Halaman Blog

Jumat, 11 Februari 2011

WIRID HIDAYAT JATI

( penjelasan tentang Wirid Hidayat Jati dlm bhs Indonesia ada di kolom komentar bawah )

nika warahing Hidayah Jati, ingkang nedahaken dunungipun pangkating ngelmi makripat, medal saking wirayating wiradat, wewejanganipun para wali ing Tanah Jawa. Sasedanipun Kanjeng Susuhunan ing Ampeldenta, sami karsa ambuka wewiridan ingkang dados wijining wewejanganipun suraosing ngelmi kasampurnan piyambak-piyambak. Wiyosipun inggih igu asal saking dalil, kadis, ijmak tuwin kiyas kados ingkang sampun kasebut wonten salebeting wiradat. Jangkeping ing murad maksuding wirid sadaya. Menggah papangkatanipun satunggal-tunggal kapratelakaken ing ngandhap punika.

Ingkang rumiyin : saangkatan kala jaman awalipun nagari ing Demak, para wali ingkang karsa amejang namung wewolu.

1.            Kanjeng Susuhunan ing Giri Kedhaton ; wewejanganipun wisikan ananing Dat.
2.            Kanjeng Susuhunan ing Tandhes ; wewejanganipun wedharan wahananing Dat.
3.            Kanjeng Susuhunan ing Majagung ; wewejanganipun gelaran kahaning Dat.
4.            Kanjeng Susuhunan ing Benang ; wewejanganipun pembukaning tata malige ing dalem Betalmakmur.
5.            Kanjeng Susuhunan ing Muryapada ; wewejanganipun pambukaning tata malige ing dalem Betalmukaram.
6.            Kanjeng Susuhunan ing Kalinyamat ; wewejanganipun pambukaning tata malige ing dalem Betalmukadas.
7.            Kanjeng Susuhunan ing Gunungjati ; wewejanganipun panetep santosoning iman.
8.            Kanjeng Susuhunan ing Kajenar ; wewejanganipun sasahidan.  

Ingkang kaping kalih : Ing saangkatan malih kala jaman akhiripun nagari ing Demak dumugi ing Pajang, para wali ingkang karsa amejang inggih namung wolu :

1.            Kanjeng Susuhunan ing Giriparapen ; wewejanganipun wisikan ananing Dat.
2.            Kanjeng Susuhunan ing Darajat ; wewejanganipun wedharan wahananing Dat.
3.            Kanjeng Susuhunan ing Atasangin ; wewejanganipun gelar kahananing Dat.
4.            Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga ; wewejanganipun pambukaning tata malige ing dalem Betalmakmur.
5.            Kanjeng Susuhunan ing Tembayat ; kalilan dening Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga amiridaken wewejanganipun pambukaning tata malige ing Betalmakmur.
6.            Kanjeng Susuhunan ing Padusan ; wewejanganipun pambukaning tata malige ing dalem Betalmukadas.
7.            Kanjeng Susuhunan ing Kudus ; wewejanganipun panetep santosaning iman.
8.            Kanjeng Susuhunan ing Geseng ; wewejanganipun sasahidan.

Dene wewejangan ingkang sampun kasebat ing nginggil punika suraosipun inggih nunggil kamawon, amargi sami wewiridan saking pamejangipun Kanjeng Susuhunan ing Ampeldhenta, sadaya.

Sareng dumugining jaman nagari ing Matawis (Mataram), panjenenganipun Nata Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, wewejanganipun wolung pangkat wau karsa kaimpun dalan saprabotipun pisan supados mutamdha ing suraosipun sadaya. Punika lajeng kababaraken dados wewejangan satunggal kemawon, sasampunipun mupakat kalihan kawruhing para ahli ngelmi, karsa dalem matah ingkang kalilan amridaken wewejangan makaten wau ing ngandhap punika : 

   1.      Panembahan Purubaya
   2.      Panembahan Juminah
   3.      Panembahan Ratu Pekik
   4.      Panembahan Jurukiting
   5.      Pangeran ing Kadilangu
   6.      Pangeran Kudus
   7.      Pangeran Kajoran
   8.      Pangeran Tembayat
   9.      Pangeran Wonggo  

Menggah wewejangan ingkang sampun kaimpun dados satunggal wau wiyosing sami, asal saking nenukilan bangsaning kitab tasawup sadaya. Urutipun satunggal-satunggal asasandhan daliling ngelmi minangka pitedahan anggenipun mratelakaken pangandikaning Pangeran Kang Mahasuci dhateng Kanjeng Nabi Musa kalamullah, manawi manungsa punika minangka kanyataning Dat Kang sifat Esa. Makaten wau ingkang kawedharaken dados witing ngelmi makripat, dados wewiridaning para Nata, para wali kala ing kina, lajeng dipun kiyas dhateng para pandhita dados bebukaning wewejanganipun piyambak-piyambak. Sareng kaimpun dados satunggal saking karsa dalem ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Agung ing Matawis punika mupakatipun suraosing ngelmi makripat ingkang kawejangaken sadaya. Wekasanipun ing ngalami-lami wewejangan wau punika wijang malih kados sanes-sanes suraosing pangawikan, margi saking kathahipun para wicaksana ingkang dados guru sami ambabaraken wewiridanipun piyambak-piyambak. Wonten ingkang miridaken praboting ngelmi makripat kamawon, malah terkadang wonten ingkang amedharaken patrapipun ngelmi telek kaliyan ngelmi patah sapanunggilipun ingkang bangsa ngelmi sesorongan sadaya.

Mila samangkedipunparsudi dhateng Kyageng Muhammad Sirullah ing Kedhungkol, inggih punika sakiduling Kedungpanganten, mawi ketengeran ing taun punika : Rongsogoto Wargo Sinuta, salebeting Alip, 1779 kadhawahan ilham linilan dening Pangeran Kang Maha Suci anata urut-urutaning ngelmi makripat, serat andunungaken ing murad maksudipun pisan anurut wewejangan wolung pangkat kakumpulaken dados satunggal, kados ing ngandhap punika.

1.            Wisikan Ananing Dat  (Ingkang rumiyin wejanganipun Kanjeng Susuhunan ing Giri Kadhaton )
    Wejangan punika dipun-wastani wisikan ananing Dat, awit dening pamejangipun kawisikaken ing talinga kiwa, wiyosipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang wiwitan, nukilan saking warahing kitab Hidayat khakaik, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, makaten jarwanipun :

    Sejatine ora ana apa-apa ; awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji ; kang ana dhingin iku ingsun, ora ana Pangeran Nanging Ingsun ; sajatine Kang Maha Suci anglimput ing Sipat Ingsun, anartani ing asman-Ingsun amratandhani ing apngal Ingsun.

2.            Wedharan Wahananing Dat (Wejangan ingkang kaping kalih, dening Kanjeng Susuhunan ing Tandhes)

      Wejangan punika dipun wastani Wedharan Wahananing Dat, awit dene pamejanganipun amarah urut-urutan dumadining Dat, sipat, wahanipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping kalih, nukilan saking sarahing kitab Dakaikalkaik.

      Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :

      Sajatine ingsung Dat kang Amurba Amisesa kang kawasa anitahaken sawiji-wiji, dadi padha sanalika, sampurna saka ing kodrat-ingsun. Ing kono wus kanyatan pratandhaning apngal-Ingsun kang minangka bebukaning Iradat-Ingsun. Kang dhingin Ingsun anitahaken hayyu aran Sajaratul yakin tumuwuh ing sajroning alam ngadammakdum ajali abadi. Nuli cahya aran Nur Muhammad, nuli kaca aran Mirhatulkayai. Nuli nyawa aran roh Ilapi, nuli damar aran Kandhil. Nuli sesotya aran Darah, nuli dhindhing jalal aran Kijab, iku kang minangka warananing Kalarat-Ingsun.

      
3.            Gelaran Kahaning Dat (Wejangan ingkang kaping tiga, dening Kanjeng Susuhunan ing Majagung)

      Wejangan punika dipun wastani gelaran kahaning Dat, awit dening pamejanganipun ambabar dados kanyataan anasiring dat sipat, inggih punika nalika Pangeran Kang Maha Suci karsa amujudaken sipatipun. Gumelar kahananipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping tiga, nukilan saking Kitab bayan Humirat mupakat kaliyan Kitab Bayan Alip, kitab Madinil Asror, kitab Makdinil Maklum, inggih punika bangsaning kitab tasawup sadaya. Sami amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah karaos ing dalem rahsa, makten jarwanipun ;

      Sajatine manungsa iku rahsaningsun, lan Ingsun iki rahsaning manungsa. Karana Ingsun anitahaken saka anasir patang prakara : 1. Bumi, 2. Geni, 3. Angin, 4. banyu. Iku kang dadi kawujudaning Sipatingsun, ing kono ingsun panjingi mudah limang prakara : 1. Nur, 2. Rahsa, 3. Roh, 4. Napsu, 5. Budi – iya iku minangka warananing wajahingsun Kang Maha Suci.


      Wejangan ingkang kaping sekawan, dening Kanjeng Susuhunan ing Benang
      
4.            Pambuka Tata Malige Ing Dalem Betalmakmur

      Wejangan punika dipun wastani ; kayektening kahanan Kang Maha Luhur, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Betalmakmur. Awit dening pamejangipun ambuka kodrat iradating Pangeran Kang Maha suci, anggenipun karsa anjenengaken maligening dat minangka Betullah wonthen ing sarahipun manungsa, punika sajatosipun dados pitedhah kayektrning kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dat Kang Maha Mulya langgeng boten kenging ewah saking gingsir saking kahanan jati.

      Kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping sekawan nungkilan saking sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah hayat ingkang kapisan karaosaken ing dalem rahsa, makaten jarwanipun ;

      Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Betalmakmur, iku omah enggineng Parameyaningsun, jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirahiku dimak, yaiku utek ; kang ana antraning utek iku manik ; sajroning manik iku budi ; sajroning budi iku napsu ; sajroning napsu iku suksma ; sajroning suksma iku rahsa ; sajroning rahsa iku Ingsun ; ora ana Pangeran, nanging Ingsun Dat Kang nglimputi ing kahanan jati

      
5.            Pambukaning Tata Malige Ing Dalem Betalmukaram (Wejangan ingkang kaping gangsal, dening Kanjeng Susuhunan ing Muryapada)

      Wejangan punika dipun wastani kayektening kahanan Kang Maha Agung. Inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Betalmukaram, awit dening pamejanganipun pambuka kodrat iradating Pangeran kang Maha suci, enggenipun karsa anjenengaken maligening Dat, minangka Betullah wonten ing dhadhaning manungsa.

      Kasebut ing dalem daliling dados pitedahan kayektening kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating dat kang Maha Mulya lenggah boten kenging ewah ginsir saking kahanan jati.

      Kasebut ing dalem daliling ngemi ingkang kaping gangsal, inggih ugi sami nukilan saking sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, ayat ingkang kaping kalih karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :

      Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Betalmukaram, iku omah enggoning Lalaranganingsun, jumeneng ana ing dhadhaning Adam. Kang ana ing sajroning dhadha iuk ati, kang ana ing antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jiemn, yaiku angen-angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana Pangeran, anging Ingsun Dat kang anglimputi ing kahanan jati.
6.            Pambukaning Tata Malige Ing Dalem Betalmukadas (Wejangan ingkang kaping enem, dening Kanjeng Susuhunan ing Kalinyamat)

      Wejangan punika dipun wastani ; kayektening kahanan Kang Maha Suci, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Betalmukadas, awit dening pamejangipun ambuka kodrat iradating Pangeran Kang Maha Suci anngenipun karsa anjenengaken maligening Dat, nmanagka Betulah katata wonten ing kontholing manungsa. Punika sajatosipun ugi dados pitedhahan kayektening kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dat Kang Maha Mulya, lenggah boten kenging ewah gingsir saking kahanan jati. Kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping enem, inggih ugi sami nukilan saking sarahing Kitab Insan Kamil. Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha suci dhateng Nabi Muhammad Rasulullah hayat ingkang kaping tiga, karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :

      Sajatine Ingsun nata malige sajroning Betulmukadas, iku omah enggoning Pasuceningsun, jumeneng ana ing kontholing Adam ; kang ana sajroning konthol iku pringsilan, kang ana antarane pringsilan iku nutpah, yaiku mani sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun ; ora ana Pangeran angin Ingsun Dat kang nglimputi ing kahanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam akadiyat, wahdat, wakidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajesam, alam insan kamil, dadining manungsa sampurna yaiku sajtining sipat Ingsun.

      
7.            Panetep Santosaning Iman (Wejangan ingkang kaping pitu, dening Kanjeng susuhunan ing Gunungjati)

      Wejangan punika dipun wastani panetep santosaning iman, abebuka sahadat jati, awit dening pamejangipun amangsit ingkang dados pikekahing pangandel kita, denira angestokaken dhateng kayektining gesang kita pribadi, manawi sampun tetep minangka tajalining Pangeran Kang Maha Suci sajati. Kasebeut ing dalem ijemak riwayating para wiliyullah, nukilan saking kadis makdus, salebeting bab maklumatul uluhiyah. Wiyosipun anyariyosaken kakekating tokid. Ingkang terus dhateng iktikad, pepiridan saking cipto sasmitanipun Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah ingkang kawangsittaken dhateng sayidina Ali, makaten jarwanipun :

      Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun.

      Menggah dunungipun makaten :

      ·        Ingkang dipun wastani Pangeran meniko dateng gesang kita pribadi. Sebab sajatosipun sagung asya sami kukum napi sadaya. Tegesipun asya ; sawiji-wiji, tegesipun napi ; boten wonten. Mila kasebut boten wonten Pangeran isbatipun inggih namung dating gesang kita pribadi. Tegesing isbat ; tetep. Dados teteping ingkang anyebut kaliyan ingkang sinebut Pangeran punika boten wonten sanesipun, suraos tunggal tanpawewangenan amung kaot lair batin kemawon.

      ·        Ingkang dipun wastani Muhammad punika sipating cahya kita, mila dipun basakaken utusan, amargi dados pangeran rahsaning dat, kawistara wonten ing netya, kados ingkang kasebut wonten ing dalil salebeting Kur’an makaten jarwanipun :

      Sayekti temen-temen teka ing sira kabeh , utusaning Dat metu saka ing awakira kang maha mulya, mungguhing utusan iku anembadani barang saciptanira ; yen angandel sayekti atuk sih pangapuraning Pangeran.

      Manawi sampun anampeni dalil Qur’an pangandikanipun Pangeran Kang Maha Suci makaten wau, dipun waskitha ing galih. Inggih gesangkita pribadi wahananing nugraha, kahananing kanugrahan. Nugraha punika dating Gustio, kanugrhan punika sipating kawula, tunggal tanpa wewangenandumunung wonten ing badan kita. Sampun uwas sumelang malih, sebab ingkang kasebut ing Kitab Insan Kamil amarah manawi namaning Allah punika inggih namaning Muhammad. Umpami sabet kaliyan warangkanipun. Ing mangke Allah minangka warangka, Muhammad minangka sabet ; ing tembe wewangsulan.

      Wisiyating guru ingkang amedharaken ngelmi panetep santosaning iman, kaprayogekaken sami anglampahana boten karsa dhahar ulam lembu. Kabar angsal paedah manjing dados puytra muridipun Kanjeng Susuhunan ing Kudus, kaidenan ingkang  dados saesthining galihipun.

      Wonten riwayating guru manawi amedharaken ngelmi panetep santosaning iman, ingatasipun amejang dhateng pawestri, wenang kawewahan makaten jarwanipun.

      Ingsu ankeseni, satuhune ora ana Pangeran anging ingsun, lan anekseni Ingsun, satuhune Muhammad iku utusan Ingsun Fatimah iku umat Ingsun.

      
8.            Sasahidan (Wejangan ingkang kaping wolu, dening Kanjeng Susuhunan ing  Kajenar )

      Wejangan punika dipun wastani sasahidan, awit dening pamejanganipun kinen asahida dhateng wahananing sanak kita. Inggih punika ananing dumadi ingkang gumelar wonten ing alam dunya, kadosta ; bumi, langit, wulan, lintang, latu, angin, toya, sapanunggalipun sadaya. Sami aneksenana yen kita mangkesampun purun angakeni “ Jumeneng Dating Gusti “ Kang Maha Suci, dados sipating Allah Kang sajati. Kasebut ing dalem kiyas wewarahing para pandhita, anggenipun amencaraken nukilan saking kadis mahdus, salebeting bab Maklumating Huluhiyah. Wosipun anartani ing panetep santosaning iman, dados panuntuning tokid ingkang ambontos dhateng iktikad. Inggih ugi pepiridan saking cipta sasmitaning Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah ingkang kawangsitaken dhateng Sayidina Ali, makaten jarwanipun ;

Ingsun anekseni ing Dat Ingsun dhewe,

      Satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun,

      Lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun,

      Iya sajatine kang aran Allah iku badan Ingsun

      Rasul iku rahsaningsun,

      Muhammad iuk rahsaningsun,

      Iya Ingsun kang urip tan kena ing pati,

      Iya Ingsun kang eling tan kena ing lali,

      Iya Ingsun kang langgeng ora kena gingsir ing sawiji-wiji,

      Iya Ingsun kang amurba amisesa, kang kawasa wicaksana

      Ora kekurangan ing pangerti,

       Byar sampurna padang tarawangan,

      Ora krasa apa-apa

      Ora ana katob apa-apa,

      Amung Ingsun kang anglimuti ing alam kabeh kalawan kodrat ingsun.    

      Menggah dunungipun makaten :

      Ingkang dipun wastani Pangeran punika Dating gesang kita pribadi, ingkang dipun wastani Muhammad punika sipating cahya kita pribadi. Manawi ingkang kasebut ing dalem dhikir “ La Illaha Ilulah, Muhammar Rasulullah “ tegesipun boten wonten Pangeran anging Allah, Nabi Muhammad punika utusaning Allah punika apngaling Rasul, dumunung ing badan kita. Rasul punika asmaning Muhammad, dumunung ing rahsa kita. Muhammad tuwin sipating cahya, dumunung ing gesang kita. Sajataning gesang kita punika, Dating Pangeran Kang Maha Suci. Kayektosanipun kasebat ing dalem daliling Al Qur’an, manawi Pangeran Kang Mahasuci punika kawasa amijilaken gesang saking pejah, wijiling pejah saking gesang, inggih gesang kita pribadi punika. Sayekti awit saking pejah, ing wekasan boten kenging pejah. Dipunbasakaken ; kayun pidareni. Tegesipun : gesang ing kaanan keakalih, wonten alam ing sahir kita gesang, wonten  ing alam kabir inggih gesang. Serta boten kasupen ing Dat kita kang agung, boten ewah gingsir ing sipat kita kang elok, boten kasamaran ing sama kita kang wisesa, boten krkirangan ing apngal kita kang sampurna, dados pepuntoning tokid ingkang ambontos dhateng iktikad. Sampurnaning gesang kita punika boten wonten karaos utawi tanpa katinggal punapa-punapa. Amung waluya sajati lajeng anglimputi ing alam sadaya ; sampun uwas sumelang.

      Wasiyating guru ingkang medharaken ngelmi sasahidan, kaprayogekaken sami anglampahana sampun ngantos anyebut Allah, kaisbatna anyebut Pangeran, kadosta : ing bebasan saking karsaning Allah, isbatipun saking karsaning Pangeran. Kabar pakantukipun ingkang sampul kalampahan asring kadhawahan ilham. Dados amewahi teranging pambudi, ananing wasiyating guru ingkang sami kawaleraken sadaya punika manawi kasupen boten dados punapa, sebab sajatosipun ingkang dados awisaning ulah ngelmi kasampurnan punika namung napsu. Manawi saged ambirat hawa napsu, saking adat kadunungan manah awas tuwin emut. Manawi tansah awas emut saestu manggih kamulyan ing sangkan paran sasaminipun kados riwayating para ahli ngelmi ingkang kasebut ing ngandhap punika :

  1. Taberi suci temen ;
Mangka pambirating durgandana ing tembe, tegesipun ; ganda awon.

  1. Angengirangi dhahar nginum
Mangka paluluhaning raga ingtembe

  1. Angawisi sare shawat
Mangka pangluyutaning jiwa ingtemb

  1. Anyenyuda napsu wuwus
Mangka panglenyepaning rahsa ingtembe

Manawi sampun lenyep rahsanipun, kabar dumugining delahan ing tembe lajeng layat dados cahaya gum, ilang tanpa wewayangan ing kaanan kita kang sejati. Punika sarehning kula dereng saged anglampahi piyambak, dados namung anyumanggakaken ing pamanggihing galih kemawon. Bokmanawi kalampahan makaten inggih wallahu alam katarimahipun.

5 komentar:

  1. Ajaran Tauhid dalam Wirid Hidayat Jati
    Dalam karya pujangga Ronggo Warsito (1802-1873) berjudul Wirid Hidayat Jati, beliau menjelaskan ajaran Tauhid. Terdapat beberapa tingkatan kesadaran dalam olah spiritual. Kesemua tingkatan tersebut sesungguhnya berawal dari Yang Satu dan tingkatan yang semakin ke bawah hijab atau penghalangnya semakin tebal, sehingga semakin jauh dari Yang Satu. Walaupun demikian, semuanya berada dalam Yang Satu jua. Apabila ada sesuatu yang berada di luar Yang Satu maka akan terjadi dualisme. Perpisahan dengan yang satu hanya merupakan ilusi.

    Tingkatan Pertama
    Dzat Tuhan tidak bernama, karena tidak ada satu namapun yang mampu mewakili keberadaan-Nya. Maka ia disebut Aku, Tuhan Sejati. Berdiri sendiri, tidak berawal, tidak berakhir, Maha Esa. Dia berkeinginan menciptakan makhluk agar makhluk tersebut mengenal-Nya.

    Tuhan menciptakan makhluk dengan Dzat-Nya, karena tidak ada dzat yang lain. Jadi makhluk bukan barang baru, namun sekedar penampakan dari rupa diri Tuhan. Alam ini bukan ciptaan, namun ada karena menemukan keadaannya, ibarat ombak yang menemukan keadaannya dari samudera. Ombak pada dasarnya adalah tidak ada, yang ada samudera. Makhluk pada dasarnya tidak ada yang ada hanya Yang Esa.

    Tingkatan Kedua
    Penurunan pertama adalah Nur Muhammad. Orang Islam menyebutnya sebagai Allah. Allah hanyalah nama untuk menyebut diri Tuhan. Sejatinya Tuhan sendiri tidak dapat dijangkau dengan nama. Nama untuk memudahkan pengenalan terhadap-Nya. Kalau manusia mengatakan Tuhan itu ada, maka ada yang mewadahi Tuhan, seperti mengatakan gelas itu ada, maka adanya gelas itu menempati ruang dan ruang lebih besar dari gelas. Itulah sebabnya para leluhur mengatakan Tuhan itu tan kena kinaya ngapa, tak dapat diperkirakan. Ada yang menyebutnya sebagai Keberadaan.

    Penampakan Tuhan dengan nama Allah ini sudah mengurangi kesempurnaan. Allah sebenarnya bersemayam dalam dzat-Nya. Penurunan ini bukan berarti bahwa Tuhan ada dua. Dia menampakkan diri dalam kualitas menurun agar mudah dikenal.

    Tingkatan Ketiga
    Dengan penurunan diri pun masih belum dikenal secara mudah. Tuhan menurunkan lagi menjadi bersifat kemakhlukan. Pada tahap kemakhlukan ini bersifat berpasang-pasangan sebagai cikal bakal penciptaan alam semesta.

    BalasHapus
  2. Tingkatan Keempat.
    Dari yang bersifat kemakhlukan ini terurai menjadi bagian-bagian halus yang belum nampak. Itulah alam arwah, roh-roh yang merupakan sumber kehidupan bagi tiap benda. Kehidupan merupakan syarat mutlak bagi makhluk untuk dapat mengenal Tuhan. Kehidupan alam semesta ini dapat disebut semu, karena telah terlepas dari kehidupan sejati dalam Dzat Tuhan. Kehidupan alam semesta ini ada awal dan ada akhirnya.

    Tingkatan Kelima
    Sumber kehidupan berupa roh ini tidak akan mampu mewakili keinginan Tuhan, jika tidak disertai sarana atau wadah. Tuhan menjadikan wadah bagi kehidupan tersebut. Tahapan keempat terurai menjadi bagian-bagian yang terpisah yang masih halus. Dalam alam ini manusia sudah ada namun berbentuk jiwa.

    Tahapan Keenam
    Pada alam ini, Tuhan menampakkan diri secara menyeluruh. Raga adalah perwujudan rupa diri-Nya. Perbuatan, nama, dan sifat alam semesta adalah Wajah-Nya.

    Tahapan Ketujuh
    Setelah mengetahui hakikat diri secara menurun ini, maka tahulah bahwa alam semesta pada hakikatnya adalah gambaran Rupa Tuhan. Manusia adalah makhluk yang paling sempurna, karena dibekali kemampuan untuk mendaki dan menyatu dengan dzat Maulana hingga menjadikan dirinya sebagai wakil Tuhan di dunia.

    Keterpisahan yang menimbulkan pertikaian
    Karena kealpaan menyadari jatidirinya, manusia merasa berdiri sendiri dan terpisah dengan lainnya. Mind, egolah yang menjadi sumber utamanya. Dengan menuruti egonya manusia menjadi serakah dan bertikai dengan lainnya. Dengan merasa bisa berpikir sendiri maka manusia bertindak tidak selaras dengan alam. Seharusnya manusia bertindak selaras dengan alam. Alam pun sejatinya tidak ada, maya dengan hijab paling tebal, yang ada hanya Dia. Laa Illaha Illallah, tidak ada yang lain selain Dia. Ya Tuhan lindungilah kami dari godaan mind yang menyesatkan!

    BalasHapus
  3. Terjemahan tambahan tentang Wirid Hidayat Jati:

    Serat Wirid Hidayat Jati
    Anggitanipun Panjenenganipun Raden Ngabehi Ranggawarsita
    Kapethil saking serat Jawi Kandha ing Surakarta Hadiningrat tahun 1908

    Ditulis oleh Raden Ngabehi Ronggowarsito
    Dipublikasikan dari Serat Jawi Kanda di Surakarta, dan dicetak oleh N.V. Mij. t/v d/z ALBERT RUSCHE & CO., Surakarta tahun 1908.

    Aneka pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dunung lan pangkating kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh kasampurnan, tutuladhan saking Kitab Tasawuf, panggêlaring wêjangan wau thukul saking kawêningan raosing panggalih, inggih cipta sasmitaning Pangeran, rinilan ambuka wêdharing pangandikaning Pangeran dhatêng Nabi. Musa, Kalamolah, ingkang suraosipun makatên: Ing sabênêr-bênêre manungsa iku kanyatahaning Pangeran, lan Pangeran iku mung sawiji.

    Inilah sebuah petunjuk yang benar yang menjelaskan tentang ilmu sirr kesempurnaan hidup, yang berakar dari ajaran para ahli hikmah di tanah Jawa, yang hendak membuka hakikat kesempurnaan sejati, sebuah pelajaran dari kitab Tasawuf, tersingkapnya ajaran ini terpancar dari kebersihan jiwa heningnya alam pikiran, yaitu tanggapnya rasa atas cipta Tuhan, dengan ihlash mengawali pelajaran ini yakni dengan menukil Firman Allah kepada Nabi Musa AS yang bermakna : Yang sebenar- benar manusia itu adalah kenyataan (adanya) Tuhan, dan Tuhan itu Maha Esa.

    Pangandikaning Pangeran ingkang makatên wau, inggih punika ingkang kawêdharakên dening para gurunadi dhatêng para ingkang sami katarimah puruitanipun. Dene wontên kawruh wau, lajêng kadhapuk 8 papangkatan, sarta pamêjanganipun sarana kawisikakên ing talingan kiwa. Mangêrtosipun asung pêpengêt bilih wêdharing kawruh kasampurnan, punika botên kenging kawêjangakên dhatêng sok tiyanga, dene kengingipun kawêjangakên, namung dhatêng tiyang ingkang sampun pinaringan ilhaming Pangeran, têgêsipun tiyang ingkang sampun tinarbuka papadhanging budi pangangên-angênipun (ciptanipun).

    Firman Allah yang demikian ini yang diajarkan oleh para ahli (mursyid) kepada sesiapa yang diterima penghambaannya(salik). Dimana ajaran itu, kemudian teringkas menjadi 8 hal, penyampaiannya dengan cara membisikkan ke telinga murid sebelah kiri. Pemahaman semacan ini memberikan pengertian bahwa ilmu 'kasampurnan' ini tidak seyogyanya diajarkan kepada sembarang orang, kecuali kepada orang-orang yang telah mendapat hidayah dari Allah SWT, artinya orang yang telah tercerahkan dirinya (ciptanya).

    BalasHapus
  4. Awit saking punika, pramila ingkang sami kasdu maos sêrat punika sayuginipun sinêmbuha nunuwun ing Pangeran, murih tinarbuka ciptaning sagêd anampeni saha angêcupi suraosing wejangan punika, awit suraosipun pancen kapara nyata yen saklangkung gawat. Mila kasêmbadanipun sagêd angêcupi punapa suraosing wêjangan punika, inggih muhung dumunung ing ndalêm raosing cipta kemawon.

    Maka dari itu, barang siapa yang sudi membaca tulisan ini seyogyanya berlandaskan permohonan kepada Allah, agar kiranya dapat terbuka ciptanya hingga mampu menerima dan memahami maknanya, karena makna dari ajaran ini ternyata sangat rumit/berbahaya. Maka bisanya memahami ajaran ini tidak lain hanya berada di dalam cipta - rasa pribadi.

    Mila inggih botên kenging kangge wiraosan kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos, inggih ingkang dereng kêparêng angsal ilhaming Pangeran. Hewa dene sanadyana kangge wiraosing kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos, wêdaling pangandika ugi mawia dudugi lan pramayogi, mangêrtosipun kêdah angen mangsa lan êmpan papan saha sinamun ing lulungidaning basa.

    Maka tidak boleh kiranya untuk didiskusikan dengan orang yang belum sampai atau belum mengunggal rasanya dengan kita, yaitu orang yang belum menerima hidayah dari Allah SWT. Walau demikian seandainya harus disampaikan kepada orang yang belum sampai, hendaknya disampaikan dengan sangat hati-hati, melihat situasi- kondisi, waktu dan tempat yang tepat serta disampaikan dengan kiasan bahasa yang indah.

    Mênggah wontêning wêwêjangan 8 pangkat wau, kados ing ngandhap punika:

    Delapan wejangan tersebut di atas, sebagaimana di bawah ini:

    I.1. Wêwêjangan ingkang rumiyin, dipun wastani: pitêdahan wahananing Pangeran, sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng Nabi Mohammad s.a.w. Makatên pangandikanipun: Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhihin iku ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun sajatine kang urip luwih suci, anartani warna aran lan pakartiningsun (zat, sifat, asma, af’al).

    I.1 Wejangan yang pertama, disebut pelajaran akan sifat-sifat Allah. Sebagaimana firman Allah kepada Nabi Muhammad SAW yang bermakna kurang lebih begini: Sesungguhnya tidak ada apa-apa tatkala sebelum masa penciptaan, yang ada (paling awal) itu hanya Aku, tidak ada Tuhan kecuali Aku yang Hidup dan Maha Suci baik asma maupun sifatKu (dzat, sifat, asma, af'al).

    BalasHapus
  5. I.2. Mênggah dunungipun makatên: kang binasakake angandika ora ana Pangeran anging ingsun, sajatine urip kang luwih suci, sajatosipun inggih gêsang kita punika rinasuk dening Pangeran kita, mênggahing warna nama lan pakarti kita, punika sadaya saking purbawisesaning Pangeran kita, inggih kang sinuksma, têtêp tintêtêpan, inggih kang misesa, inggih kang manuksma, umpami surya lan sunaripun, mabên lan manisipun, sayêkti botên sagêd den pisaha.

    I.2. Yang dimaksud begini: Yang digambarkan tiada tuhan kecuali aku, hakekat hidup yang suci, sesungguhnya hidup kita ini adalah melambangkan citra Allah, sedang nama dan perbuatan kita itu semua berasal dari Kemahakuasaaan Allah, yang 'menyatu' ibarat matahari dan sinarnya, madu dengan manisnya, sungguh tiada terpisahkan.


    II.1. Wêwêjangan ingkang kaping kalih, dipun wastani: Pambuka kahananing Pangeran, pamêjangipun amarahakên papangkatan adêging gêsang kita dumunung ing dalêm 7 kahanan, sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng Nabi Mohammad s.a.w. Makatên pangandikanipun: Satuhune ingsun Pangeran sajati, lan kawasan anitahakên sawiji-wiji, dadi padha sanalika saka karsa lan pêpêsteningsun, ing kono kanyatahane gumêlaring karsa lan pakartiningsun, kang dadi pratandha.

    II.1 Wejangan yang kedua adalah : Pengertian adanya Allah., Wejangan ini mengajarkan bahwa elemen hidup kita ini berada pada 7 keadaan, sebagaimana firman Allah kepada Muhammad SAW yang maknanya begini: Sesungguhnya Aku adalah Allah, yang berkuasa menciptakan segala sesuatu dengan kun fa yakun dari qodrat dan iradatKu, yang demikian ini menjadi pertanda bahwa Allah Maha Kuasa atas segala sesuatu.

    II.2. Kang dhihin, ingsun gumana ing dalêm awang-uwung kang tanpa wiwitan tanpa wêkasan, iya iku alam ingsun kang maksih piningit.

    II.2. Yang pertama, Aku ada dalam ketiadaan yang tanpa awal serta tanpa akhir, itulah alamKu yang Maha Gaib.

    II.3. Kapindho, ingsun anganakake cahya minangka panuksmaningsun dumunung ana ing alam pasênêdaningsun.

    II.3. Kedua, Aku mengadakan cahaya sebagai manifestasiKu, berada dalam kehendakKu.

    II.4. Kaping têlu, ingsun anganakake wawayangan minangka panuksma lan dadi rahsaningsun, dumunung ana ing alam pambabaraning wiji.

    II.4. Ketiga, Aku menciptakan bayang-bayang sebagai pertanda citraKu, yang berada pada alam kejadian/penciptaan (mula-jadi).

    II.5. Kaping pat, ingsun anganakake suksma minangka dadi pratandha kauripaningsun, dumunung ana ing alaming gêtih.

    II.5. Keempat, Aku mengadakan ruh sebagai pertanda hidupku, yang berada pada darah.

    II.6. Kaping lima, ingsun anganakake angên-angên kang uga dadi warnaningsun, ana ing dalêm alam kang lagi kêna kaumpamaake bae.

    II.6. Kelima, Aku mengadakan angan-angan yang juga menjadi sifatku, yang berada pada alam yang baru boleh diumpamakan saja.

    II.7. Kaping ênêm, ingsun anganakake budi, kang minangka kanyatahan pêncaring angên-angên kang dumunung ana ing dalêm alaming badan alus.

    II.7. Keenam, Aku mengadakan budi, yang merupakan kenyataan penjabaran angan- angan yang berada pada alam ruhani.

    II.8. Kaping pitu, ingsun anggêlar warana kang minangka kakandhangan sakabehing paserenaningsun. Kasêbut nêm prakara ing dhuwur mau tumitah ana ing donya iya iku sajatining manungsa.

    II.8. Ketujuh, aku menggelar akal sebagai sentral/wadah atas semua ciptaanku. Enam perkara tersebut di atas tercipta di dunia yang merupakan hakikat manusia.

    BalasHapus