahé, kang durung ana tandurané, marang bangsa Europa, supaya metu kasilé; ing nalika iku ing tanah Jawa kang sinebut loh jinawi iki mung sethithik banget pametune: lebuning barang ing tanah Jawa pangajiné luwih gedhé tinimbang barang kang metu saka tanah Jawa.

Bareng van den Bosch jumeneng Gouverneur Generaal menggalih yèn kabudi dayaning Walanda nenandur ana ing tanah Jawa iku ora bakal bisa kadadéyan, yèn mengkono dadi ora bisa gawé karaharjaning tanah.
GG. van den Bosch banjur ngajokaké wulu wetune tanah Jawa, supaya nenandur tanduran kang payu ana ing Europa manèh, nanging aja nganti gawé sengsaraning wong Jawa kaya sing uwis uwis.

Panemuné van den Bosch kang mengkono iku ora nyimpang saka mesthiné, awit miturut saka kaananing cara ing tanah Jawa, sapa kang nyekel panguwasa nagara (ratu utawa Gupermèn) iku kang nduwèni bumi sauwongé.
Bumi iku diparingaké marang wong cilik supaya digarap, lan sapérangan pametuné katur marang ratu (Gupermèn).
Saka karepé GG. van den Bosch lebon sapérangan pametu iku disalini sapralimaning lemah kang ditanduri kopi, tebu, kapas utawa tom, lan wongé kang ora duwé panduman bumi, ditamtokaké nglakoni gugur gunung 66 dina ing dalem setahun, lan manèh lebuning wulu wetu iku isih bakal nganggo dibayar sethithik minangka ganjaran.
Dadi lebuning wulu wetu iku mau sejatiné minangka pajeg utawa landrente.
Petungané ora luwih tinimbang lebuning landrente pranatan Raffles.

Minister van Kolonien Tuwan Elout ora cocog karo panemuné GG. van den Bosch, nganti dilabuhi sèlèh enggoné dadi minister.
Déné Ratu Willem I ing Nederland, ngèngeti bangeting kekuranganing dhuwit nagara, kepeksa cocog lan karepé van den Bosch:
1. Wong Jawa dipeksa nandur tetanduran kang durung diweruhi, lan
banjur kètèr enggoné tetanèn dhéwé.
2. Dhuwit kang minangka ganjaran enggoné nglebokaké wulu wetu
mung sethithik, luwih luwih tumraping kopi, mangka sadurungé
telung tahun kopi mono durung kena diundhuh.
3. Panggaraping tanduran anyar iku akèh kang luwih abot tinimbang
panggaraping tanduran Jawa, upama: pari.
4. Tindaking para ambtenaar sok sawenang wenang; lemah kang
ditanduri tanduran Gupermèn iku dipihaké sing apik, tur luwih
saka sapralimaning palemahan lan liya liyané.
5. Landrente jebul iya isih ditindakaké.
Wong Jawa batiné mung dumunung mundhak kawruhé ing bab nenandur lan bathi mundhak kasregepané.
Tumraping Praja Nederland akèh bathiné, awit pametuning Cultuurstelsel wiwit tahun 1830 tekan tahun 1878 ora kurang saka 800.000.000 rupiyah.
Wong Jawa ora duwé wragad lan ora kober anggarap pasawahané, mulané dadi kamlaratané.
Ing sawatara panggonan malah nganti kambah ing paceklik lan palilan, kayata: Cirebon, Demak lan Grobogan (tahun 1818 - 1850).
Kang mengkono iku sejatiné iya ora diniyati déning para kang yasa Cultuurstelsel, lan wong ing negara Walanda akèh kang ora rujuk yèn tindaking Cultuurstelsel banjur sawenang wenang mengkono.
Sawisé tahun 1854 akèh kang mbudidaya amrih suwaking Cultuurstelsel lan gugur gunung.
Ing tahun 1865 tanduran tom disuwak mengkono uga tèh, manis jangan lan cochenil (nopal).
Mrica suwak tahun 1860, tembako tahun 1866, tebu tahun 1870.
Wet tahun 1915 nyuwak tanduran peksan kang isih kari, yaiku kopi.
Dadi wiwit ing tahun 1915 iku Cultuurstelsel wis ilang babar pisan.

Ana ing negara Walanda kana kang banget enggoné ngemohi Cultuurstelsel yaiku Tuwan Pandhita van Hoevell.
Ing tahun 1848 miturut owah owahaning Grondwet, Staten Generaal olèh panguwasa niti priksa tindaking Préntah Luhur tumrap Indhiya lan ngulat ulataké lebu wetuning dhuwit negara, lan manèh Staten Generaal dipasrahi netepaké Reglement ophet beleid der Regeering in Nederlandsch Indie (Regeeringsreglement) lan pranatan liya liyané.
Marga saka iku van Hoevell lan sagolongané bisa ngandaraké panemuné ana ing Tweede Kamer.
Regeeringsreglement tahun 1854 wis nyebutaké yèn kabutuhaning kawula Indhiya kudu diprelokaké dhisik lan kawula Indhiya mau sangkaning sathithik kudu didadèkaké bangsa kang nyekel pamaréntah dhéwé (zelfbestuur).
Regeeringsreglement iki tumekané saiki isih mengkono.

Bebarengan lan suwaking Culturstelsel ana pranatan pranatan anyar, kang becik, kayata: Pasar wis ora dipajegaké (marang Cina).
Ananing batur tukon lan sapepadané diilangi (tahun 1860) lan bab pangedolé candu dikuwasani Gupermèn dhéwé (opiumregie).
Ing tahun 1864 ana Comptabiliteitswest, netepaké yèn begrooting Nederlandsche Indie iku kang gawé Paréntah Indhiya bebarengan lan Paréntah Nederland sarta disahaké srana angger angger déning Staten Generaal.
Ing tahun 1870 ana Agrarische Wet, surasané: Gupermèn kena majegaké bumi kang durung tau digarap marang wong Walanda suwéné ing dalem 75 tahun.
Palemahané wong Indhiya ora kena didol marang wong kang dudu golonganing wong Pribumi, yèn ora srana lantaran Paréntah Gupermèn.
Marga saka iku:
1. banjur bisa ana kabudidayan kabudidayan gedhé.
2. Palemahané wong Pribumi ora gampang bisané tumiba ing tangané
wong liya lan wong Pribumi ora gampang kenané apus.
Pedagangan lan pelayaran bisa maju banget. Ing tahun 1870 anané pakumpulan palayaran kang dhisik dhéwé jenengé Stoom vaart Maatschappij "Nederland".
Ing tahun 1872 nalika GG. Loudon rawuh ing Indhiya wis prasasat kari nemu kapénaké, prakara prakara kang ndadèkaké rekasané wong Pribumi wis prasasat ilang.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar